You are on page 1of 1

SLIRAMU ING ATIKU Dening Vita zulfiah

Dina-dina wis rinonce dadi taun Nanging isih sliramu sing nyata ana ing atiku Saklawase ora tau ketemu Nanging isih sliramu sing dadi impenku Sliramu wis beda ora kaya biyen Segara lendhut wis ngleremake esem madumu Eluhmu saya deres Kaya udan tiba tanpa swara Ndredes mbrebes nganti pipimu Aku ngerti apa kang dadi kesusahanmu Aku bisa ngerti apa kang dadi susahne atimu Aku bisa ngerti sepine atimu Wis... Aja suwi-suwi ngeratapi kesusahanmu Amarga ana aku ing kene Senajan aku dudu srengenge Nanging aku bisa gawe anget atimu Senajan aku dudu angin Nangin aku bisa nyejukake atimu Sing lagi keselimutan duka

You might also like