You are on page 1of 6

DINAS PENDIDIKAN

SMP NEGERI 3 LAWANG


UJIAN SEKOLAH TULIS
TAHUN PELAJARAN 2007/2008

Mata Pelajaran : BAHASA DAERAH


Kelas : IX (sembilan)
Hari, tanggal : Kamis, 22 Mei 2008
Waktu : 07.00 – 09.00 WIB. (120 menit)

PETUNJUK UMUM:
1. Tulis nama, kelas, nomor peserta, Anda pada lembar jawab.
2. Arsirlah atau hitamkan huruf A, B, C, dan D yang menurut Anda merupakan jawaban yang paling tepat.
3. Gunakan pensil 2B, dan penghapus karet yang baik.
4. Apabila ingin mengganti jawaban hapuslah jawaban tersebut dengan karet penghapus dan arsir/ hitamkan
jawaban yang benar.

I. PILIHEN SALAH SIJI JAWABAN A, B, C, ATAU, D SING PALING BENER!

PUTRI MENUR
Dening : Luxman Sanjaya

Dhek jaman biyen ana raja sing duweni putri sing ayu banget. Ayune uleng-ulengan, ora ana sing
bisa nandhingi. Menganggo apa bae ketok lan pantes.. Esem lan guyune marakake donya kaya-kaya melu
ngguyu seneng lan luwih endah. Menawa lagi mlaku-mlaku ing taman istana, kembang-kembang katon
ndingkluk rumangsa kalah endah karo sang putri.
Naliak Putri Mawar ngancik umur pitung taun, permaisuri nglairake adhine, Putri Menur jenenge.
Tapi beda karo mbakyune, Putri Menur iku rupane ora ayu, irunge gedhe tur pesek, mripate sipit, lan kulite
ireng. Masiyo ngono Putri Mawar sayang banget marang adhine. Menyang endi-endi mesthi dijak. Putri
Menur uga seneng marang mbakyune. Seneng nyawang rupane sing sulistya iku. Ana angen-angene Putri
Menur, dheweke uga ayu kaya ngono.
Tapi nalika ngancik remaja putri, Putri Menur ngrasakake ana sing beda antarane dheweke karo
Putri Mawar. Contone tangkebe wong-wong ing istanae, luwih-luwih ramane. Ramane olehe migatekake
Putri Mawar sajak keliwat-liwat. Apa wae butuh lan panyuwune Putri Mawar mesthi dikeparenngake. Putri
Mawar uga arep dijak nekani pesta-pesta. Suwalike, Putri Menur ora tau babarpisan.
Sawijining wektu, saking pengine weruh pesta sing jarene Putri Mawar sarwa endah, sarwa enak,
lan rame iku, Putri Menur manek-manekake matur ramane.
“Apa? Kowe pengin melu pesta?” ngendikane ramane semu duka
Kanthi ati-ditatag-tatagake Putri Menur manthuk
“he, Menur, rungokna ya! Kowe iku ora pantes melu pesta. Tiwas ngelek-eleki thok. Kowe iku ora
padha karo Mawar, eling-elingen!” ngendikane Sang Raja karo miyos.
Putri Menur ngerti menawa ramane ora seneng karo dheweke. Tapi apa sebabe? Kanthi luh
dleweran Putri Menur mlayu mlebu kamare. Para emban sing meruhi kedadeyan mau mung pandheng-
pandhengan sakancane.
Nganti sawijining dina Sang Raja Nganakake pesta gedhe ngundang para raja ing sekitare. Putri
Mawar dijak dadi tuan rumah ngancani rama lan ibune. Dene Putri Menur, kaya adate diutus ana jero
kaputren bae ora oleh metu. Atine sedhih banget. Kanggo nylimur, Putri Menur mloka-mlaku ing jero
kaputren kono. Wira-wiri ing taman kaputren sing endah. Tapi ora ana sing bisa nglipur atine. Mula Putri
Menur arep mbalik menyang kamare.
Kanthi ulat peteng, Putri Menur mlebu kamare. Mak jegagik. Jebul kleru mlebu kamare Putri
Mawar. Sasuwene iku Putri Menur durung tau mlebu kamar kono. Awit senajan Putri Mawar iku sayang
banget, tapi dheweke ora diolehi mlebu kamare. Saiki kesempatan kanggo ndeleng-ndeleng.
Soal apike kamar, padha bae karo kamare dhewe. Tapi….apa kae ing tembok sisih kana? Kok ana
barang kumilat amba tumemplek. Putri Menur ngadeg ana ngarepe. Ing kono ana gambare bocah
sabarakane. Nanging gambar kuwi bisa obah, nirokake sapari-polahe Putri Menur. Suwe-suwe Putri Menur
sadhar yen bocah kuwi uga nganggo klambi kaya klambine.
Jaman semana Putri Menur pancen durung tau weruh pangilon. Sebab wiwit kaweruhan rupane
elek, Sang Raja dhawuh supaya kabeh pangilon ing istana dicopoti, kejaba sing ana kamare Putri Mawar.
Mula Putri Menur ora diidini mlebu kamar kono, ben ora weruh yen sejatine rupane beda karo Putri Mawar.
Nanging suwe-suwe Putri Menur iya nggraita. Kok gambar sing ana barang kumilat iku padha
samubarange karo dheweke? Aja-aja kuwi pancen gambare dhewe. Nanging geneya rupane bocah ana
gambar kuwi elek? Kok ora ayu kaya Putri Mawar? Ya wektu kuwi Putri Menur lagi ngerti yen rupane
pancen elek, mula ramane ora seneng. Mamula kok ora tau pareng ndherek pesta.
Bengi iku uga, kanthi sesidheman nggembol ati susah, Putri Menur ninggal istana. Ora sangu apa-
apa. Perhiasane barang dicopoti kabeh. Mlaku dhewekan nlusuri dalan-dalan kang sepi lan peteng, ora ngerti
papan kang dituju. Suwe-suwe, saking kesele, ana ngarepe sawijining omah gubug Putri Menur kesandhung,
tiba.
“Adhuh!” sambate

