You are on page 1of 13

1.

Sawise penganten putri rampung dibusanani lan dipaesi dening juru paes, bapake penganten putri ndulang sega marang anake kanthi kandha: Iki aku ndulang kowe kang pungkasan.

2.

Wong tuwane penganten putri, kongkonan utusan cacah loro, supaya methuk penganten kakung menyang pondhokan, utawa menyang omahe. Ngabari, manawa anggone tata-tata upacara temuning penganten wis rampung lan didhawuhi methuk penganten kakung.

3.

Penganten kakung budhal saka pondhokan/ngomah, diapit-apit kiwa tengen dening pinisepuh cacah loro, diombyongi dening kulawarga tumuju marang papan pahargyan.

4.

Lakune saka pondhokan/ngomah, penganten kakung kajaba diapit-apit pinisepuh cacah loro, uga dipayungi. Kunca digondheli dening sawenehing bocah, ditutake dening patah sakembaran sing nggawa lopak-lopak lan paidon, sing digawe saka selaka.

5.

Isih dijajan maneh dening wong-wong sing nggawa mayang sarakit sarta sangganing penganten (padha karo nalika upacara ijab).

6.

Penganten kakung nggegem gantal (suruh sing dilinthing), njerone diiseni jambe, njaba ditaleni bolah lawe kang digunakake kanggo upacara balang-balangan.

7.

Tekan ngarep pendhapa, penganten kakung leren sedhela, ngenteni samektane penganten putri lan lumrahe uga dianakake upacara pasrah tinampan sing wis ditata dening panitya.

8.

Penganten putri sawise rampung dibusanani dening juru paes, dilenggahake dhisik ana ngarep petanen, ngenteni rawuhe penganten kakung lan uga nggegem gantal.

9.

Rampung upacara pasrah tinampan penganten loro-lorone padha mlaku maju menyang tengah pendhapa, prelu nindakake upacara temu. Loro-lorone padha diapit-apit dening pinisepuh, lakune meh tekan tengah pendhapa, penganten padha balang-balangan gantal. Wredine balang-balangan gantal, yaiku padha dene nyuntak katresnan dadi manunggal. Sanajan kadadean saka loro, nanging loro-loroning atunggal, ora bisa dipisahake. Pralambange godhong suruh, sing beda lumah lan kurebe, nanging wujude mung siji.

10. Penganten sakaloron mandheg ana ing tengah pendhapa, salah siji saka pinisepuh mbukak kuluk sing diagem penganten kakung, prelu diusapi banyu kembang setaman dening salah siji saka pinisepuh putri, ing embun-embunane lan githoke. Rampung pangusape kuluk diagemake maneh kaya sakawit. 11. Penganten putri jengkeng ana sangarepe sing kakung, nata endhog pitik mentah sing arep dipidak dening kakunge nganti pecah. Endhoge

dibuntel serbet utawa plastik, supaya pecahane endhog ora ngregedi sikil lan jrambah.

Ngidak endhog pitik mentah ing upacara temu

12. Rampung ngidak endhog nganti pecah, penganten putri tetep jengkeng, mijiki sampeyane (sikile) penganten kakung nganggo banyu kembang setaman sing diwadahi bokor kuningan gedhe.

Upacara Temu : penganten putri mijiki sampeyane penganten kakung 13. Sawise rampung mijiki sampeyane kakunge, banjur jumeneng jejer sakiwane penganten kakung, dikemuli kain sindur dening ibune

bapake penganten putri, tindak sarimbit tumuju marang palenggahan sangarepe petanen, diiring dening para pinisepuh putri.

Upacara Temu : penganten sekaliyan dikemuli kain sindur 14. Satekane ngarep petanen, penganten diacarani lenggah ing kursi penganten (pelaminan) lenggah jejer, sing kakung sisih tengene sing putri, ngadhepake pasamuwan. Lumrahe kursi penganten ing ngarep petanen dilemeki babut. Kursine rinengga kain sutra putih sing diwiru lan direngga nganggo kekembangan sing endah. 15. Kiwa tengene penganten ana patah sing lungguh. Patah sing lumrahe bocah cilik wadon, didandani sawitan, kuwajibane ngladeni

kabutuhane penganten. 16. Upacara nalikane penganten isih padha lenggah ing kursi penganten: a. Dulang-dulangan sega walimah, yaiku sega nganggo lawuh pindhang anteb.

