You are on page 1of 2

Ngajogjakarta witing klapa jawata ing ngarcapada salugune niki geng kobra pancen nyata...

kulo saking surakarta njajah nagri ngayogjakarta ngayogjakarta, kuthane aman, berhati nyaman kota seniman, kota pelajar, lan kabudayan malioboro trus ngidul kuwi kraton yogja kantor pos gedhe ngarepe senisono ning dhek mbiyen saiki wis ora ana beteng vredeburg biyen panggonane landa golek gudheg ning mijilan mesthi ana ndelok munyuk lan gajah ning gembiraloka arep santai ning laut bablas kidul kana parangtritis, parangndhog, parangkusuma mbantul, prajatamansari, ben ra ucul yo digondheli sleman sembada, eman-eman marai gela tuku manuk ning ngasem sor pulau cemeti kaliurang, nggon adhem ning lereng merapi cemilane jadah, tempe bacem, ngangeni goa slarong ngelingake perang jaman kumpeni gajah mada, iain, kalijaga, uii panggonane wong pinter sing pada setudi stasiun tugu, lempuyangan, nggon kreta api numpak sepur saka kana tekan ngendi-endi gunungkidul handayani, bacut ucul angel nggoleki kulonprogo binangun, karo kanca mbok ya sing rukun ngayogjakarta, kuthone aman, berhati nyaman kota seniman, kota pelajar, lan kabudayan borobudur, prambanan, kuwi candhi gedhe taman sari, pemandian, ning kari bekase tari srimpi lan gambyong sakgamelane

yen ditonton mesti wae yo nyenengake daerah yogja ono papat kabupatene gunungkidul, sleman, bantul, kulonprogo batese dalad, sangi, lan nyothe kuwi basa premane yen takpikir aku mesthi kekelen dhewe sanga papat punjul enem menawi lepat nyuwun ngapunten sanga papat punjul enem kulo niki lulusan pakem sikil gudhig aja dikukur lan dithithil tangan reget aja nggo uthik-uthik upil sirah mumet lan ngelu padha ngombea pil dadi uwong sing pinter aja dadi pokil susruk wajan nggo nggoreng krupuk kuwi sothil mbok ya anteng tangane, aja padha nggrathil benik ucul dondomi ben ora prithil dadi uwong sing sugih aja dadi uthil sikil gudhig aja dikukur lan dithithil tangan reget aja nggo uthik-uthik upil sirah mumet lan ngelu padha ngombea pil dadi uwong sing pinter aja dadi pokil susruk wajan nggo nggoreng krupuk kuwi sothil mbok ya anteng tangane, aja padha nggrathil benik ucul dondomi ben ora prithil dadi uwong sing sugih aja dadi uthil

You might also like