You are on page 1of 22

1 Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

A. Purwaka Kasusastra Jawa minangka wujud kasusastran sing paling tua. Anane kasusastra Jawa sing awujud tembang minangka bukti yen kasusastran Jawa iku minangka kasusastran sing tua. Sastra minangka sarana kanggo pangulawentah, mula kasusastran Jawa Baru iku minangka sastra kang digunakake kanggo mulang utawa ngulawentah. Serat Wira Wiyata minangka kasusastran Jawa Anyar Klasik sing minangka sarana kanggo panggulawentah. Serat Wira Wiyata iku minangka serat kanggo mulang para prajurit, iki gayut karo irah-irahane Wira Wiyata, Wira nduweni teges prajurit lan Wiyata nduweni teges piwulang. Mula serat Wira Wiyata iku minangka karya sastra sing digunakake kanggo mulang para prajurit mligine ing babagan kasatriyan lan patriotisme. Serat Wira Wiyata kang sabanjure bakal dicekak SWW minangka wujud karya sastra anggitane KGPAA Mangkunegara IV ing taun 1788 taun Jawa, kanthi sengkalan murtyastha amulang sunu. SWW minangka salah sawijine wujud kasusastran Jawa Anyar Anggitane KGPAA Mangkunegara IV. SWW minangka wujud karya sastra piwulangan ing kasusastran Jawa Anyar sing awujud tembang kanthi 2 pupuh yaiku pupuh sinom cacahe 42 padha lan pupuh pangkur sing cacahe 14 padha. Piwulangan sing ana ing SWW iku mligi piwulangan kanggo para prajurit sing ana ing Mangkunegaran mligine lan kanggo para prajurit ing Negara Indonesia umume. Patriotisme iku minangka sikap sing diduweni deningv warga negara negara sing gelem lan wani mebela negarane ana uga sing ngarani Cinta Tanah Air. Patriotisme iku minangbka sikap sing kudu diduweni dening warga negara, kanthi anane sikap patriot iki sawijine negara bakal bisa lumaku kanthi besik lan tentrem. Patriotisme yaiku sikap sawijine manungsa sing gelem lan lila legawa ngorbanake apa wae kanggo jaya lan makmure tanah aire dhewe (KBBI, 2007: 837). Saka teges iku bisa diarani yen patriotisme iku minangka wujud sikap sing kudu diduweni dening kabeh masyarakat kanggo nggawe kamakmurane bangsa lan negara.

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

2 Anane tembung patriotisme utawa patriot ora bakal bisa uwal saka anane prajurit utawa satriya. Prajurit yaiku warga negara sing wis disiapake lan diwenehe gegaman kanggo tugas-tugas ngukuhake negara kanggo ngadhepi ancaman miloiter utawa ancaman senjata (UU no 34 Tahun 2004 ngenani Tentara Nasional Indonesia). Saka teges iku satriya iku minangka pirantine negara sing nduweni jejibahan kanggo njagga negara. Satriya utawa prajurit iku minangka wong sing kudu nduweni sikap patriot marang negarane. Mula kanthi anane SWW bisa menehi piwulangan kanggo para prajurit supaya bisa nduweni patriotisme sing becik. Piwulangan kanggo para prajurit iki ana ing SWW. Kepriye sikap sing kudu diduwenib dening prajurit lan patuladhan sing kepriye sing cocok karo patriotisme prajurit iki? Kanthi anane masalah sing kaya mangkana iku mula bakal kaanalisis maneka werna sikap lan tumindak sing bisa mujudake patriotisme prajurit utawa satriya. Wujud patriotisme satriya ing Serat Wira Wiyata bakal dadi punjere panaliten iki.

B. Patriotisme Patriotisme iku saka tembung patriot oleh wuwuhan isme, dene tembung patriot iku saka tembung patria. Mula patriotisme iku bisa diarani minangka wujud tresnane marang nusa ,lan bangsa. Kaya kang wis kaandharake ing perangan ndhuwur yen patriotisme iku minangka wujud sikape warga negara kanggo njaga katentremane negara. Patriotisme iku minangka sikape warga negara, saben warga negara iku kudu nduweni trena marang nusa bangsane (ibu pertiwi). Iki padha karo kawajibane warga negara ing pasal 30 ayat 1 ing UUD 1945 sing unine saben-saben warga negara nduweni hak lan kuwajiban kanggo melu njaga kaamanan lan kokohe negara. Saka anane iku mula patriotisme iku minangka wujud sikap sing kudu diduweni dening warga negara mligine kanggo para satriya. Patriotisme iki bisa diperang ana loro (2) yaiku patriotisme buta lan patriotisme konstruktif. Patriotisme buta bisa diarani minangka sesambungan sing raket marang Negara kanthi ciri khas sing ora nakokake apa sing diwenehake dening negara, yen ing wayang iku kaya wujud otoriter kaya Hilter lan Nazi. Patriotisme buta utawa blind
Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

3 patriotism iki bisa diwujudake kanthi melu perang lan melu ngawe utuhe sawijine negara. Patriotisme konstruktif yaiku wujud patriotisme sing isih bukak kritik lan pitakonan saka masyarakat, patriotisme wujud iki luwih kabuka tinimbang patriotisme buta. Wujud saka sikap patriotisme iki bisa dideleng saka sikap sing diduweni dening prajurit utawa satriya. Satriya yaiku wong sing nduweni kuwajiban kanggo njaga katenteman lan kaamanane negara. Mula satriya iku minangka warga negara sing nduweni kuwajiban kanggo njaga katentremane negara sing kudu nduweni sikap patriotisme.