Upacara dulang-dulangan b. Kacar-kucur, lambang: penganten kakung masrahake barang darbeke marang garwane. Carane: penganten putri mlorot mangisor jengkeng ing sangarepe kakunge. Penganten kakung nyuntak kacarkucur sing diwadhahi klasa bangka, sing isi kacang kawak, dhele, beras kuning sarta dhuwit receh suwang seprapat.

Upacara kacar kucur

c. Kacar-kucur ditampa ing pangkoning penganten putri, dilambari setangan (kacu) amba, ora kena ana sing kecer. Yen ana sing kecer dadi pralambang watak boros (ngebreh) d. Para pinisepuh sing ngestreni upacara mau, ngandika: Kacar kucur, atuta kaya sadulur. Kacang kawak, dhele kawak, atuta kaya sanak." e. Penganten putri masrahake kacar-kucur sing wis diwadhahi setangan marang ibune dhewe. Sabanjure diwadhahi klemuk lan didokok ana ngarep petanen. 17. Klemuk ing ngarep petanen ana warna loro, dipasang ing kiwa tengen petanen, dadi siji karo kembang mayang. Klemuk sing siji isi beras kuning, kluwak, kemiri, gepak bendhul, bendha, endhog pitik mentah lan dhuwit seprapat. Dene klemuk sijine isi banyu sing panjupuke saka kali tempuran. 18. Upacara banjure yaiku timbangan. Penganten kakung putri lenggah ing pangkone bapake penganten putri. Penganten kakung lenggah ing pupu tengen, dene penganten putri ing pupu kiwa. Ibune penganten putri lenggah ana ngarepe kakunge sing lagi mangku penganten, banjur pitakon marang kakunge: Abot endi, Pak? Wangsulane: Bobote padha. 19. Mudhun saka pangkon, penganten sarimbit padha sungkem (ngabekti) marang rama ibune. Penganten putri nyembah dhengkul tengen, dene penganten kakung nyembah dhengkul kiwa. Wong tuwane penganten kakung, sing uga ngestreni upacara kacarkucur/timbangan, uga disungkemi.

Upacara sungkeman Upacara temu kasebut ing ngarep lumaku tumrap penganten sing isih jaka lan prawan, diarani Tigas utawa murni. Tambahan: a. Dhauping penganten ing antarane prawan lan dhudha kembang, ana sarate, yaiku calon penganten wanita kudu mateni tumper (geni kayu sing kobong) sarana disiram banyu ing tengah lawang. b. Dhauping penganten ing antarane jejaka karo randha kembang, sarate, yaiku sing mateni lumper calon penganten priya. Cak-cakane padha karo prawan oleh dhudha kembang. c. Manawa penganten sakaloron isih waris dhewe, tataran misanan, sarate, yaiku potong tumpeng sing dilambari pipisan. d. Mantokake anak pambarep (bubak kawah) carane padha karo salumrahe duwe gawe mantu, dene bedane: ubarampene diimbuhi rujak legi sawadhah lan rujak degan sawadhah.

Sawise rampung upacara temu, wadhah rujak warna loro mau diaturake marang bapak lan ibune penganten putri siji edhing. Sawise didhahar banjur takon tinakon: Rasane kepriye lan apa ana kekurangane? Wangsulane: Rasane seger sumyah lan ora ana kekurangan sawiji apa. e. Mantokake anak wuragil, diarani Tumpak ponjen. Carane padha karo mantu lumrah. Dene bedane, yaiku ponjene diiseni anggi-anggi, dhuwit salaka lan tembaga sacukupe, utamane diiseni dhuwit emas. Disuntak ana ngarepe penganten sakaloron, banjur kanggo rebutan ing antarane para sadulure penganten dhewe. Sapa sing oleh akeh, iku sing begja dhewe (pralambang). Rampung kanggo rebutan banjur dilebokake maneh ing ponjen. Penganten sarimbit sungkem marang wong tuwane, banjur bali lenggah jejer kaya sakawit. 20. Upacara sabanjure, sing mangku gawe ngresaya marang pawongan kang wis arum asmane, pinter lan micara, manembrama marang rawuhe tamu lan atur panuwun tumrap pambiyantune. 21. Lumadine pasugatan lan selingan seni budaya. 22. Upacara kirab: penganten dikirabake, diiring dening kulawarga, sanak sadulur (lumrahe para mudha-mudhi) nganggo sandhangan sawitan kang endah. Kirabing penganten ngliwati pendhapa, gadri, pawon tumuju marang kamar busana, prelu salin busana. a. Busanane penganten kakung disalini nganggo: 1. jarit corek sidaluhur pradan utawa berjen; 2. klambi kebaya sing coreke padha karo klambi agemane kakunge;

