You are on page 1of 1

Palestina

(Dening : Dewantara Pamungkas)

Omah sing digawe kanggo nyuwarakake perdamaian saiki wis ora kena dipanggoni. Akeh wong sing kelangan omah, amarga omahe padha di bom karo pesawat tempur saka langit Palestina. Pesawat kuwi cacahe akeh banget. Palestina keadaane panas banget, apa maneh ditambahi karo paperangan sing ora rampung-rampung. Paperangan sing terusterusan kuwi malah nambah-nambahi wong Palestina dadi panas atine.

Suwara bedhil lan bom iku wes dadi rungon-rungone wong Palestina. Meh sabendina wong Palestina isa ngrungokake suwara bedhil lan bom. Tapi tentara Palestina ora gampang nyerah nganti kringet lan getihe isa nyampur dadi siji, amarga panas lan catu kena bedhil. Negara liyane ya akeh sing melok ngrewangi Palestina, amarga negara kuwi eling nalika akeh kedadeyan-kedadeyan mudhune wahyu saka sing kuasa ing Palestina. Tapi, musuhe kaya ora peduli karo kedadeyan sing suci kuwi. Nganti Palestina dadi pusat perhatiane wong sak donya.

Amarga paperangan kasebut, ing sakdawane kali Yordan akeh wong mati. Ing kadadeyan kuwi wong sing perang lan kaluwargane padha pisah dewe-dewe akeh wong padha takon-tinakon padha nggoleki sadulure banjur nangis rerangkulan. Saiki paperangan kuwi wis rampung kari crita sing gawe ati gela. Kabeh wong Palestina saiki kepingin urip sing ayem tentrem. Tapi kapan kuwi kabeh bisa kaleksanan?

Bimo Triyudanto Rohmat Syahrul

VII 5/07 VII 5/25

You might also like