You are on page 1of 1

Tetakan

Bocah lanang sing ngancik umur 13 - 15 taun, manut tatanan agama Islam, kudu tetak (supit). Ing jaman moderen umume tetak menyang dhokteran utawa bong supit sing wis ditatar. Mulane cara-carane ora diterangake. Sing diterangake mung sesaji, sing lumrahe isih tumindak ana ing masyarakat. Isine meh padha karo sunatan, dene tambahane: disajeni nganggo piranti sing wis ora digunakake maneh (wis gerang) kayata : pacul gerang, bendho gerang, lading gerang lan sapiturute. Diwadhahi tampah, ditata kaya nata ambengan slametan. Cara ngedusi lan piranti liyane padha karo ngedusi bocah sunat. Sadurunge ditetaki (disupit) ing wanci esuk kudu kungkum ana ing kamar mandhi, rekadaya nyuda wetuning getih. Jamu-jamu lumrahe disedhiani dening dhokter utawa bong supit sing kawogan.

Sumber : buku Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like