You are on page 1of 4

PASANGGRAHAN REPAT KEPANASAN

Sukuning gunung Jamurdipa, aneng sasana jembar prasasat tanpa pagut, tinepi ilining endhut blegedaba saking kawah Candradimuka, kelun kumendheng hanapeg hawa benter. Punika ingkang. awasta bacira Suralaya Repat Kepanasan. Papan gawat sinung wingit, bebasan jalma mara jalma mati sato mara prapteng tiwas. Sanadyan mangkono, ana titahing dewa kang cumanthaka masanggrah wonten madyaning Repat Kepanasan, nenggih punika utusahing narendra ................. pangkat nindya mantrimuka, rekyana patih ................ Denira masanggrah hangentosi dhawuh saking Hywang Pramesthi, sambet klayan nawala ingkang katur dhuk warsa kang kepungkur. Pakuwon winangun tendha-tendha bebanjengan, tinarik talining palwa, tepine pinacak pathok, tengahe sinangga wreksa geng sak prangkul. Gora santosa hadeging pasanggrahan, pramila datan ebah dening

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

rosaning prahara, tuwin datan gonjing saking rosaning lindhu prakempa. Wus sawetawis tri candra rekyana patih .............. masanggrah aneng Repat Kepanasan. Bawane papan mriku tebih toya, pramila para wadya ingkang ewon cacahe sajuga kewala tan wonten ingkang adus. Lamun sinawang wadana payus, gandane arus, rikma gimbal gabul ladhu, busana ngarencang katon lawas. Parandene para wadya datan arsa wangsul, binasakaken windonana, tahunana, paripaksa dhedheple wonten Repat Kepanasan lamun tan antuk wahgsulan saking para Dewa. Siang ratri tan kendhat denya gegladhen yuda. Surak gumuruh hambata rubuh, senajanta den clorongaken ngawiyat, kethapkethap dhawahe tinampi sirah, parandene senjatane ingkang putung dadya sawalangwalang. Ana saweneh kang ngundha sela gilang, dhawahe tinampi mustaka, padha sanalika sela sumyur ajur dadya wedhi. Dhasare nyarengi ketiga dawa, bledug ngambara laya wor klayan ampak-ampak kang hanasapi lengkehing gunung Jamur Dwipa, pramila madyaning pasanggrahan katingal ngendanu yayah kasasak rosaning lesus
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

pinusus. Kumlebet gendera kasambet rontek, umbul-umbul tinon ngendanu yayah himanda ing mangsa rendheng. Tumbak ngrangah hanjatingarang, pzyriah rinajeg yayah landhak kekirig sampet busasaning para prajurit, kere waja, tameng, towok datan kuciwa. Titihan jinajaran nenggih kreta kencana, joli jempana, gajah ingumbar aneng wantilan, kuda cinancang oneng ngandhaping wreksa. Nuju hari sajuga, rekyana patih .............. miyos ing pendhapi, lenggah dhampar sela kresna, sesemek babuti premadhani. Awrat ngemban dhawuhing nata, pramila kumitir, telenging pikir, sumelang wor nelangsa telenging nala. Saben-saben hanggung tebah labet jrih kalamun datan lebda ing karya. Sesanggemaning sang patih nenggih nyuwun widodari Kahyangan. Dewi ...................... kinarya jatukramane sang nata Prabu .......... Saking praja wus pinaringan purba wasesa, kalamun dewa datan kersa maringaken widodari sajuga, Kahyangan kinen handamel sungsang bawana balik. Ingkang kepareng marak munggweng ngarsa, nenggih punika abdi jineman wanita kekasih Emban Layarmega. Sinambet
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

pisaowane Tumenggung Dentayandana ingkang sarimbit klayan Tumenggung Dentawilugangga. Sumambung pasebanira panakawan sabrang nenggih Ki Tejamantri klayan Sarawita. Pisowanira Togog tuwin Bilung minangka paranpara, labet sang Togog wus datan kasamaran marang kliwering kahyangan. Dupi wus sawega, patih ......................... sigra paring dhawuh, mangkana wijiling sabda.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like