1
Lawang gubug kuwi menga. Ana wanita setengah tuwa metu.
“Lho, sapa kowe kok bengi-bengi mlaku ijen? Ayo mlebu kene wae, aku isih duwe sega,” kandhane
karo nulungi Putri Menur nuli dituntun mlebu gubuge. Putri Menur dikongkon lungguh, nuli dijupukake
sega salawuhe.
Sanajan larane durung ilang, Putri Menur gumun weruh kahanan ing kono. Kabeh sarwa prasaja
lan elek. Dalasan sega ing ngarepe bae rupane uga mangkak. Tapi cepet-cepet pikiran ala iku dibuwang. Putri
Menur ora pengin ngeling-eling istana maneh. Mula sega ing ngarepe enggal dimaem telap-telep. Rasane atos
lan aneh. Semono uga iwake. Uasinnn, tapi lumayan enak.
Wiwit wektu kuwi Putri Menur melu Mbok Ipah. Saben dina ewang-ewang Mbok Ipah sing dodolan
ana pasar. Rasane angel lan kidhung banget. Wong kulina urip ing istana. Tapi kanthi tlaten Mbok Ipah
muruki, masiya ing batin gumun, bocah wis gedhe kok durung bisa tandang gawe blas.
Urip bareng Mbok Ipah njalari Putri Menur tinarbuka. Jebul kahanan rakyate mrihatinake banget.
Kosok balen karo gumebyare istana. Uripe sarwa kakurangan, ewa semono isih kudu mbayar pajeg sing ora
sethithik gunggunge. Yen bengi kahanane peteng dhedhet, durung kesrambah listrik, marahi akeh maling
gentayangan. Durung maneh dalane pating gronjal watu thok. Kathik gote padha mampet, nyebabake yen
udan mesthi banjir.
Sawijining wektu Putri Menur krungu wara-wara menawa Sang Raja gerah nemen, merga
menggalih Putri Menur sing ilang. Ana ngendi bae panggonane, Putri Menur di utus bali menyang istana.
Sang Raja ngakoni kaluputane nyia-nyia putrane mau, lan janji wiwit wektu kuwi ora bakal mbedak-
mbedakake Putri Mawar karo Putri Menur.
Krungu kabar kuwi Putri Menur bingung. Dheweke pengin mbalik menyang istana. Nanging atine
rangu-rangu. Isih durung bisa nglalekake tangkebe ramane dhek semana. Apa tenan saiki bisa oawah?
Wekasan Putri Menur kandha blaka marang Mbok Ipah wiwit mula bukane lelakon nganti pungkasan, ora
ana sing kliwatan.
Mbok Ipah mesthi bae kaget. Ora ngira yen anak pupune iku jebul putrane raja. Sasuwene iki Putri
Menur ngaku lola, ora duwe bapa biyung.
“Putri,” Mbok Ipah sing biasane mung ngundang Menur, saiki ngowahi adat. “Panjenengan becike
mangkat wae menyang istana. Mesake kang rama nganti gerah menggalih panjenengan. Dikapak-kapakna
panjenengan iku putrane. Duraka menawa panjenengan ora kersa ngapura rama penjenangan piyambak.,”
Krungu pitutur mau Putri Menur ora kumecap. Nimbang-nimbang. Wusana gelem menyang istana
waton diterake Mbok Ipah. Tekane ing istana ditampa kebak rena. Sang Raja kang sasuwene iku mung sare
wae, krengkang-krengkang wungu. Putra ragile iku dirangkul kenceng lan disun bola-bali. Panjengengane
uga nyuwun ngapura, lan ngutus Putri Menur kumpul maneh ing istana.
Putri Menur nuruti pamundhute ramane kanthi syarat ramane kersa nggatekake kawula cilik. Sang
Raja nyanggupi. Lan durung nganti setengah taun wis ketok owah-owahan sing nyolok. Dalan-dalan ing
wilayahe dadi alus lan padhang rina-wengi. Got-gote resik, banjir ilang. Sing luwih penting maneh rakyate
dadi luwih makmur merga dibebasake saka pajeg. Akhire Sang Raja sadhar yen Putri Menur iki senajan ala
rupane nanging sulistya atine
Kepethik saka : Jaya Baya No. 15 9 Desember 2001
1. Irah-irahan crita ing dhuwur yaiku…
a. Putri Mawar c. Putri Salju
b. Putri Menur d. Putri Melati

