You are on page 1of 3

Wong Jawa kang duwe anak mung siji, lanang utawa wadon, duweni kapercayan manawa bocah mau

cacat takdir yaiku cacat amarga kodrat kelairan. Bocah mau dianggep nandhang sukerta, yaiku reged amarga kapercayan. Ewadene mangkono cacat mau dudu cacat kang salawase, sebab bisa diresiki. Carane, kang kasebut ruwat sing ateges luwar utawa ucul. Luwar utawa ucul mau mengku werdi ucul saka pidana utawa sapu dendha. Kapercayan ruwatan dadi tradisi utawa adat Jawa kang wis tuwa.

Adicara Ruwatan Ora mung bocah ontang-anting wae kang klebu bocah sukerta. Amarga owah-owahan jaman lan saking akehing buku pathokan, ana

sing nyebut 13 werna. Ana maneh kang nyebut 16 werna, malah ana kang nyebut 60 werna. Saperangane conto bocah sukerta sing ontang-anting yaiku anak mung siji lanang. Dene anak mung siji wadon diarani ontang-anting kebanting. Ewadene duwe anak lima lanang kabeh diarani pandhawa. Anak papal wadon kabeh diarani srimpi, yen anak papal lanang kabeh diarani saramba. Dene anak telu, lanang - wadon - lanang diarani sendang kapit pancuran. Dene anak telu, wadon -lanang -wadon diarani pancuran kapit sendang. Isih ana maneh, bocah nalikane lair ana wayah lelungan diarani morgana. Utawa bocah sing kulitane belang-belang lair bebarengan karo mletheke lan lingsire srengenge. Lan isih ana liyane maneh. Adicara ruwatan diwiwiti bocah kang diruwat dienggoni nganggo klambi sarwo putih tumrape kaya klambi kaji. Bocah mau lungguh ana ngarep pakeliran yaiku kelir wayang kulit, dikancani wong tuwane. Adicara kuwi kudu nglesanake nanggap wayang kulit kang komplit sebab kanggo sarat kang utama. Sakjroning nanggap wayang dilakoake lakon Murwakala. Wayang mau mung dilakoke antarane 1,5 jam ora sewengi muput. Akeh sajen sing kudu dicepakake kanggo ngompliti syarat-syarat ruwatan. Sajen-sajen mau diselehke ana pojok-pojok panggonan omah. Saka-saka pendhapa dipasangi janur kuning lan tebu sagodhonge. Adicara mau kaleksanan kanthi khusuk ora entuk kanggo sembranan lan kudu hening. Yen suwasana wis hening banjur gamelan ditabuh, lan Ki Dhalang nglakoake wayang kulit kanthi lakon Murwakala. Pinuju kang pungkasan Ki Dhalang nerusake adicara nigas rekma yaiku ngethok rambute bocah kang diruwat. Kethokan rambut mau diwenehake marang wong tuwane. Rampung ngethok rambut diwacake donga-donga kang kasebut donga gumbala geni. Rampung diwacake donga mau si bocah banjur mlebu omah lan terus mlebu ana panggonan kang wis cumawis. Ana panggonan mau disediake jembangan isi banyu kang diwenehi kembang setaman. Sabanjure adicara mau diarani siraman. Adicara

siraman mau sing ngedusi yaiku wong tuwane bocah mau. Siraman mau wengku werdi ngilangake regedan laku lan batin. Sawise adicara siraman yaiku adicara nglarung. Nglarung yaiku ngintirake kethokan rambut mau ana kali utawa bengawan.

Sumber : buku Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like