You are on page 1of 1

Aji Wimanasara

Iku sisireping durjana : Hong, Ingsun amatak ajiku sirep Wimanasara, kang ana Bgananda, kumelun nglimputi ing mga malang, bul peteng dedet alimengan, upas racun daru-besi, pet pepet kemput bawur wora-wari aliwawar tekan Wimanasara, kang katempuh jin, setan, peri perayangan, gandarwa, jalma manungsa, tan wurung ambruk lemes wuta tan bisa krekat, bleg sek turu kepati, babayun rinacut lemes tan obah, saking kersaning Allah. Patrape durjana anggon matak aji, ngadeg jejeg ing sangareping omah kang disirepi, sarampung matak aji, tumenga ing ngakasa ngundang tumurun Wimanasara, pangundang muni : hong, mret, mret, mret, nuli tumungkul ing pratiwi njejak lemah kaping 3 ora ambegan. Lakun mutih 21 dina lan patigeni 3 dina 3 bengi, wiwit dina Rebo Pon. Sumber: Primbon Ajimantrawara Label: Aji-Aji, mantra kuno

You might also like