You are on page 1of 2

Mantra Sugih Banda

Ing wayah bedhug awan, ana ing latar ngadeg madhep mangidul, madep mangetan, mantran : Sentanaku juru gedong Retnadumilah aran, kang rumeksa gedhongku ing jagad wtan, bukaken gedhongku kang isi inten berlan lan sarupaning manik-manik, ingsun arep nganggo. Ing wayah bedug awan, ana ing latar ngadeg madhep mangidul, mantran : Sentanaku juru gedhong Bambang Bunarbuawana aran kang rumeksa gedhongku ing jagad kidul, bukaken gedhongku kang isi busana wastra sapanunggalan ingsun arep nganggo. Ing wayah sor mbarengi suruping srengng ana ing latar ngadeg madhep mangulon, mantran: Sentanaku juru gedhong Nurkencana-remeng aran, kang rumeksa gedhongku ing jagad kulon, bukaken gedongku kang isi kencana mulya lan kang sarwa picis sapepak, ingsun arep nganggo.

Ing wayah bedhug bengi ana ing latar ngadeg madhep mangalor, mantran : Sentanaku juru gedhong Srikolem aran, kang rumeksa gedongku ing jagad lor, bukaken gedongku kang isi sawarnaning pangan kang bangsa pari, palagumantung, palakapendem, palakasimpar, bangsaning iber-iberan, kwan belhan lan sarupan iwak loh, ingsun arep bujana, ayo, ayo, ayo nggal pada tumandanga, saben Kliwon pada teka babarengan anggawa sakabhing kabutuhaningsun. Banjur temenga mandhuwur karo muni : bapa akasa, nuli tumungkul mangisor, muni: ibu pertiwi, nyuwun bantu. Lakun pasa 40 dina, kenan mangan mung sapisan saben jam 12 bengi, wiwit dina Kemis Wag. Sabanjur saben bengi tumindak mangkono iku, dadi turun sawis jam 12 bengi, puwasan mung cukup 40 dina ba.

You might also like