You are on page 1of 1

Sugeng enjang para bapak lan ibu sekalian.

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu guru ingkang dahat kinurmatan, rencang rencang, saha adik kelas ingkang kula tresnani. Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun paring berkah kawilujengan dateng kita sedaya. Dene kula panjenengan sami saged makenpal wonten ing sekolahan kangge ngawontenaken perpisahan. Bapak lan ibu guru ingkang dahat kinurmatan, kula minangka wakilipun siswa lan siswi kelas 12 atur agunging panuwun dhumateng bapak lan ibu guru amarga sampun nggulawenthah dhumateng para siswa saengga saged ngampungake kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangipun tigang tahun, kanthi pikantuk surat tandha tamat blajar. Mboten keraos kula lan rencang rencang ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawitan mriki. Wonten ing adicara menika, kula nyuwun agengipun pangapunten saka bapak lan ibu guru amargi wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten ing sekolah mriki kula lan rencang - rencang menawi gadah kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten di sengaja. Mugi-mugi bapak ibu guru kersa ngapuntenaken sedaya kalepatan kula lan rencang rencang. Kula lan rencang - rencang kelas 12 ingkang badhe nilaraken sekolah punika tansah nyenyuwun lan ndedonga adik adik saged kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing sekolah mriki, kula minangka wakilipun rencang rencang kelas 12 tansah nyuwun, mugi mugi adik adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu dhumateng bapak lan ibu guru. Mboten kantun ugi kula lan rencang rencang kelas 12 tansah nyuwun dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, supados bapak lan ibu guru saha adik adik pikantuk kawilujengan. Kula lan rencang rencang awrat sanget badhe nilaraken sekolah menika amargi sedaya ingkang wonten dateng mriki sampun kados sederek lan kaluwarga. Namung amargi kula lan rencang rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing sekolah ingkang luwih inggil, kula lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken sekolah menika.

Mbok menawi wonten kirang tata krama lan kalepatan kula nyuwun pangapunten. Sugeng enjang lan matur nuwun.

You might also like