You are on page 1of 1

S : buk, mbenjing tanggal 16 desember ngantos 20 desember kula badhe mbeto sapu dateng sekolah kangge lomba kebersihan

kelas. W : lha kok ngenekake lomba kebersihan kelas I dalam rangka opo to nduk? S : kegiatan menika miturut putusan rapat OSIS kala wulan oktober buk W : sing juara opo yo diparingi hadiah? S : Nggih angsal buk W : hadiah e opo ? S : hadiahipun ingkang nyawisaken saking panitia sinaoso pendhaftaranipun gratis dadosipun kula mbten ngertos nopo hadiahipun? W : yo yo. Nanging sapu ono ngomah isih arep dingo i nduk. S : lah. Pripun buk? W : ngene wae, mengko kowe ngepit menyang tokone mbak ida tuku sapu. Kowe iki ngopo kok tanganmu ngathung koyo ngono? S : nyuwun arto buk. Kan badhe tumbas sapu menika mbetahaken arto buk. W : nyo, iki S : tirahanipun kula suwung nggih buk? W : yo pek en dingo tuku pulsa kono S : haha matur nuwun buk. Buk, kula nyuwun pamit badhe tumbas sapu rumiyin. W : yo nduk, sing ngati ati

You might also like