You are on page 1of 4

Satriya Saka Surabaya

Padhukuhan Lidhah kala semana, kasebut ana ing dongeng. Lidhah iku klebu kademangan Driyo, apa Benowo, apa Menganti ora ana katrangan sejarah sing bisa mnhi kapasthian mung disebutak padhukuhan ing wewengkon kadipatn Surabaya. Ki Wangsadrana kang manggon ing padhukuhan Lidhah lagi ngadhepi swasana sing nyenengak nanging uga agaw bingung pawongan wargan Ki Wangsadrana. Sanajan Ki Wangsadrana dhw wis umur, uga nglurahi wong-wong kampung Lidhah iya katut bingung. Luwih-luwih Nyai Wangsadrana arep olah-olah ana pawon, ora tga ninggalak anak wadon sing lagi nglarani. Manut tungan pancn wis 9 sasi lan punjul 10 dina, Dwi Sangkrah anggon ngendhut. Dadi wis titi wancin jabang bayi sing ana kandhutan lair. Nanging ora kena semono. Titi wanci lair iku minangka pepesthn, manut garis tulis sing gaw urip, Gusti Kang Murbng Dumadi. Mak, tunggonana a anakmu si Rara Blngoh. Manut ptungan, pancn wis titi wancin awak dhw nampa putu. Mulan senengsenengna awakmu lan bombongen Dwi Sangkrah supaya bisa nglairak kanthi lancar, gangsar. Aja lali tansah nyadhong sing wilasa marang Gusti, sluman slumun slamet, kandhan Ki Wangsa marang bojon lan uga dirungu dening Rara Blengoh sing arep nglairak. Olh kandha kanti swara sing manteb, kaya-kaya iya nuturi marang awak dhw, marang atin dhw.

Cekaking dongng dicritakak Dwi Sangkrah iya Rara Blengoh nglairak anak lanang kanthi gangsar lan slamet. Bayi lair katon seger waras, sumringah, bagus sulistya. Ora kaya bayi-bayi liyan ing dsa kono. Putu lanang iki dning mbah nang lan mbah dok Wangsadrana ditengeri jeneng Jaka Berek. Jaka tegese bocah lanang. Berek kanggo ngeling-eling anggon ngantu-antu laire si jabang bayi, Nyai Wangsa nganti kelalen ora bisa olah-olah. Iwak sing bakal diolah nganti berek, nganti buthuk ora kemasak. Gancaring carita Jaka Berek tambah dina tambah gedh, tambah pinter, ana-ana ba akal. Tuwuhing nalar lan akal (ana akal), bda karo kanca-kancan, ya ora maido awit bocah sing kepama. Tresnan Dwi Sangkrah kasok mung marang si Jaka. Dn Ki Wangsa lan Nyi Wangsa kala-kala iya rada keladuk anggon nresnani putu lanang. Putu sing cedhak marang simbah, dadin bocah ugungan, wis kalumrah. Mula Ki Wangsadrana tansah ling lan nyandhet lelakon. Kanthi prihatin lan nyenyuwun ing ngarsan Gusti supaya putun dadi wong sing migunani murakabi marang bebrayan, aja nganti mitunani lan agaw susahing liyan. Wiwit remaja nganti tumapaking diwasa. Jaka Berek ing kaya salumrah remaja ing mangsa kuwi. Nanging pancn anduwni pangaribawa tinimbang kancan. Kesenengan ngopni pitik jago lan adu jago dadi pakulinan sing ora bisa diselaki. Jagon Jaka Berek umum menangan. Utaman jago-jago sing ules wiring galing. Suw-suw jeneng Jaka Lidhah, apa dn Jaka Berek Kasilep, kasaput dning peparab Sawunggaling. (basa kraman jago = sawung, sawunggaling =jago sing ules wiring galing).

Tekan ngendi-endi kondhang aran Sawunggaling yaiku nomnoman saka Lidhah kang bagus pideksa. Sing jagon wiring galing kena dipesthkak tansah menangan ana ing kalangan ing adon jago. Kumandhang pawarta saya adoh, saya jembar teban. Sawungggaling dikenal nganti tekan Karangpilang, Gunungsari, Wonokromo, tumekan Surabaya. Nanging isih luwih adoh lan jembar manh teban pikiran lan atin Jaka Lidhah, iya Jaka Berek. Pitakon marang Ki Wangdadrana durung olh wangsulan sing pas, sing agaw marem ati kang tinemu nalar. Pitakon iku tansah ngranuhi batin ing siang pantaraning ratri. Sapa sejatin bapakku? Temahan wong telu padha blaka. Sapa sejatin wong tuwan Jaka Lidhah, iya Jaka Berek, utawa Sawunggaling iku. Sawunggaling dililani madhep sowan marang kadhipatn Surabaya. Sawunggaling budhal menyang kutha Surabaya sarana nganti jago andelan. Uga, barang tetenger sak Adhipati Jayngrana kang diparingak marang Rara Blengoh, ibun. Sinengkuyung ing donga puji rahayu widada Sawunggaling madhep manteb kang sinedya, golong-gilig tekad. Lakun gangsar lancar. Ora rinasa wis tekan ing alun-alun kadhipatn Surabaya. Nalika iku lagi ana adon-adon jago. Jago-jago sing wis tarung padha kalah karo jagon Sawungrana lan Sawungsari. Satriya loro iki putran Adhipati Jayngrana. Mula bareng wis sarembug jagon Sawunggaling diedu tarung mungsuh jago saka kadhipatn. Jagon Sawunggaling menang. Kagawa saka isin, Sawunggaling ditendhang dning Sawungrana. Sawunggaling iya banjur tandang, ngladeni kridhan Sawungrana. Meruhi kahanan mau Sawungsari iya banjur melu tawur, ngrubut Sawunggaling.

Sawungrana lan Sawungsari kasoran. Nalika semana Adhipati Jayngrana rawuh ing kono. Pancakara bisa ditengahi. Sawunggaling didangu dning adhipati Jayngrana matur apa anan lan ngaturi priksa barang kang diparingi ibun. Sawis dititi priksa, pranyata bener! Satriya telu mau nuli dikanthi mlebu ing kadhipatn. Kanggo mbuktkak yn temen-temen putra adhipati, Sawunggaling didawuhi ngleboni sayembara sodoran ing kraton Kartasura. Sawunggaling ungguhan menang yaiku Sawunggaling bisa nyodor gendra, umbul-umbul Yudha ing pucuk kitiran menara galah. Dning Sinuwun Pakubuwana I, Sawunggaling diwisuda dadi pangran, kang bakal nggentni kalenggahan raman adhipati Surabaya. Uga kaparingan jejuluk Sawunggaling Qulmak Sasranegara. Sawunggaling satriya saka Surabaya.

You might also like