You are on page 1of 2

Aji Dipa

Panulak aji Wimanasara kasebut No. 28 ing nduwur iku wis diterangak yn durjana arep maling ana kang matak aji Wimanasara, mangka Aji Wimanasara iku ampuh banget. Sanajan ampuh, nanging ana panulak, yaiku kang aran Aji Dipa. Dn Aji Dipa iku unin : Hong, sun amatak ajiku si Aji Dipa, kang ana ing Bibisana, murub ing rahina wengi, tan kenaning sirep, si Wimanasara tan tumama, sirep larut lumayu gendring, sapa kang nedya ala maringsun leburen banjar pekarangan saanak rabin, ilangna umur, alahuma katlayar, ngadeg satengahing jubar, teka wurung, teka buyar, wurung nedya ala maring ingsun, wurung saking kersaning Allah. Yn pinuju rusuh (ora aman) akeh durjana (maling), Aji Dipa iku prayoga banget diwaca saben bengi, anggon maca (matak) ana ing latar sangareping omah ngungkurak lawang, perlun ora tumama dning sirep Wimanasara panyireping durjana.

Dn yn murih kinawedn ing sapadha padha, sarta kabh kang sedya ala padha bali sarta luput ing goragoda pancabaya, pamatak Aji Dipa mau mangkn : Hong, sun amatak ajiku si Aji Dipa, kang ana ing Bibisana, amurub sacakrawalaning panggilingan, sapa kang malang-malang ana ing ngarepingsun, mburi, kiwa, tengen utawa angungkul-ungkuli, lah sira pada suminggaha, yn nganti kasabet ajiku si Aji Dipa, lebur dadi awu ilang sirna saking kersaning Allah. Banjur megeng napas, sarta muni : hu allah, hu allah, hu allah, kabatin ba. Lakun mutih 21 dina sukur 40 dina, lan patigeni 3 dina 3 bengi, wiwit dina Jumuah Paing. Kajaba iku uga ana manh lakun, yaiku : yn lumaku kepanasen utawa kodanan ora kena sasambat lan lumayu, sarta yn kepetuk wanita ora kena nolh, lan manh kudu sabar, narima, welas asih ing sapada-pada, sarta ora kena gawe piala maring wong liya. Sumber: Primbon Ajimantrawara Label: Aji-Aji, mantra kuno

You might also like