You are on page 1of 7

Tumrap wanita sing lagi kapisanan ngandhut lan wis ganep 7 sasi, luwih sathithik, lumrahe dianakake upacara

mitoni utawa tingkeban. Tumindaking upacara kaya kang wis kasebut ing ngarep. Miliha dina Rebo utawa Sabtu tanggal ganjil sadurunge tanggal 15 sasi Jawa, jam 11 awan. Gotheking kepercayan, jam 11 awan iku wektu tumuruning Widadari bebarengan arep siram menyang sendhang. Adus tingkeban iku ana upacarane mirunggan, kabeh

ditindakake dening para sesepuh wanita. 1. Dicepaki jembangan, diiseni banyu bening nganti kebak. Disebari kembang-kembang wangi sing warnane sumringah: mawar, melathi, kenanga lan sapiturute. 2. Cidhuk sing dianggo nyawuk banyu, digawe saka cangkoking tirisan satugel (bathok). 3. Awake sing ditingkebi digosok nganggo lulur. Lulur iku digawe saka glepung beras manca warna nganti warna 7, dicampuri karo mangir, godhong pandhan wangi dirajang lembut lan godhong kemuning dipipis. 4. Sing ngedusi para ibu-ibu sing kaprenah tuwa, syukur sing putrane/wayahe akeh, pantes dadi tetuladan. 5. Sing ditingkebi dilungguhake ana ing dhingklik sing dilambari gegodhongan, kayata: godhong apa-apa, godhong kara, godhong

maja, dhadhap serep, alang-alang. Kabeh godhong mau ditumpangi klasa bangka, sing serate pinggiran mubeng warnane abang, banjur dilemeki jarit (serbet) manca warna: a. lerek (lawe warna-warna, ditenun arang-arang, kaya jaring kemangga); b. jingga, liwatan, mayang sekar; c. bangun tulak, sindur, jarit lurik puluhwatu; d. jarit yuyu sekandhang lan lawon putih. Mapane ana ing kebon sakiwa tengene omah, digawekake krobongan, lawange madhep mangetan rinengga ing

gegodhongan/tetuwuhan. Dene sajen-sajene: a. b. Sega janganan sarta jajan pasar sapepake. Bubur abang sarta bubur baro-baro. Bubur abang putih didokokake ing sawenehing papan, abange ana ngisor, dene putihe ana ndhuwur. Dene bubur baro-baro digawe saka katul dibubur, diwenehi parutan gula kambil. c. Sriyatan, digawe saka wijen, kedhele, kacang digangsa (digoreng tanpa lenga) lan gula. d. Cengkaruk gimbal, digawe saka sega aking, digangsa sangan, banjur digangsa nganggo gula. e. Penyon, digawe saka glepung diedang banjur disiram (dijuri) nganggo banyu dicampuri kunir. Ing tengah-tengah diwenehi gedhang sing diwungkus, banjur dikukus (diedang) Manawa wis mateng, banjur dileleti angus areng, sabanjure diiris-iris.

f.

Sampora, digawe saka glepung beras, diwenehi banyu santen, banjur digawe kaya bathok mengkureb, ing jerone diwenehi gula, banjur dikukus.

g.

Pring sedhapur, digawe saka glepung beras sing wis mateng, dijuri banyu digawe kayadene tumpeng cilik 9 pasang. Banjur ditancepi glepung beras bunder-bunder glindhingan sapucuke driji jenthik, rupane manca warna.

h.

Tumpeng robyong, yaiku tumpeng dilebokake cething, pucuke ditancepi iwak sapepake (paribasan: iwak kebo siji). Ora lali iwak asin (gereh) lan krupuk. Semono uga janganan sing isih mentah: lombok, terong, kacang lanjaran, gegodhongan ijo utawa kembang maneka warna.

