You are on page 1of 2

Tirakatan mahargya laire bayi

Manut adat tatacara kuna, manawa ana bayen, para tangga teparo, sanak kulawarga kang caket, age-age teka omahe sing bayen. Tekane lumrahe padha sabiyantu bot karepotane sing bayen, wujud: tenaga, pikiran lan liya liyane, prelu tata-tata slametan. Tekan saiki adat tata cara mangkono iku isih lumaku.

Slametan kawitan sawise bayi lair, diarani brokohan (barokah) awujud sega ambengan diwadhahi tampah, ubarampene yaiku: iwak daging utawa jerohan, pecel ayam, jangan menir, endhog mentah, cacahe padha karo neptune dina laire bayi, gula klapa lan dhuwite. Bengine lumrahe para tangga teparo lan sanak kadang padha jagong, tirakatan, nganti sepasar utawa 6 bengi, wungon tirakatan. Ndongakake sang jabang bayi lan bapa biyunge, pinaringana slamet, bagas waras lan sapiturute. Kanggo cagak lek supaya nyegah ngantuk diwacakake buku sejarah utawa buku kidungan, diwaca gantenan lan diwredeni para sepuh.

Sumber : buku Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like