You are on page 1of 1

Nama : M.

Zadda Al-Savero No : 19

Kelas : XII IPS 4 PASRAH PANINGSET

Assalamu'alaikum wr.wb. Kula Nuwun, Bpo.......... sekalian hingkang winengku hing pakurmatan. Sowan kula dipun saroyo Bpo......... kekalih,saking......... kadhawuhan matur hing ngarsa panjenengan. Atur hingkang kapisan, Kula hangaturaken salam wilujengipun Bpo......... kekalih,mugi katur Bpo......... sekalian,sinartan pamuji mugi Bpo......... sakulawarga tansah hamanggyo suko basuki. Hingkang kaping kalih, Kadhawuhan hangantepaken rembag ingkang sampun gumalong hanggenipun Bpo......... kekalih,badhe mundut mantu putra estri panjenengan pun Rr......... badhe kajodhokaken kalian pun Bg......... anak jaleripun Bpo......... kekalih, Hingkang punika kula kadhawuhan haningseti rembag sesambetanipun Rr......... kalian pun Bg......... Kajawi punika kula ugi kasaroyo hangaturaken Abon-Abon sawatawis minangka rerangkening paningset, mugi Bpo......... keparenga hanampi. Dene menggah kalajenganing lampah jejodhoanipun lare kekalih punika kula hamung sumonggo hing keparengipun Bpo......... sekalian. Dene minangka pungkaning atur kula, kula nyuwun pangapunten sedaya kekirangan kula nalika kula matur saha sowan. Sepisan malih kula nyuwun pangapunten. Hing wasana cekap semanten atur kula, Wassalamu'alaikum wr.wb. Nuwun.

You might also like