You are on page 1of 4

Bayi nalika isih ana ing guwagarbane ibu, ana upacara sing dianarani: neloni, mitoni, tingkeban, procotan

lan sapiturute. Wewarah kang tinemi ana ing buku: Primbon Pamiwahaning Ngagesang anggitane RM Ng Tiknyopranoto ing Surakarta, nerangake manawa nalika jaman Kraton Kedhiri, ana sawenehing wanita, sesilih Niken Satingkep, omah-omah karo sawenehing priya sesilih Sadiya. Brayat Sadiya/Niken Satingkep ngalami mbayeni kaping 9, siji bae ora ana sing urip. Mulane banjur ngadhep marak marang Kraton Kedhiri. Nalika samana sing jumeneng narendra ing Kedhiri yaiku Prabu Widayaka (Sri Jayabaya) kanthi munjuk atur, kapriye saranane, supaya diparingi turun kanthi slamet lan urip kayadene salumrahe wong akeh. Sang Prabu sawise nampa palapuran lan panyuwunan mau, banjur paring pituduh marang Niken Satingkep, isine pituduh mangkene: 1. Saben dina Buda (Rebo) utawa Tumpak (Saptu) wanci jam 5 sore, adusa nganggo banyu adus, miliha cangkoking tirisan satugel (bathok), sinartan ngucapake mantra mangkene: Hong Hyang Hyanging amarta martani sinartan huma, Hamaningsung iya Hamahing Jati Wasesa. Wisesaning

Hyang iya wisaseningsun. Ingsun pudya sampurna dadya manungsa. 2. Sawise adus nuli salin sandhangan sing sarwa resik, anggone dandan disaranani nganggo nggembol cengkir gadhing sing digambari citrane Sang Hyang Wisnu lan Dewi Sri, tumuli dibrojolake, supaya tiba mangisor. 3. Cengkir gadhing dikendhiti nganggo godhong tebu tulak (ireng lan putih) salembar. Sawise dibrojolke, banjur ditigas nganggo katga (keris) dening bojone dhewe. Katrangan: Pituduh angka 1, 2, lan 3 kasebut ing ngarep, saiki wis ora tumindak, lumrahe upacarane mung awujud tingkeban, nalika ngandhut kapisanan wis 7 sasi lawase. Mligine bab tingkeban, wiwit jaman Demak diimbuhi slametan lan jampi-jampi. Panggawene jampi-jampi ngiras pantes kanggo pangeling-eling suwene anggone ngandhut, ditibakake sasi ganjil. Wiwit sasi katelu utawa kawitane sasi papat, ana slametan sing jenenge Neloni, awujud: a) Bubur bening (putih), bubur sungsum, sega punar (kuning) diwadhahi ponthang. Bubur-bubur mau diwadhahi takir saka godhong gedhang. Lawuhane iwak goreng. Dene wredine: 1. Bubur (jenang) bening (putih) nylameti bayi lagi umur sesasi ing kandhutan, isih awujud banyu.

2. Jenang sungsum, wiji calon bayi umur 2 sasi, isih wujud banyu campur getih. 3. Sega punar sing diwadhahi ponthang, wiji bayi umur 3 sasi, wis katon maujud dhapur bening semu kuning. Dene sing ana sambung rapete karo jampi-jampi, masyarakat jaman saiki wis akeh sing padha menyang dhokteran, ewadene manawa isih nggunakake jampi-jampi tradisional, yaiku: cabe, lempuyang dibumboni ketumbar, musi, pala, kayu legi, mrica, cengkeh, jeruk nipis lan uyah. b) Manawa anggone ngandhut wis ngancik 6 sasi ana upacara slametan 4 sasi lan 5 sasi (nglimani) wujude: kupat, gudheg, tumpeng janganan, ketan warna 4 lan enten-enten. Wredine: 1. Kupat gudheg, ateges wiji bayi umur 4 sasi, wis njendhel ing sajroning wadhah. 2. Tumpeng janganan uga diarani megana, tegese wiji bayi wis 5 sasi lan wis maujud (megana) c) Manawa anggone ngandhut wis ngancik sasi kaping 8, dianakake upacara slametan sing diarani Mitoni. Wujude: 1. Apem conthongan (pasung) awit wiji bayi wis katon semu abang (semburat abang) lan ana daginge. 2. Tumpeng cacah 7 lanjanganane. Pengetan tumrap wiji bayi wis ganep umur 7 sasi, wis katon asipat ganep. Ibu sing lagi ngandhut diwajibake tansah nelesi rambute saben dina Rebo lan Sabtu, sinartan nganggo jampi-jampi: cabe lempuyang, nganti laire sang jabang bayi. Pengetan:

1.

Sawise ibu anggone ngandhut wis 6 sasi, prayogane wis ora dikumpuli dening kakunge, kepara arang-arang bae.

2.

Ngancik ngandhut 7 sasi, becike wis ora kumpul kaya lumrahe wong jejodhoan. Kajaba iku luwih prayoga maneh, manawa dikantheni nganggo

prihatin.

Baku-bakuning prihatin mangkene: a. Samubarang tumindak tansah ngarah-arah, awit wiji bayi sing dikandhut, wis ganep uba rampene. Mulane sawanci-wanci lair, wis asipat ganep. b. Pangati-ati nalikane mangan; ngombe; turu; ora kena

dipadhakake nalikane nyidham, ateges sarwa disuda. c. Nyegah mangan, ngombe sing bisa nglemokake wiji bayi. Prayoga sadina mangan kaping 5 utawa 6, nanging sathithiksathithik, katimbang mangan sadina kaping 2 utawa 3 nanging nganti wareg banget. Loro-lorone bakal nggampangake laire si jabang bayi, awit bayine ora kalemon. d. Adus ing wanci awan uga kurang prayoga, bayine bisa mundhak subur. Tag: Slametan Sumber buku: Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like