2. Crita ing dhuwur dianggit dening……


a.Sapta Brata c. Luxman Sanjaya
b. Ismoe Riyanto d. Syam Ende

3. Sapa bae paraga ing crita kasebut?


a. putri mawar, putri salju, rama lan ibu
b. rama lan ibu, putri mawar, putrid menur, mbok ipah
c. mbok – ipah, raha, putri mawar
d. rama ibu, putrid salju, putri melati

4. Sapa sing nulung putri menur nalika deweke ninggalake Istana?


a. mbok ipah c. mbok sura
b. bu sarti d. mbok ijah

5. Permaisuri nglairake putrid Menur nalika putri Mawar umur…..


a. patang taun c. nem taun
b. limang taun d. pitung taun

6. Putri Menur gelem bali menyang Istana tapi dheweke duweni syarat sing kudu dituruti ramane. Syarate
yaiku…
a. kersa nggatekake kawula cilik c. putri mawar kudu lunga saka istana
b. ora nyia-nyia putri menur d. putri menur luwih disenengi katimbang putri
mawar

2
7. Crita putri menur kapethik saka majalah….
a. Jaya Baya no. 15, 9 Desember 2001 c. Damar Jati no. 15, 10 Desember 2001
b. Penyebar Semangat no. 15 , 9 Desember 2001 d. Kartini no. 15, 11 Desember 2001

8. Bengi iku uga kanthi Sesidheman nggembol ati susah putri Menur ninggalake istana. Sesidhewan
tegese….
a. singitan c. kependhem
b. meneng-meneng d. dedelikan

9. Kanggo nylimur, putri Menur mloka-mlaku, riwa-riwi ing taman Keputren sing endah, tapi ora ana sing
bisa nglipur atine. Nglipur atine tegese….
a. nyenenga atine c. gawa atine
b. njupuk atine d. nyusahake atine

10. kanthi ulat peteng putri Menur mlebu kamare putri Mawar. Ulat peteng tegese…
a. seneng banget c. praupane sedih
b. susah banget d. isin banget

11. ing kasussastraan Indonesia, parikan iku padha karo….


a. pantun c. cerpen
b. puisi d. peribahasa

12. Tuladhane basa ngoko alus yaiku….


a. Ton, bukumu iku lebokno tas c. Benjing kula wangsul enjing
b. panjenengan apa wis dhahar d. Sinten ingkang kagungan buku menika?

