You are on page 1of 8

Gagal Kencan, Godhong Simbukan lan Arum Jamban

Sore iku sakwise sinau bareng, ing teras omahe Pras Pras, tulung ibu dijupukne godhong simbukan ning wetan kebon, dienggo campuran pepes Dhawuhe ibu Kathah napa sekedhik bu? jawabe Pras yo sakcukupe, ora sah akeh-akeh, cepet yo Pras Ngendikane ibu siyapppp, lets go guysss!!!! Pras aweh aba-aba marang balane Yudhi lan Pandu *** Ing kebon, katelune methiki godhong simbukan sinambi gegojegan, saka kadohan katon Endah kancane Pras sing ndilalah disenengi Pras amarga ayu tur pinter,karo nggawa barang sing mbrengkut . Ehemuhuk Yudhi ujug-ujug ndehem Opo Yud, kloloden kadal po? Takone Pras SstttPras sawangen sing lagi lewat, iku kan Endah, ayo gek diparani, diewangi kayane koq kabotan ngono Pandu nimpali Wahh..isin aku cah, ngko dikira nggodha Pras malah klecam klecem Yenulungi koq nggodha, ayo ahhh selak mesakne Yudhi sajak ora sranta Yudhi lan Pandu wusanane ninggal godhong simbukan hasil berburune ning dhuwur lincak sing ono kebon, lan Pras nututi ning mburi karo ngesaki godhong sing ambune kaya entut ing sak clanane *** Eh..Ndah, ki ben diewangi Pras nggawa tas e tekan omah yo, tenang wae Pandu langsung gawe instruksi sak enake dhewe tapi..Pan..titipane ibu piye? Pras rada kuatir Tenang bro, ngko kene sing ngrampungke beres pokoke Yudhi langsung menehi kode dua jempol ***

Sakdawane dalan nuju omahe Endah, Pras dadi menengan lan ora akeh omong kaya biasane, semana uga Endah sing biasane rada criwis ming mesem sambi nutupi irung kaya wong mambu ganda sing ora enak. nanging Pras tetep ora nyadar yen godhong simbukan sing ono ing sak clanane iku biang keladine, nganti tekan ngarep omahe Endah Nuwun yo Pras wis ditulungi Endah langsung mlebu omah, isih nutupi irung lan cepet-cepet ninggal,ora nawani Pras mampir kaya biasane Pras ming mlenggong lan saknalika sadar. Duh Gustipantes Endah nutup irung terus, mesti gara-gara simbukan arum jamban sialan iki Pras ngetokne godhong sing wis ajur-ajur lan ambune pancen njelehi

You might also like