3. ngagem blangkon gadhung mlathi, dene rerenggan liyane tetep kaya sekawit, nanging sabuk lan epek disalini sabuk dringin lan epek polos, tanpa kabara. b. Busanane penganten putri: 1. jarit sawitan karo ageman kakunge; 2. klambi kebaya sing coreke padha karo klambi agemane kakunge; 3. rerenggan liyane isih tetep padha kaya sekawit. Kirab duwe gegayuhan supaya para tamu, luwih-luwih sanak sadulur lan pawong mitra padha bisa nyumurupi kahanane sri penganten sakaloron kanthi cetha. 23. Rampung salin busana, penganten dikirabke maneh, bali saka kamar busana menyang palenggahan manten, ngliwati pawon, gadri lan pendhapa. Pangiring lan pangombyong padha karo nalika budhal kirab. 24. Manawa isih ana kalodhangan, sadurunge pasugatan pungkasan lumadi, penganten dikanthi pinisepuh, nemoni para tamu sing kinurmatan (terpandang) nyuwun pandong/pamuji lan pangestu. 25. Rampung pasugatan pungkasan, penganten kairing dening rama ibune penganten putri lan pinisepuh, jumeneng ana ngarep pendhapa, diapitapit rama ibune, nguntapake kondure para tamu, nampa ucapan slamet lan sesalaman sarta ngaturake panuwun. Juru Pambiwara Mungkasi Kuwajibane 1. Mranata kondure para tamu, bisaa tumata ora suk-sukan. 2. 3. Atur panuwun ing babagan apa bae. Nyuwun pangapura sakabehing kekurangan lan kaluputan.

Sawise upacara nikah /temu rampung. 1. Kembang mayang, sawise tamu-tamu kondur kabeh, dibuwang ana ing prapatan dalan. Nanase dijupuk kanggo rujakan penganten sakaloron. 2. Candhake yaiku nganakake upacara slametan (rasulan lan memule) kanthi gegayuhan: a. Atur panuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa, dene anggone mangku gawe bisa kaleksanan kanthi becik lan slamet tanpa pambengan sawiji apa. b. Nyuwun pangapura kanthi tandhesing batin marang Gusti Kang Maha Kuwasa tumrap kekurangan lan kaluputan kang tinemu ana ing upacara-upacara. c. Ndongakake penganten sakaloron, supaya anggone lelumban ana ing masyarakat tansah oleh pangayoman, pituduh-pituduh becik kanggo sangu urip. Lakune uripe tansah manut miturut ing pangrehe Gusti, tansah pinaring ayem, tentrem, bagas waras, bagya mulya, rukun tresna-tinresnan, sugih rejeki nganti tekan kaki-kaki, nini-nini. 3. Telung dina sawise upacara temu, rama ibune penganten kakung, bebarengan karo sawatara kulawarga, mertamu marang daleme besan (martuwi utawa tilik pitik). Tekane nggawa sega ganep salelawuhane sarta panganan maneka warna cacah 2 jodhang, kanggo pasugatan nalika tilik pitik mau. 4. Sepasar sawise upacara temu, penganten sakaloron disuwun dening rama ibune penganten kakung, supaya mulih menyang omahe, kanthi upacara Ngundhuh penganten lan upacara Nebus Penganten. Carane:

