You are on page 1of 2

Kumbakarna ditimbali dening Prabu Dasamuka kinen madeg senapati ngrabaseng

prajurit Pancawati, andhahane Prabu Rama. Rangu-rangu atine awit dheweke ngerti
jalarane Prabu Ramawijaya ngebroi Ngalengka. Ora liya amarga srakahe Prabu
Dasamukangrebut garwane Prabu Rama, ya Dewi Sinta. Tumindake pun kakang pancen
nalisir saka bebener. Ananging menawa ngelingi bumi Ngalengka, bumi wutah getihe sing
bosah-baseh uga para kawula sing nandhang sengsara dadi kurban paprangan, tuwuh tekad
sing mkantar-kantar jroning wardaya kanggo bela negarane.

Dewi Kiswani, garwane Kumbakarna ora kuwawa ngumpet tumetesing waspa nalika
dipamiti lan diutus nyepakake ageman warna seta.

“kakngmas, kula sampun kecalan anak-anak kula Kumbawaswani tuwin Kumba-Kumba.


Kula boten purun kecalan paduka, Kangmas!” ature kebak sungkawa marang Raden
Kumbakarna.

“Yayi, pati urip iku ing astane Kang Akarya Jagad, yen pun kakang tiwas ing rananggana.
Ateges iku pepesthen kang ora bisa diselaki. Ananging yen kakang selak saka jejibahan iki
marang bumi Ngalengka sing wis menehi panguripan? Mula sanadyan nganti oncating
nyawa tetep kudu dakbelani!”

Sawise krungu ngendikane garwane iku Dewi Kiswani tinarbuka atine lan ngutabake
kanthi lega lila.

Bala wanara prajurite Prabu Rama kuwalahan nampani tandange Kumbakarna kang
ngedab-edabi. Sanadyang mangkono ora padha gisrig, saya akeh sing ngrubut. Ana sing
nyathek, nyokot mlah uga mancat ngrangsang sirah. Kurban saya akeh, nganti keprungu
bendhe tinabuh aweh tetenger supaya padha mundur. Sawijining satriya marani Raden
Kumbakarna.

“Yayi Wibisana!” pambengoke Kumbakarna bareng ngerti satriya iku jebul rayine.

“Kakang” kakang adhi iku rerangkulan kebak rasa sedhih. Wibisana tinudhung dening
Dasamuka sesawise babaregan karo Kumbakarna elik-elik supaya ora meruhi tumindak
angkara murkane kaknge sing saya ngambra-ambra. Ora dinyana kepethuk ing madyaning
palagan.
“Sangertos kula kakang Kumbakarna tansah mbelani dhareng kautaman. Kenging menapa
sakpunika kakang madeg dados senapati mbelani Prabu Dasamuka ingkang ateges mbelani
kamurkan?” ature Wibisana.

“Dadi kaya ngono pangiramu marang pun kakang? Aku maju ing palagan iki amarga
nglungguhi darmaning satriya kang kudu bela negara. Perkara tumindake Prabu Dasamuka
iku dudu tanggung jawabku. Nanging rusake negara ngalengka, aku ora bisa nrimakake!”
Wibisana ndheprok nyuwun pangapura awit wis duwe pandakwa ala.

“Wis.. wis dhi ora dadi apa. Lha kowe dhewe kok ana kene larahe kepriye?” pitakone
kumbakarna. Wibisana nyritakake yen sawise ditudhung Dasamuka banjur nyuwita marang
Prabu Rama.

“Boten ateges kula cidra dhateng nagari Ngalengka, kakang. Nanging kula kedah netepi
darmaning satriya ingkang tansah mbela dhateng sinten ingkang leres!” ature Wibisana.
Kakarone krasa nggrentes atine kudu adhep-adhepan minangka mungsuh.

“Jagad Dewa Bathara wis dadi garising Jawata kita kudu kaya ngene. Kowe ora luput, Dhi!
Antepana dharmamu kaya dene aku netepi dharmaku! Aturana supaya ngayunake yudaku,
kareben perkerene enggal rampung!” wibisana nyawang kakange kanthi trenyuh, atur
sembah nuli mungkur.

Kumbakarna klakon adhep-adhepan karo Prabu Rama. Durung kober senapati


Ngalengka iku ngrangsek, kedhisiksan panahe Rama wola-wali mutung tangane banjur
siskile. Saengga kari sirah lan gembung. Ewa semana ora luntur tekade Kumbakarna gawe
pepati seakeh-akehe. Dumadakan sanjatane Prabu Rama panah Gunawijaya, ngrampungi
krodhane Kumbakarna. Kumbakarna gugur.

NAMA :BANIK HASNIAR M


NO :08
KELAS :XC

You might also like