You are on page 1of 3

TATA CARA SLAMETAN JAWA

Tumrape wong Sala, tata cara slametan kasebut ing irah-irahan tulisan iki, isih dianggep wigati, disucekake (sakral) lan oleh kawigaten mirunggan, awit ana sambung rapete karo sangkan paraning dumadi, wiwit lair nganti tekan ing delahan. 1. Kanthi laire sang jabang bayi, bayi mau dianggep kaya den utusane Gusti Allah, kacetha ana ing kawitaning carakan Jawa ha-na-ca-ra-ka, sing tegese ana utusan. Yaiku utusaning Gusti Kang Murbng Jagad, sing diparingi urip ana ing alam donya (khalifah). 2. Sawise bayi diwasa lan katemu jodhone, disanepani nganggo carakan da-ta-sa-wa-la. Sawala ngemu teges: Selak, ngemohi, geseh panemu, awit utusan mau luwih saka siji. Siji lan sijine ora padha, malah ana sing kosok balen, amarga sing siji wujud wanita, dene sijine wujud priya. Ewadene, manawa wis pinesthi dadi jodhone, loro-lorone padha sarujuk, disanepani dening data-sa-wa-la, sing tegese: ora selak, ngarepi lan gathuk panemune. Malah loro-lorone sing wis datasawala mau disuhi dening antebing tekad. Sanepaning ing carakan, yaiku pa-dhaja-ya-nya. Sing ngemu teges: Loro-lorone padha kalungguhane, padha bobote. Ora aneh, manawa upacara mantu iku dadi lelantaran tumuruning manungsa anyar, sing nyambung sejarahe wong

tuwane, uga ateges sambungan carakan kawitan. Mulane ing upacara mantu, lumrahe nganggo pahargyan samurwate, sing asipat ritual lan sakral. 3. Upacara katelu, yaiku nalika utusan mau masrahake ragane marang panguwasaning Gusti Sang Purbaningrat, disanepani dening carakan ma-ga-ba-tha-nga. Pasrah sumarah, nyuwun timbalan ninggal ragane. Sadurunge nerangake lan nylentrehake siji-sijining upacara, dak pethikake saka sawetara tulisan buku-buku kuna, sing isih digilutgilut dening wong Sala: Sapira mungguh kawigatene marang bakal tumuruning wiji, sing besuk bakal lair, putra sing nerusake sejarahe manungsa ing bumi iki, minangka utusane Gusti Allah, kasebut ing serat Wicara Keras anggitane Ingkang Sinuhun Paku Buwana IV, nerangake Wong tuwa wajib ndheder dhasar-dhasar utama marang anak turune, dene sang putra mung kari nindakake bae. Ora aneh, uran-uran sing mbalung sungsum ing sanubarining masyarakat, kapacak ana ing serat: Rangsang Tuban. Sinawung ing pupuh Pangkur, unine mangkene: Sekar Pangkur kang gitaya, sadurunge sira kaki dumadi, aneng pundi dunungipun, sayekti saking tan ora, bapa biyung kinarya lantaran tumuwuh, datan anedya ing sira, nekakken hardaning kapti.

Beda

maneh

karo

serat

Wedhatama,

anggitan

dalem

Mangkunagara IV uga sinawung ing pupuh Pangkur, unine mangkene: Mingkar-mingkuring angkara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakatining ilmu luhur, kang tumrap ing tanah Jawa, agama agemingaji.

Gatra kapisan lan kapindhoning ki Ag. Ngeksintoro ana ing tulisane Serat pituduh wose Wedhatama diwredeni: Nitisake wiji iki sing wigati kudu nyingkirake hardaning hawa napsu. Awit yen nganti ora mangkono, mesthi bakal ala dumadining wiji.

Mulane banjur diprayogakake: Nalika nitisake wiji kudu ngati-ati, ora kena sakepenake dhewe, sabab undhuh-undhuhane bakal nguciwani, sisip sembire m-besuk bakal wani marang wong tuwane.

Ki Ag. Ngeksintoro atur pangatag-atag: Yen kepengin mijekake putra, sing nocoki karo idhamaning wong tuwa, nyinaua kawruh: Olah wiji putra. Tag: Slametan Sumber buku: Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like