You are on page 1of 3

darah kotor

R. Werkudara Nalika nom-noman jeneng R. Bratasna. Satriya Jodhipati iki akh peparab : Arya penenggak Pandhawa, Bayuputra, Bima, Bimasna, Wijasna, Ballawa, Sna, Birawa, Dandum wacana, Nagata, Kusumayuda, Kusumadilaga, Pandhusiwi. Pandhusiwi utawa Pandhuputra, teges siwin utawa putran Prabu Pandhu, Prabudwanata ratu ing Ngastina. R. Werkudara lair saka Ibu Dewi Kunthitalibrata. Diarani Bayuputra amarga titisan Bathara Bayu, Dwa Angin. Garwan telu lan putran iya ana telu, yaiku Dewi Nagagini apeputra R. Arya Antasna, Dewi Arimbi apeputra R. Bambang Tutuka iya R. Gathutkaca. Dn karo Dewi Urang Ayu kagungan putra R. Arya Antareja. Putra telu mau duw kaluwihan dhw-dhw lan kabh padha digdaya, sekti mandraguna. R. Gathutkaca

bisa mletik tanpa sothang, ngambah gegana. Bisa mabur tanpa swiwi Kaluwihan R. Arya Antareja bisa ambles ing sajroning bumi. Sarta R. Antasena bisa nyilem ing sajroning banyu utawa segara. Watak wantun R. Werkudara yaiku gagah prakosa. Teguh kukuh tekad, kuwat lan rosa, mula tabah ngadhepi tantangan lan karuwetan. Tundhuk lan patuh, sarta lugu lan jujur. R. Werkudara marang sapa ba, klebu marang raja lan dwa ora tau nganggo basa krama. Nanging isih ngenggoni ing tata krama lan unggah-ungguh. Dadi basan iya basa ngoko alus. Watak lan sifat-sifat tarwaca ing agem busanan nganggo ukel, gelung pudhak saegal, nggambarak kaluhuraning budi. Pupuk Jarotasem, nuduhak yn Bima iku lembut atin, sabar lan sarh. Dn sumping Surngpati awh sasmita gedh semangat. Kelat bahun aran candrakirana, nggambarak pikiran kang kuwat sarta ati kang padhang. Sabuk naga banda andhuwni teges bisa ngendhalni hawa napsun.

Ngagem Celana Cindh Udaraga, kang mratandhani kendel, mawas dhiri, lan tepa slira. Pagelaran wayang lakon Dwa Ruci. R. Werkudara digembleng dadi satriya utama. Lakon iki akh piwulang kang adi luhung tumrap dhiri pribadi lan bebrayan. Gegaman R. Werkudara sing utama yaiku Pancanaka. Arupa kuku sing landhep kaya lading penyukur. Sing awujud gada yaiku gada Lukitasa lan gada Rujakpala. Sing wujud tumbak cendhak aran Alugara. Dn Bargawa sing rupa kampak gedh. Bargawasastra aran panah lan gandhwan. Ajiaji Bandhung Bandawasa (pikiran lan tangan kuwat banget). Aji Kethuglindhu (bisa mlaku cepet banget kaya angin lan bisa agaw getar peter). Ana manh ajiajin sing aran Blabag Pengantol-antol.

You might also like