You are on page 1of 4

Cerita Wayang 2013

Prakarya BASA JAWA Cerita Wayang Kelas 9-E SMPN 1 Kediri Tahun Ajaran 2012/2013

Jeneng anggota :
Hendra Rizky Kurniawan Novita Dwi Cahyani Pandu Kresna Prakasita Mayura Sari Vindo Putro Cahyo Utomo 11 18 20 21 25

Cerita Wayang 2013


Gladhen 1 Wangsulan 1. Bathara Guru 2. Akeh bencana. Gunung jugrug, samodra kocak, gludug jumeglug magenturan, lindhu sedina kaping pitu. 3. Para titah Ngarcapada karoban ing rasa was sumelang. Kabeh padha bingung sarta sambat piya-piye karo mlayu mrana-mrene kaya dudu karepe dhewe. 4. Gara-gara punika sejatosipun tuwuh saking pakartining narendra Koskendha inggih Prabu Nagapaya anggenipun kapengin nggarwa Bethari Supraba tetungguling widadari. 5. Prabu Nagapaya punika titah sawantah tur asipat diyu. 6. Resi Kanekaputra 7. Sukuning Gunung Jamurdipa 8. Sang Hyang Brahma, Sang Hyang Bayu, lan Sang Hyang Endra 9. Jenenge satriya iku amarga sembahane rakyat. Kabeh lelakune satriya iku kudu luwih apik lan bisa diatur uga bisa dadi contoh kang becik. Ancen manusia iku nduweni hak kanggo nduwe pengarepan nanging kudu panggah ana tata kramane. Ora mungkin sampe ngelanggar batesane dewa. Dewa kuwi jodhone widadari, yen buto jodhone uga buto. Nanging uga bisa buto jodhone widadari sing wis diterima perjuangane. Ten bejo uga kekarepane bisa teka. 10. Saklimah wae ora mlebu ing ati. Dijarne wae, ora ana sing digugu.

Cerita Wayang 2013


Nagapaya Krodha Wis pirang-pirang ulan Bathara Guru iku susah atine nanging ora ngerti apa sing dadi jalarane. Kabeh hiburan ora ana sing bisa nggawe atine tentrem kaya sakdurunge. Apa maneh langit sing mendhung tansaya nambahi sumpeke ati Bathara Guru. Kabeh manungsa padha geger amarga sungkawaning Bathara Guru. Akeh bencana sing kelakon ing kana, kabeh padha ora ngerti apa sing bisa dilakoni. Kahanane Kahyangan Suralaya banjur morat-marit. Banjur Resi Kanekaputra dhawuh marang Bathara Guru sing lungguh ing dhampar kencana Bale Mercukundhamanik yen asline prahara sing ana ning kene iku saka perbuatane Narendra Kaskendha yaiku Prabu Nagapaya. Nagapaya nduweni kepengen ndadekake bojo widadari sing paling ayu yaiku Bethari Supraba. Asline Prabu Nagapaya iku satriya nanging watake kaya buta. Kabeh prajurit disiapne kanggo nggagalake usahane Prabu Nagapaya sing wis ala nemen. Kabeh siap tempur ning Gunung Jamurdipa. Bathara Guru ngutus Resi Kanekaputra ngajak anak dewa sing kapilih luhur kanggo nyerbu Prabu Nagapaya. Jenenge para dewa kuwi mau yaiku Sang Hyang Brahma, Sang Hyang Bayu, lan Sang Hyang Endra. Sebanjure teka ing Gunung Jamurdipa wis dipapag marang prabu Nagapaya, Resi Kanekaputra uga seneng dipapag apik. Banjur Resi Kanekaputra dhawuh marang Prabu Nagapaya yen satriya iku kelakuane kudu luwih apik lan bisa diatur , manut tata krama, lan uga bisa dadi contoh liyane. Mula iku ora bisa yen satriya sampe ngelanggar batesane utawa aturan tata kramane dewa, yen dewa kuwi bakal dadi jodhone widadari lan raksesa ya karo sepadhane. Nanging uga bisa dadi jodhone karo widadari, nanging yo ora kabeh wong bisa kaya iku. Luwih apik yen nglakokake perjuangan iku mau, yen ancen bejo sing di kepengenake bakal kelakon kabeh. Dhawuhe Resi kanekaputra sing akeh kuwi mau ora ono sing digugu marang Prabu Nagapaya. Akhire ora sido damai malah perang.

Cerita Wayang 2013

Paraga: 1.Bathara Guru 2.Prabu Nagapaya 3.Resi Kanekaputra Panggonan: 1.Kahyangan Suralayau 2.Gunung Jamudipa *Pesan Yen ancen jodhone ora bakal ilang.Nanging dadi manungsa aja mekso utawa nduweni kapengenan luwih kang dudu takdire lan Aja seneng geger marang sapadha manungsa. : prihatin,welas asih,ambeg darma :ala,jahat,mekso kekarepan :adiluhur

You might also like