You are on page 1of 1

Sholli wasallim daa iman ala mada Sholli wasallim daa iman ala mada Wal ali wall

ashaa biman qod wah hada Wal ali wall ashaa biman qod wah hada
Eman lo wong islam, ninggal sholat wengi Sak ben dalu turu, ora gelem tangi Sholat wengi ngunu, disenengi Gusti Sopo gelem nyuwun, pasti diparingi Sholat limang waktu, ayo podo njogo Jamaah nang masjid, bareng sak kluwargo Ganjarane slawe, celengan suwargo Malah biso dadi, pitu likur ugo Yen sholat kesusu, ora biso pernah Rukuk lan sujude, ditoto sing genah Sing khusyu lan khudur, ugo thumaninah Ngerteni sing wajib, lan ngerteni sing sunah Sopo gelem awal, budal nang jumatan Bareng kelompok-e, rombongan kawitan Ganjarane kurban, bakal keturutan Yen tekane keri, pasti keliwatan Yen rumongso sugih, itungen donyane Bagiane zakat, ojo dilalekne Dulur karo tonggo, sing podo miskine Kabeh podo nunggu, zakat bagiane Yen wulan romadhon, ayo bareng poso nglakoni printahe, Allah kang kuoso Nderes moco Quran, kanggo seng wis biso Bengi sholat traweh, kango nglebur duso Malah yen wis biso, enggal daftar haji Nglakoni ibadah, menyang tanah suci Takon nang kiyai, kanggo noto ati Ojo kliru pingin, diceluk wak kaji Yen karo tonggone, sing apik atine Yen kahanan longgar, mikiro butuhe Sajak perlu utang, enggal diparengne Nangeng ojo nganti, njaluk anak ane Ono ugo wongkang, rumangsane mulyo Kepingin dialem, karo konco liyo Eleke wis roto, nanging gak rumongso Yen diajak ngaji, ngakune wes biso Ono ugo sifat, munafiq arane Ora nate podo, lambe lan atine Ngalor ngidul dodol, omong sak payune Senengane ngedu, tonggo lan kancane Dalan sing wis roto, ojo diundukno Ojo dipathoI, ojo diciutno Ngono kuwi tondo, iman gak sampurno Ngengel-2 wong kang, liwat sak ben dino Ayo do ngurangi, nonton televise Moco Koran ugo, perlu dibatesi Ngono kwui nyudo, waktu kango ngaji Malah biso nganggu, khatam sak ben sasi Eman temen wong kang, gelem tuku nomer Tombok sak ben dino, kok yo ora mblenger Rumangsane lumrah, nagging ora bener Kudu di tinggalno, ben ora keblinger

Kanggone wanito, lungo sak ben dino Metu tanpo mahrom, wis dadi kulino Ngono kuwi harom, kudu ditinggalno Ndadekno wanito, malah tambah ino

You might also like