13. Tumrap wong jawa, tindak tanduk, ngomong, nganggo klambi iku ana….
a. tata kramane c. unggah-ungguhe
b. panggonane d. carane

14. Asil karya sastra modern, wujude puisi ora kaiket ing aturan guru gatra, guru lagu, guru wilangan.
Kaendahane mapan ing pilihane tembung lan rerenggan basa kang digunakake diarani….
a. geguritan c. cerbung
b. cerkak d. parikan

15. Dongeng iku penting banget kanggo ndhidik lan mulang, sebab ing dongeng iku akeh…
a. pitutur bacik c. mantrane
b. gorohe d. japa-japune

16. Karya sastra jawa modern, wujudake gancaran, isi crita sakeplasan kanthi cara ringkes diarani….
a. geguritan c. Roman sacuwil
b. tembang d. cerita cekak (cerkak)

17. Karya sastra jawa iku bisa kawca ing Majalah basa jawa utawa kalawarti, kaya ta….
a. Jaya Baya, Penyebar Semangat, Lyberti c. Jawa Pos, Posmo, Solo Pos
b. Jawa Pos, Jawa anyar, Jawa dwipa d. Jaya Baya, Penyebar Semangat, Damar Jati

18. Setting utawa latar kang ana ing cerkak iku bisa awujud….
a. wektu, paraga c. wektu, panggonan
b. panggonanm alur d. alur, tema

19. Urutan kedadeyan ing crita ing karya sastra, saka wiwitan nganti wekas an diarani….
a. paraga c. setting
b. alur d. piweling, amanah

20. Adigang adigung adiguna, iku tegese wong kang….


a. ora duwe isi, sanajan wis disindir meksa nekad wae
b. wong sakti mandraguna, nanging ora pamer malah ketok nutup-nutupi kasektene
c. ngendelake keluhurane/ derajat/ pangkat, kekuatan lan kepinteran
d. akeh sadulurane, sugih lan akeh kenalan

21. Unen-unen utawa ukara sok uga bisa awujud gambar, pepethan kang dhuweni teges angka tahun
diarani….
a. paribasan c. wangsalan
b. sengkalan d. parikan

22. Unen-unen utawa ukara sok uga bisa awujud gambar, pepethan kang dhuweni teges angka tahun jawa
diarani….
a. candra sengkala c. jaya sengkala

3
b. surya sengkala d. sengkalan memet

23. Unen-unen utawa ukara sok awujud gambar, pepethan kang ndhuweni teges angka taun masehi
diarani….
a. jaya sengkala c. candra sengkala
b. sengkala memet d. surya sengkala

24. kangge nyegah kenging flu burung, pakulinan pola hidup sehat kadah dipun gatosaken. Dhahar
seimbang lan bergizi, istirahat ingkang cake plan olah raga ingkang teratur seged njaga lan ngindahaken
daya tahaning badan. Menawi wonten ayam, peksi ingkang kenging infeksi flu burung. Saenipun dipun
basmi kemawon dene ayam, peksi ingkang sehat kedah dipun vaksinasi. Ing bab dhaharan pengolahing
daging ayam kedah milih ingkang sehat lan dipun masak ngantos suhu 800 C, yen tigan ngantos 640C.
Gagasan pokok saka wacan ing dhuwur yaiku….
a. pola hidup sehat punika dhahar kanthi gizi seimbang, istirahat cukup, olah raga teratur
b. Ayam, peksi ingkang kenging flu burung dipun basmi kemawon
c. daging ayam kedah milih ingkang sehat lan dimasak ing suhu 800C
d. kangge nyegah kenging flu burung pakulinan pola hidup sehat dipun gatosaken

25. Kajaba saka iku, Hen Lumantar layang iki aku uga ngabari menawa minggu ngarep iku sekolahanku arep
“Sinau wisata” menyang Malang. Mula yen mengko ana wektu aku kepingin banget bisa ketemu karo
kowe. Wis pirang taun ya ora ketemu? Kira-kira telung taun, saiki aku wis kelas 9, mengkomo uga
awakmu…….. Kutipan layang ing dhuwur kalebu perangan layang…
a. bebuka c. wasana basa
b. surasa basa d. titi mangsa

