You are on page 1of 2

Manawa pusere jabang bayi wis puput (turahan usus sing ditigas wis garing lan coplok saka

puser, bolongane puser ditutup nganggo mrica sapasang (sajodho/loro) tumrap bayi lanang. Dene yen bayine wadon panutupe nganggo ketumbar sapasang, diwurwuri sarining kembang nagasari sing digoreng sangan, banjur ditutupi kapas lan dikendhiti grita. Coplokaning puser mau kudu diopeni lan disimpen sing becik.

Manawa pusere jabang bayi wis puput, bolongane puser jabang bayi lanang ditutup nganggo mrica sapasang Diterusake: a. Slametan: sega janganan, jenang abang putih, jenang baro-baro, lan jajan pasar sacukupe. b. Sakupenge omah diawer-aweri ngango lawe wenang.

c.

Pipining lawang (kosen) direngga nganggo godhong: elo, godhong nanas, lan diloreng-lorengi enjet (apu utawa kapur sirih) lan angus, wujude dadi loreng ireng lan putih sarta diwenehi ri kemarung.

d.

Sesaji sega golong limang pasang, diwadhahi takir ponthang, diwenehi iwak segara, iwak rawa, iwak kali, iwak bengawan, gantal rong pasang, saben satakire, lan dhuwit sadhuwit. Kembang cempaka saben satakir cacah loro, kembang boreh, dupa menyan sing wangi.

e.

Gawe dolanan wujud umbul-umbul, gendera, payung kertas, keris-kerisan, tumbak-tumbakan. Kabeh ditancepake ing debog utawa kulit wit gedhang.

f.

Gawe tumbak 1000, yaiku sapu sada sing wis gerang, dipasang ngadeg pucuke ana dhuwur, saben sada dicublesi sawernane empon-empon sing wis dirajang: brambang, lombok abang. Dipapanake ana sacedhake paturon sangjabang bayi.

g.

Gawe anak-anakan: Gandhik dilorengi nganggo enjet, diwangun kaya-kaya nganggo mripat, alis, irung, cangkem, banjur digendhong (dibungkus nganggo bakal (kain)) ngisor sirah sapangisor, diwadhahi tampah, dilemeki godhong senthe lan diselehake ana ing paturone sang jabang bayi. Dene sang jabang bayi sawengi muput ora kena diturokake, sanajan turu tetep kudu dipangku gentenan ing antarane para sepuh.

Sumber : buku Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like