You are on page 1of 1

Sengkuni Sengkuni enome jenenge Harya Suman lan uga kasebut Trigantalpati, Gandaraputra, Suwalaputra.

Putrane Prabu Keswara, raja ing Gandaradesa. Nduweni mbak jenenge Dewi Gendari. Pas, enek sayembara ning Kerajaan Mandura kanggo ngentukne Dewi Kunti, Harya Suman melu, nanging kalah, lan sing ngentokne Dewi Kunthi yaiku Pandu Dewanata, putra mahkota Astina. Amarga kecewa, Harya Suman nantang Pandu Dewanata tanding dinggo ngrebutake Dewi Kunti, tapi nek deweke kalah, Dewi Gendari bakal diserahne karo Pandu Dewanata. Akhire Harya Suman kalah lan dewi Gendari digawa Pandu Dewanata. Cekak cerita, Harya Suman lara ati amarga Dewi Gendari dikekne marang Drestarastra, yaiku mase Pandu Dewanata kang wuto lan ora mewarisi kerajaan Astina. Saka kono, Harya Suman dadi nduweni sifat iri lan dengki. Amarga dendam karo Pandu Dewanata, Harya Suman kepingin nglengserake Pandudewanata saka Ngastina. Kanggo menuhi tujuane kuwi, Harya Suman ninggalake Gandamana, patih Astina kang mlebu ning luweng pas perang karo Kerajaan Pringgadani. Karo Pandu Dewanata, Harya Suman ngomong nek Gandamana uwis mati nang perang. Pandu Dewanata percaya lan ngangkat Harya Suman dadi Patih. Beberapa wektu sawise, Gandamana njedul nang Astina lan langsung nggebuki Harya Suman kanthi cacat selamane. Pas kuwi Gandamana ngucapake kutukane; suk yen perang Baratayuda, Harya Suman bakal mati. Sawise dadi cacat, Harya Suman oleh jeneng anyar yaiku Sengkuni. Saka tembung sangka sing artine berawal, uni, artine kata. Sengkuni artine cacat amarga fitnah sing sering diomongke. Sawise nggebuki Sengkuni, Gandamana ngadep Prabu Pandu Dewanata kanggo njaluk pangapura lan pamit mandek dadi patih. Sifate iri lan dengki Sengkuni soyo ndadi jalaran Prabu Pandu Dewanata seda. Akhire, Drestarastra diangkat dadi raja sementara. Sengkuni ngojok-ngojoki Drestarastra kanggo tumindak kang ora adil marang pandawa. Ing baratayuda, Patih Sengkuni ngerahake balatentara saka Gandaradesa dinggo ngewangi Kurawa. Amarga kulite Sengkuni kebal, deweke ora bisa mati. Nanging Bima ngerti nek lambe lan anuse ora kebal. Mula, Bima bisa mateni Sengkuni. Yudistira

You might also like