Lakune Upacara
1. a. Sawise adus, wanita sing ngandhut mau diubedi letrek (saubedan bae). Diubedake ing wetenge, kapara rada longgar. b. Ibu maratuwa nibakake tropong ing jeron letrek mau. Tropong yaiku piranti kanggo ngikal lawe tenun. c. Tibane tropong ditampani dening ibune dhewe sing ngandhut, dadi pasemon utawa pralambang: Bakal laire jabang bayi kanthia gampang, kayadene clorot tibaning tropong, sinartan ing pandongan: Lanang arep, wadon ya arep, waton slamet. 2. a. Sabanjure, nalikane cengkir gadhing sing diwenehi gambar citrane Sang Hyang Wisnu lan Dewi Sri sinaran ing

pandonga: Yn lair lanang kaya Sang Hyang Wisnu, dene yen lair wadon kaya Dewi Sri. b. Bacute yaiku nibakake cengkir gadhing maneh sing ditulisi citrane Kamajaya lan Ratih utawa Janaka lan Sembadra, utawa Panji lan Kirana, milihi salah siji sing diantebi. 3. a. Sawise iku wanita sing ngandhut mau ditaleni (dikendhiti) godhong tebu tulak (wulung lan putih) salembar bae, banjur dikethok nganggo katega (keris) sing nganggo kolong kembang, kaya kerising panganten. Sing ngethok bojone dhewe. b. Sawise godhong tebune pedhot: 1. Bojo (sing lanang) kudu enggal lunga tanpa pamit. 2. Dibarengi nganggo mbanting endhog pitik mentah dening ibune dhewe (maratuwane mantu sing ngandhut).

Mbanting endhog mentah nalika upacara tingkeban

4.

Cengkir gadhing tumuli dipecah sigar dadi loro. Pengetan: Carane nyigar cengkir gadhing aja nganti nenggel citrane Sang Hyang Wisnu/Dewi Sri. Sing mecah kudu bojone dhewe. Dadi pralambang (pasemon) laire sang jabang bayi mbesuke bisaa slamet tanpa pambengan.

5.

a. Wanita sing ditingkebi, sawise didusi, digawa mlebu ngomah, ngadeg ana ing ngarep petanen. Ing papan iku wis cumepak jarit lan kemben 7 prangkat, dianggo gentenan baka siji (saprangkat) nganti kaping 7, kapara rada kendho sathithik. Dandan sapisan, para pinisepuh padha alok: Durung pantes. Dandan kapisan diwudhari, banjur dandan kapindho, nganti kaping 7, para pinisepuh tansah alok: Durung pantes. Jarit lan kemben 7 prangkat wis dicoba baka saprangkat, diklumbrukake ana ngarep petanen. b. Dandan pungkasan (kaping 8) awujud dandan mirunggan, kadadeyan saka jarit truntum, kemben dringin, tanpa kebaya (ngliga sarira) tanpa ali-ali, suweng, gelang lan cundhuk kembang. Para pinisepuh kabeh padha alok: Wis patut lan wis pantes. Upacara tingkeban sing baku wis kena diarani rampung. Kabeh mengku pralambang/pasemon: panyuwunan, mugamuga laire sang jabang bayi kanthi becik, slamet. Tumrap brayat sing kacukupan, bengine nganakake syukuran, ngaturi tamu lan tangga teparo, malah ana sing nanggap wayang kulit (purwa) milih lakon: Gathutkaca Lair.

Sawise didusi wanito sing ditingkebi dienggoni jarit lan kemben 7 prangkat, dienggo gentenan baka siji

Sawise didusi wanita sing ditingkebi dienggoni jarit lan kemben 7 prangkat, dienggo gentenan baka siji

6.

Manawa olehe ngandhut wis 9 sasi lan wis tanggal tuwa (taun Jawa) digawekake jampi Kocokan. Diombe sapisan bae ing dina Sabtu.

Panggawene Jampi Kocokan


Temulawak dipipis, diperes lan disaring tanpa banyu, dicampuri lenga klentik sing tulen, kira-kira 0,5 gelas. Piranti sing kanggo ngombe yaiku godhong lumbu dipincuk, ngombene ing tengah lawang. Ujaring kandha, Khasiate jampi kocokan iku gedhe banget. Titimangsa tekan leking jabang bayi, boyok pegel rada sudalan ora ndhredheg. Sikil kiwa lan tengen ora krasa keju. Pratandha mangkono iku sawise disengkuyung dening donga lan pamujine para sepuh, laire jabang bayi bakal gangsa (gumalendri). Tag: Slametan, UpacaraAdat Sumber buku: Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like