Wong tuwane penganten kakung ngresaya pinisepuh cacah loro putri kabeh, prelu nyuwun pangapura marang besane, dene penganten diundhuh. Upacara panebus (pangundhuh) ubarampene awujud: a. Gedhang ayu setangkep sing wis mateng, cacah ulerane ganep. b. Kaca (pangilon), suri lenga sundhul langit, lawe satukel, kapuk kapas, kunir rong grigeh, asem, menyan madu, dhuwit suwang seprapat. Kabeh diwadhahi bokor kuningan, ditutupi sindur. Barang panebus mau dipasrahake marang ibune penganten putri. 5. Upacara sepasaran padha karo upacara temu, nanging isih ana tambahan yaiku nalikane wong tuwane penganten kakung nampa tekane penganten sarimbit, ibune penganten kakung ngucapake tetembungan: "Anakku ngger, syukur bage sewu olehmu lunga dagang mulih nggawa bojo. 6. Esuke, penganten ditengeri nganggo jeneng tuwa yaiku ajeneng sawise dhaup, nganggo slametan sega janganan diimbuhi sega punar. Jeneng tuwa diumumake (diwartakake) ana ing upacara slametan mau, dening wong tuwane penganten kakung. 7. Rong dina sawise upacara ngundhuh, wong tuwane penganten putri sarta kulawarga waris liyane, genten martuwi (tilik) manten anyar, nggawa ubarampe sawernaning panganan 1 jodhang, sega salawuhane 1 jodhang, kanggo pasugatan tilik manten anyar. Rampung kembul dhahar, pamitan bali mulih. 8. Sepasar sawise upacara ngundhuh lan penganten sakaloron wis padha atut, penganten kakung kudu mangsuli pitakone ibune: Apa wis

padha atut? Wangsulane kudu lugas, ora kena ethok-ethok utawa goroh. Manawa agenah wis atut, ibune penganten kakung nggawekake jampi tumrap penganten putri, awujud woh dlima putih, isine dibuwang, disalini majakan (woh atos sing lumrahe kanggo ngirengake untu) ditaleni bolah lawe banjur diwungkus dikukusake adang. Yen wis mateng lan wis adhem, supaya dimamah dening mantune. Banyune diulu, sepah dibuwang. Paedahe jampi: a. penganten putri bakal dadi (lemu) mbedhah, b. Bisa enggal diparingi momongan. Katrangan: Kanggo nyuda rebyek kanthi anane upacara tilik pitik, ngepasi nalika upacara temu, sawise penganten wis lenggah ing kursi penganten lan nindakake upacara dulangan, kacar-kucur lan sapiturute, besan martuwi lan dianakake upacara mirunggan, yaiku: a. Nalika besan rawuh, dipethuk among tamu, katuran mlebu pandhapa lan ditampa dening sing mengku gawe. Diacarani lenggah ing papan kang wis dicepakake, sakiwa tengene penganten. b. Besan padha besan wis padha satata lenggah, tumuli ana upacara sungkem. Tambahan 1. Upacara Langkahan Yen ana kadadeyan, sing dadi manten ndhisiki sadulure tuwa tunggal bapa biyung, dianakake upacara langkahan. Carane, calon penganten sadurunge kudu njaluk palilah marang sadulure tuwa, ndhisiki dadi penganten.

Sawise dijunjung dening wong tuwane utawa sawijining pinisepuh, banjur nglangkahi tumpeng nganti kaping telu. Kajaba iku, si calon penganten banjur menehi tandha atur panuwun marang kakange/mbakyune awujud barang. 2. Ngaturi tandha bekti marang embah kakung/putri calon bojone. Manawa calon bojone isih duwe embah kakung/putri sing isih sugeng, calon penganten sing nglangkahi iku atur tandha bekti marang embah mau, awujud barang, sandhangan sapangadeg lan sapiturute. 3. Wawasan Diwawas satleraman, nganggo kaca mripat, duwe gawe mantu manut primbon kejawen iku muyeg banget lan akeh banget wragade. Sengara bisa ditindakake dening kulawarga sing uripe mung pas-pasan. Dene wawasan sing positif yaiku leluhur kita asung pamecut marang anak putu, supaya pinter, sugih lan uripe kajen keringan ana ing masyarakat. Diuwongke ana ing masyarakat lan bekti marang wong tuwane. Mulane banjur ana tataran gedhe lan cilike wong duwe gawe mantu, wiwit saka slentheman, climen, cukupan, gedhen, lan gedhen tur ambal-ambalan.

Sumber buku: Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like