You are on page 1of 1

Pidato Pasrah Penganten

Assalamualaikum Wr. Wb. Kula nuwun, para tamu kakung miwah putri ingkang kula kurmati, Bapa Rohadi ingkang minulya. Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Wakino, ingkang sepisan Bapa Wakino ngaturaken salam wilujeng dhumateng Bapa Rohadi sarimbit, kanthi pepuji mugimugi Bapa Rohadi sarimbit tansah pikantuk barokah saha rohmating Pangeran lan rahayu ingkang sarwa pinanggih. Kaping kalihipun kula ugi tinanggenah masrahaken calon penganten kakung ingkang peparab Bambang Anggara ingkang badhe kadhaupaken kaliyan Rara Kustanti putra putrinipun Bapa Rohadi. Kajawi punika Bapa Sawal ugi ngaturi tandha tresna arupi sandhangan penganten putri sapangadeg. Salajengipun mbok bilih sedaya ingkang magepokan kaliyan tata cara ijab sampun satata, keparenga ijabing penganten lajeng katindakna. Mugi-mugi lampahing ijab penganten kekalih tansah manggihi wilujeng, nir baya nir ing sambekala. Mekaten atur kula tamtu kathah galap gangsulipun anggen kula matur, awit saking punika kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Wassalamualaikum Wr. Wb. Nuwun.

You might also like