C. Analisis lan Andharan Analisis lan andharan ing kene bakal nganalisis maneka werna sikape satriya lan paatriotisme sing ana ing SWW. Kanthi nggunakake teori patriotisme lan tegese patriotisme sing ana ing ndhuwur iku bakal nganaisis patrtiotisme sing ana ing SWW. Perangan analisis lan andharan iki kaperang dadi, tuladha patriotisme lan prajurit sing becik, syarat-syarat dadi satriya, lan sikap sing kudu diduweni dening satriya. a. Tuladha paraga sing nduweni sikap patriotisme ing SWW SWW iku minangka karya sastra sing ngemu piwulangan kanggo para satriya lan prajurit mula KGPAA Mangkunegara IV iku uga ngandharake anane patuladha ngenani sikap patriotisme. Paraga iku kaya Mangkunegara I, Mangkunegara III, mangkunegara III, lan paraaga Abimanyu. Sakabehe paraga iku bakal kandharake ing ngisor iki; a) Paraga Mangkunegara I minangkaa paraga sing nduweni rasa patriotisme marang negarane SWW minangka wujud piwulangan kanggo para Wira utawa prajurit sing bakal kaaran satriya. Kaya lumrah sawijine piwulangan iku kudu menehi tuladha kanggo njlenntrehake piwulangan supaya cetha lan gamblang. Tuladha sing sepisan sing dadi conto yaiku Mangkunegara I kaya cuplikan ing ngisor iki, Jer janma kang wus minulya/ lir wadhahe lenga wangi/ utamane winantonan/ gandane saya menuhi/ nadyan ngisenan warih/ lebating we
Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

4 maksih arum/ kang mangka sudarsana/ Jeng Gusti Pangeran Dipati/ Harya Mangku Nagara ingkang kapisan// (SWW, Sinom: 10) Saka pethikan ing ndhuwur iku bisa dianalisis yen Gusti Pangeran Dipati Harya Mangkunegara I iku minangka manungsa utawa Janma sing mulya kang dilambangake kaya wadhahe minyak wangi sing sanajan wis entek lengane nanging isih ganda arume. Anane KGPAA Mangkunegra I iku menehi tuladha nalika babad alas sing tansah nemoni kasengsaran nanging kanthi anane perang ing wana iku KGPAA Mangkunegara I iku minangka satriya sing wi kasil anggone perang suwene 15 taun kanggo mbela negara lan golek kamulyane dhiri. Kabukti saka anane tembang, Duk babade murweng yuda/ neng alas limalas warsi/ sewu lara sewu papa/ ngupaya mulyaning dhiri/ antuk pitulungan Widdhi/ katutugan karsanipun/ mukti sawedyanira/ tumerah dalah samngkih/ buyut canggah kasrambah milu wibawa// (SWW, Sinom: 11) Saka anane patuladha tumindak sing ditindakake dening KGPAA Mangkunegara I iki ing SWW dilambangake minangka wadahe minyak wangi sing isih bisa aganda arum sanajan minyak wangine wis entek lan wis kaisi dening banyu. b) Patuladha saka Mangkunegara II Tuladha sing kaping pindho yaiku isih saka Mangkunegaran uga saka Mangkunegara II sing diandharake ing SWW kaya ing cuplikan iki; Mangkana gya winantonan/ marang kang jumeneng malih/ Jeng Gusti Pangeran Dipatya/ Mangkunagara ping kalih/ pinet sraya mring Inggris/ amukul nagri Matarum/ sabesahe kang praja/ ginanjar sewu kang bumi/ dadi tetep lenggah limang ewu karya// (SWW, Sinom: 13) Saka andharan ing ndhuwur iku bisa ditulad tumindake KGPAA Mangkunegara II sing dijaluki tulung dening Inggris kanggo nyerang Mataram lang oleh nganjaran limang ewu karya. Kajaba iku baktine KGPAA marang pamrentahan iki uga nalika pamrentahan Walanda nalika dijaluki tulung kanggo nglawan Diponegara lan banjur oleh ganjaran Sukawati limang atus lan duwit saben wulan. Tumindake KGPAA Mangkunegara II sing tansah nurut marang pamrentah iki nduweni tuladha kanggo para abdi negara supaya tansah menehi pitulungan marang pamrentah. Sanajan nalika iku Walanda nanging amarga nalika iki Mangkunegara dadi abdine Walanda mula kanthi tumindak melu ngewangi Walanda iku minangka wujud patriotisme buta. Tumindak sing becik kanggo para satriya supaya tansah weneh pitulungan marang pamrentah.

