You are on page 1of 4

Asthma Gajah Mada misuwur wiwit jaman Majapahit.

Kraton kang misuwur amarga gegayuhane kepngin nyawijkak

salumahing Nuswantara ing bumi Majapahit. Andhil Gajah Mada anggon mujudak gegayuhan mau gedh banget. Manut katrangan sujarah, Gajah Mada wekasan kasil nyawijkak Nusantara ing bumi Majapahit, kang kapindho sawis jaman Sriwijaya kang kapisan.

Sapa satemane Gajah Mada kuwi? Manut panalitn sejarah, Gajah Mada iku sateman pawongan lumrah ba. Dudu tedhak turun wong ngaluhur utawa ratu. Uga dudu anak wong bandha-bandhu. Bapa biyung apadn papan lan dina lair ora kasumurupan nganti seprn. Sawetara manut katrangan kang gumathok. Gajah Mada lair ing wilayah saurut kali Brantas wewengkon Malang kurang luwih taun 1300-an. Dn manut kapercayan wong Bali, kaya kang katulis ing Kitab Usana Jawa, Gajah Mada lair ing Pulo Bali Agung. Kang saka sabab tartamtu banjur lunga menyang Majapahit. Manut katrangan Gajah Mada lair saka njeron woh klapa minangka panjelmaning Sang Hyang Narayana kang njelma ing alam donya.

Dn Gajah Mada uga duw sesebutan Empu Mada, Jaya Mada lan Dirada Meta. Manut agama Gajah Mada uga sesulih : Lembu Muksa panjelmaning Mahadewa Wisnu. Dn asthma Gajah Mada duwe teges kang Trengginas.

Kedadan ing kraton Singasari, rubuh paprntahan Jayakatwang ing Kediri. Madeg kraton anyar kang disengkuyung dning para kawula kang menang ing paprangan yaiku R. Wijaya, Raja I Majapahit. Kawiwitan nalika Jayanegara ratu kapindho ing Majapahit lagi nemu reribet, yaiku pokal Kuti kang sedya ngrebut Mahkota Majapahit. Jayanegara nganti kepeksa sumingkir ing Bedhandher. Gajah Mada kaya-kaya jumedhul saka tengah-tengah bumi Majapahit. Gajah Mada kang nalika iku apangkat bekel (samper lurah) kasil ngrampungi gaw nglenggahak Sang Prabu Jayanegara ing Keprabon Kraton Majapahit manh.

Wiwit iku Gajah Mada pinercaya lan malah kapasrahan nyekel pasukan Bayangkara. Pasukan kang dumadi saka para nom-noman kang setya tuhu marang gegayuhan negara lan saguh mungkasi karya marang rubdaning negara. Pasukan Bayangkara tansah asikep gegaman jangkep, awit mujudak prajurit prangan kapindho. Dn prajurit utaman aran Darmaputera.

Sesdan Jayanegara kalenggahan Ratu ing Majapahit diganti dening Putri Tribuana. Gajah Mada kang labuh labet marang negara Majapahit gedh banget banjur kaunggahak pangkat dadi Patih ing Kauripan. Sawis kurang luwih rong taun kapindhah ing Daha nggentni Arya Tilam kang sda. Jumenengan mau disengkuyung dning Arya Tadhah patih ing Majapahit. Sawis Gajah Mada kasil bisa ningkes brontak Sadhng. Gajah Mada kaunggahak pangkat dadi Patih Mangkubumi ing Majapahit, nggentni Arya Tadhah kang wis yuswa. Kanthi mangku Patih Mangkubumi ateges Gajah Mada nguwasani kraton: Kediri, Jenggala, lan Majapahit. Ayahan Patih Mangkubumi kaemban nganti Jumeneng Prabu Hayam Wuruk. Kang wekasan Gajah Mada apadn Hayam Wuruk dadi lambang moncr kraton Majapahit

Kalenggahan Patih Mangkubumi ora nthng sanggan. Gajah Mada tanggung jawab ing babagan; paprntahan, nyekel panguwasa bab kaprajuritan, nguwasani rajajaksa, ngawasi lakuning undangundang lan uga tanggung jawab ing Sidang Saptaprabu.

Pambudidayan Gajah Mada tumrap kemajuan ing babagan agama ora sethithik. Kabukti akh pujangga lan buku anggitan kang misuwur kang lair saka paprntahan Majapahit nalika semana. Nanging Gajah Mada minangka manungsa lumrah uga bisa nandhang luput utawa tidha-tidha. Umpaman kedadan perang Bubat kang nuwuhak bebanten kang ora sethithik.

Sawis kurang luwih patang puluh taun Gajah Mada lan prasetyan Sumpah Palapa ndarma bektkak jiwa San ragan marang kemajuan negara Majapahit. Sahingga negara Majapahit dadi negara kang misuwur nganti sanjabaning negara. Lan nyawijkak salumahing Nuswantara wiwit pojok kulon : Sumatra nganti pojok wtan Irian Barat ing bumi Majapahit. Gajah Mada lan prasetyan Sumpah Palapa tansah dadi tepa tuladha marang punggawa pangrhing praja ing jaman saiki.

Ukara taun 1364 Gajah Mada sda. Kaya wiyose. Sdan Patih Gajah Mada tanpa papan utawa panggonan. Ana ngendi jisim lan sdan ora kasumurupan nganti seprn.

(Muhammad Yamin, Gajah Mada Pahlawan Nuswantara. PN. Balai Pustaka 1993)

You might also like