26. Sembah sungkem saking ingkang putra, mugi katur ing Rama saha Ibu ing dalem. Ukara ing dhuwur
kalebu bageyan…..layang
a. paprenahan c. titi mangsa
b. adangiyah d. wasana basa

27. Panulisane alamat surat sing dituju ing amplop kudu jelas lan gampang dingerteni, tuladha ing gisor iki
sing bener yaiku….
a. Mugi katur c. Kanggo sliramu,
Eyang Nugraha, S.Kar Nimas Panjerina
Ing Jl. Pendem Gang II/324 Ing ngendibae
Jati Luhu – Banjarnegera
b. Saking kula d. Kagem
Lintang Asmara Dhimas Aryadipa
Ing Surabaya Ing Daleme Simbah
Buyut
Semarang

28. Sadurunge nindakake wawancara pitakon –pitakon ing wawancara iku becike….
a. wis dicepakake, disiapake cocog karo tujuan
b. ndadak bae yen nara sumbere bisa ditemoni
c. apa jare anggota kelompok liyane, sing penting katut
d. ngenteni katerangane nara sumber dhisik

29. Ing cengkorongane wawancara iku kudu nyebutake…..


a. tema, tujuan, nara sumber c. tujuan, judul, sing diconto
b. sing ngatur wawancara, kancane d. tema, nara sumber, panggonane

30. Sawise nindakake wawancara, para siswa kudu bisa ngolah asil wawancara dadi….
a. karangan c. laporan
b. geguritan d. tembang

31. Ing tata panulisane aksara jawa, kanggo nulis jeneng (jeneng panggonan, bebadan hokum, uga asmane
uwong) digunakake aksara….
a. rekan c. pasangan
b. murda d. angka jawa

32. Aksara swara iku dudu aksara murda, mulane menawa wis ana aksara swara….
a. ora perlu maneh aksara murda c. isih bisa ketambahan aksara murda
b. ora mbutuhake pasangan d. kabeh wangsu;lan salah

33. Panulisane tembung sing mbutuhake aksara swara yaiku…


a. omah c. epos
b. ibu d. aku

4
34. unine ing aksara latin yaiku…….

a. komet Mesterius c. planet uranus


b. planet saturnus d. komet Taurus

35. unine ing kasara latin yaiku….

a. raras sing kusu mawar buknya wiji c. marasing kusuma dirabuk siji
b. rarasing kusuma marbuk nyawiji d. warasing kusuma serbuk nyawiji

36. Rega lenga njaluk mundhak, yen ditulis ing aksara jawa yaiku….

a.

b.

c.

d.

37. Ghufron mbayar zakat fitrah, yen ditulis ing aksara jawa yaiku…..

a.

b.

c.

d.

38. Panulisane tembung kang = Subekti dadi Mu’adzin, yaiku…

a.

b.

c.

d.

39. Eyang ngendika “mengko renea Maneh!”, yen ditulis ing aksara jawa yaiku….

a.

b.

c.

d.

5
40. Bung Karno lair tanggal 6 Juni 1901. Tulisen aksara jawane!

a.

b.

c.

d.

II. Wangsulana pitakon –pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang patitis!

41. Sebutna pandhawa lima kanthi urut saka kang tuwo!


42. Gawea pacelathon (percakapan) antara siswa lan guru utawa putra (anak) lan wong tuwo (Bapk/ Ibu)
kanthi nggunakake basa kang bener manuting unggah-ungguh basa jawa!
43. Aksara rekan iku cacahe ana pira? Sebutna lan tulis aksarane!
44. Tembang macapat ing ngisor iki jangkepana supaya dadi tembang macapat kang bener!
Kinanthi wajibing murid
…………….wajibipun
Mbangun turut…..seyekti
Guru……………ibu………..
Sinaune datan…………………………..
………………….bentenging bangsa
Nindakake dawuhing……………….

45. Apa sing diarani:


a. guru gatra
b. guru wilangan
c. guru lagu
46. Wong legan golek momongan tegese…….
47. Salinen ing aksara latin !

48. Salinen ing aksara latin!

49. Tulisen aksara jawa!


Dodolane warna-warna, kaya ta = gedhang, dhuku lan anggur

50. Tulisen ing aksara jawa!


Siti Khasanah duwe banyu zam-zam!

You might also like