You are on page 1of 5

PERTAPAN SENDHANG CINTAKA

Madyaning wanamarta ering kidul wetan, ana gumuk kinayoman wreksa mandira jajar sanga, imbanging gumuk sinung tlaga ingkang wening tirtane. Marga manghayat winaradin dadya talundhagan hanjog mring padhepokan, tuhu punika prenahing pertapan Sendhang Cintaka. Kalamun pinandeng srana netra walaka, ingkang katingal hamung gumuk kinembong ijeming gegodhongan miwah pepasren kembangkembang kang lagya megar. Madyaning tlaga katingal sekar tanjung kumambang, warni-warni ulese, ana sekar pudhak tanjung seta, kembang pudhak tanjung sindura, pudhak tanjung jenar miwah sekar pudhak tanjung biru. Pramila ing sendhang cintaka ngantya katelah kedhatoning sekar pudhak.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Dupi sinawang srana manthenging pangesthi sinartan manungku puja semedi maladi hening, tengkeping netra kapanduk prenahing gumuk, ing mriku katingal pendhapi sarwa kencana minangka sramane pandhita kang gentur tapa. Pendhapi wangun limasan pinayu sirap tembaga

sinangling, pinggire kinancing wuwung saking selaka menur. Saka guru wesi balitung sak prangkul gedhene, saking ngandhap manghayat minggah den ukir embane lunging gadhung lagya rumambat. Ompak geng sela gilang, cakeping ukup saking parunggusari, pinetha sekar cepaka ingkang lagya megar. Jerambah jejobinan tinalasah sela kaca, cinawi ing tepi tinon kekancing mas ginepeng, naratas prapteng talundhagan saking sela

sumayana tinata tinundha-tundha kadya cinandhi.


Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Palataran jembar jinangkepan pepasren kadya tamansari. Kembang-kembang jinembangan,

cinawi sekar kang manglung mrambat luhuring beji. Saben padon rinengga pancuran, tirtane wening hanjog mring balumbang, keh mina kang samya kekenjer nenggih wader pari, badher bang, tambra lan tawes, datan kantun wader pari lan iwak mas samya mataya. Gawat kaliwat wingit kepati madyaning pertapan Sendhang Cintaka. Tangeh ana jalma kang kuwawi ngambah pertapan, aja ta lamak manungsa, nadyan bangsa seluman priprayangan tan wanuh marang pertapan. Iber-iberan datan kuwawi ngambah luhuring padhepokan. Lamun ana peksi ngambah luhuring pertapan, yekti dhawah kalenggak temah dadya kantaka. Saget

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

waluya wusnya antuk pangapura saking wiku kang mangasrama ing sendhang Cintaka. Lah sinten ta ingkang mangasrama ing pertapan Sendhang Cintaka, peparab Begawan Wilawuk. Pandhita jim apaes yaksa, sekti mandraguna labet wiwit jabang wus nglampahi tarak brata. Lamun jumeneng hangregemeng, lamun ndhodhok katingal mbegogok. Netra mencorong kaya mripate kucing candramawa. Wadana abrit yayah kembang wora-wari, grana mungal lir canthiking palwa. Godheg wok simbar dhadha, rawis putih kinepel sisih, jenggot nglawer pindha suluring waringin kurung, tutuk menga, waja geng belah kedhaton, jatha modot sak gedhang ambon gedhene. Nuju hari Anggara ing madya ratri, sang Begawan Wilawuk miyos aneng pracabakan labet
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

tinangisan

putra

sajuga

nenggih

Dewi

Jimambang. Sang putri nyumpena pinanggya klayan panengah Pandhawa Dyan Permadi, dupi wungu nendra, Jimambang kenging bedhoring asmara temah kayungyun mulat kebagusane sang Pamadya. Jimambang tan saget ngicalaken citrane sang pekik, temah siang ratri datan hamboga miwah tan nendra. Nggagra kusikane katingal kera hanggagang aking. Ngrerepa datan kemba, lamun den ripih tangeh sagete lilih, pramila sigra ngrungkepi pangkone sang rama sarwi tawan tangis. Ilining waspa yayah toya narmada tan wonten pedhote. Jejering sepuh kang wus pana ing pamawas, Begawan Wilawuk sigra paring dhawuh,

mangkana pangandikane sang pandhita yaksa tumanduk marang kang putra Jimambang.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like