You are on page 1of 7

darah kotor

Jaka Kendil Kacarita ing jaman biyn ing dsa Dhadhapan, cedhak alas, adoh kutha. Ana mbok randha lan anak lanang kang rada nylenh, rada anh. Iya merga saka aran dsa mau, wong wadon mau diarani Mbok Randha Dhadapan. Dn anak lanang disebut Jaka Kendhil. Gnya dijenengi Jaka Kendhil? Awit si Jaka wangun memper kendhil. Sejatin anak Mbok Randha Dhadapan iki anak temon. Sawijining jejaka kang mlu numpang urip ing dsa Dhadapan kono. Mbok Randha Dhadapan diloni bocah mau, tiba kebeneran. Awit kena kanggo rwang tandhang gaw lan kena kanggo kanca omong-omongan. Panggaotan Jaka Kendhil golk kayu rancak menyang alas. Pang-pang garing olh luru ing alas mau diklumpukak digawa mulih. Sing gedh-gedh

dning mbok randha di edol ing dsa krajan utawa menyang cedhak pasar. Pepayon dienggo tetuku barang kaperluwan sing dadi kebutuhan saben dinane. Jaka Kendhil ora tau adol kayu. Jaren isin digeguyu dning wong akh. Senengan mung menyang alas golk kayu, golk godhong jati garing utawa mbedhak kwan alas. Uga kerep njodhok, mikat manuk. Yn ana ngomah reresik omah lan sakiwa tengen. Utawa mung ana njero senthong, ngebleng. Kaya-kaya mung semdi, ndedonga marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ing sawijining dina Mbok Randha Dhadapan kaget lan ngungun, iya campur adhuk dadi sedhih. Awit Jaka Kendhil duw panjaluk. Panjaluk sing nganhanhi lan kaya dn cbol nggayuh lintang. Dhwk njaluk rabi. Dn sing dijaluk yaiku salah sawiiining putri raja ing Kedhiri. Tinimbang sedhih nggrantes lan jibeg, mula Mbok Randha Dhadhapan nkad minangkani panjaluk

anak. Kaya-kaya nglulu marang anak. Jaka Kendhil diajak pisan. Supaya dimangertni saanan, sanyatan. Ing temb mburin aja nganti dadi prakara kang ngambra-ambra. Gancaring carita Mbok Randha Dhadhapan lan Jaka Kendhil wis marak sowan ing pasban kraton. Raja Kedhiri lan sang pramswari, sarta putri-putrin ndhrk ing pasban. Sawentara nayaka praja ana kang ngrawuhi pisowanan mau. Sawis pendangon, Mbok Randha matur niyat kajad. Kanthi ngaruara lan nyuwun ngapura sarta wani dipidana. Awit olh kurang tata. Ratu kang wicaksana nuli ndangu ingkang putra wiwit pambarep, panengah, nganti wuragil. Putri pambayun karo mlngos ndeleng Jaka Kendhil. Nuli matur marang raman yn dhwk emoh dilamar wong kaya mangkono iku. Lungguh ngalih ana ing saburin ibusuri.

Putri panengah matur marang raman, yn putri raja iku mesthin nampa lamaran lisaka pangran, yaiku putran raja. Dadi saimbang. Nuli nututi mbak ayun ana ing samburin ibu ratu. Putri ragil didangu Kanjeng raman. Nuli matur apa kepareng ndangu marang Jaka Kendhil. Bareng kalilan, Dewi Ragil Kuning nuli mbedhki Jaka Kendhil. Kanthi tatag tanpa rangu-rangu, Dewi Ragil Kuning ngendika: Ki sanak, apa sejatin sing dak asta iki? Gusti Prabu sesembahanipun para abdi-kawula sagung, ing Daha punika, keparenga abdi dalem kawula matur dhumateng penjenganipun Gusti Kusumadewi. Lantip tajem pamirsa panjenganipun Gusti Putri. Ing sakawit katon wingka, nanging punika kencana rukmi. Kencana katon wingka. Ingkang Gusti Putri Dewi asta punika golek kencana.

Bareng regeman dibukak, pecahan gendheng, wingka mau saiki dadi golkan saka emas. Sang putri kaget. Nyata-nyata golek kencana. Adhuh rama prabu, adhuh ibu pramswari! Dhuh Gusti ingkang murbeng dumadi. Sadaya wonten ing asta paduka. Purba wassa namung ndhrk karsa dalem. panguwuh Dewi Sekartaji. Ki sanak. Kula gadhah sesup ical. Wonten pundi dunungipun lan punapa titikanipun, putri ragil andangu Jaka Kendhil. Gusti Kusumadewi, bilih sesup punika yektos ical pun Jaka Kendhil boten sagah matur. Awit mesakaken ingkang kapanggenan sesup punika, saged kapidana, sebab ndarbni barang ingkang sans gadhahanipun. Cekak cukup, Ki Sanak bisa nuduhak ana ngendi panggonan, utaman bisa nggawa bali ing ngarsaku.

Saking kepareng paduka, saha awit garising Hyang Widhi, kuwula sagah ngaturaken pamundhut paduka, sesup kencana rukmi ingkang rinengga ing sesoca inten gunung sapikul. Boten sisah mbenjing enjing, utawi mangke dalu. Sapunika badh kawula caosaken. Iya Ki sanak enggal-enggal ulungna marang aku. Dak titi priksan. Sawetara mriksani ali-ali lan sing nyaosak. ngunandika, Gonta-ganti Ora anggon mriksani. Nuli Bener salah panggraitaku.

pamawasing batinku. Ki sanak, ali-ali iki kagungan kedhaton Daha, ageman putri-putri Kedhiri. Yagn mung kobuntel, koslempitak gombal apek kaya klambimu kuwi. Kudun koanggo, kaya mula bukan ali-ali iki ana ing drijimu! Mara majuwa Jaka Kendhil!Ali-ali iki bakal dak balkak marang racikan sang Arya Kusuma Inu Kertapati.

Nalika singsim iku cumondhok ing racikan Sang Panji Asmarabangun, mahanani gebyaring cahya kadya thathit tanpa geter pater. Sakala Jaka Kendhil malih rupa salin salaga dadi Prabu Asmarabangun. Ing paswakan padha kami tenggengen, gawok ngungun. Sagung pasangan mripat tumuju marang Radn Saputra, iya Panji Asmarabangun, R.Panji Inu Kertapati lan Dewi Ragilkuning. Kekaron nuli sendheku sujud sungkem marang Sang Prabu, ibu pramswari lan kadang tuwa. Kekaron kadya Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih tumurun ing ngarcapada, sba ing paswakan kraton Kedhiri. (ds. andika)

You might also like