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

5 c) KGPAA Mangkunegara III Anane KGPAA Mangkunegara minangka patuladha iki kanggo ngandharake yen dadi satriya iku ora kudu maju perang nanging ngalah lan ngakoni anane pamrentahan sing kuasa kaya KGPAA Manngkunegara III sing ngakoni anane pamrentahan Walanda yaiku Gubernur Walanda sing sabanjure oleh hadiah wujud gendera lan meriam. Dadi satriya kaya KGPAA Mangkunegara III sing mikirake rakyate supaya ora tansah nandang lelara mula ngkoni anane pamrentahan Gubernuran Walanda. Kanthi cara ngakoni anane pamrentahan iki mujudake tumindake satriya sing kudu tansah njaga kalungguhan sing ana lan yen bisa ngundhakake kalungguhan iku kaya kang kaandharake cuplikan; Prapta panjenenganira/ Jeng Gusti Pangeran Dipati/ Mangkunagara pit tiga/ ing drajat pinrih lestari/ mangun harjaning budi/ mring Gupermen tyas sumungku/ ginanjar kang bandera/ lan mariyem kalih rakit/ iku mangka tandhaning sih pinarcaya// (SWW, Sinom: 15) d) Raden Abimanyu Satriya sing wani mati Raden Abimayu yaiku putra saka sang Parto sing wani maju perang ing Medan paprangan nalika Perang Bharatayuda. Raden Abimamyu wani maju perang lan wani mati ing paprangan sanajan nalika iku wis katon kasorane para Pandhawa. Raden Abimanyu sing tansah wani perang nganti tumekane pati katujep sewu panah lan isih tetep wani maju perang. Tuladha saka Raden Abimanyu sing tansah wani maju perang lan ora mundur ing paprangan ii minangka wujud saka bektine satriya marang negarane utawa wujud sikap patriote satriya marang negara. Kanthi bukti kaya ing cuplikan; Den kadi Partasuta/ Bimanyu kala tinudhing/ mangurah kang gelar cakra/ dening sang Yudhistira Ji/ sukaning tyas tan sipi/ dupi rinoban ing mungsuh/ kesthi trahing satriya/ wedi wirang wani mati/ yeka mangka tamsiling para prawira// (SWW, Sinom: 31) Kaya sing kaandharake ing ndhuwur iku yaiku Raden Abimanyu sing tanah seneng nalika kinepungan mungsuh lan isin yen mundur nalika ing paprangan. Mula saka patuladhan iku sapa sing dadi satriya yen bisa tansah wani lan ora gentar ngadepi para mungsuh sing ngepung.

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

6 b. Syarat-syarat dadi prajurit Prajurit ya satriya iku ora gampang kanggo dadi sawijine prajurit sing mbela negara iku uga ana syarat sing kudu diduweni warga kanggo dadi sawijine prajurit. Syarat-syarat kanggo dadi prajurit iki ing SWW diandharake kanthi gamblang ing sawijine pupuh yaiku pupuh pangkur. Kajaba iku uga bakal kaandharake prajurit sing piye wae lan pase ing panggawean apa. SWW ing tembang Pangkur pada 1 ngandharake syarat minangka dadi prajurit sing apik lan trep. Pada kasebut kaya ing ngisor iki : Kapungkur patraping bala/ ginantyakken lungguhing senapati/ ingkang sinerahan wadya gung/ dening jeng nareswara/ kinen matah saprayoginireng wadu/ kinarya rumekseng praja/ denira ngupaya janmi// (SWW, Pangkur:1) Saka analisis ing SWW pupuh pangkur padha 1 nganti padha 4 tinemu anane syarat-syarat dadi prajurit sing apik lan nduweni posisi sing trep marang tugase ana pitu (7) warnane, yaiku : 1. Garis keturunane, aja sing asale saka pawongan sing ina. Garis keturunan calon prajurit iku aja nganti saka pawongan sing ina utawa pawongan sing dianggep ala dening wong liya utawa dening masyarakat amarga nduweni tindak-tanduk sing tansah ala. Iki laras karo anane sesanti sing tansah nengenake bobot, bibit, lan bebet. Sing dadi prajurit utawa satriya iku yen bisa saka keturunan sing becik lan ora saka turunan saka wong sing mbalela lan ngridha negara. Aja nganti wong sing ala kaya mangkana iku dadi prajurit. 2. Kelahirane, isih kalebu wilayah negarane. Kelahirane calon prajurit kasebut isih kalebu ing wilayah negara sing arep dibela. Supaya calon prajurit kasebut anggone merjuwangake negarane bisa kanthi temenan amarga ngelingi bela negarnane dhewe kasebut gedhe pahalane. 3. Ora nduweni awak sing cacat. Para calon prajurit kasebut kudu pawongan sing ora nduweni awak cacat. Amarga yen calon prajurit kasebut nduweni awak sing cacat, mula anggone ngayahi tugase bisa keganggu nalika penyakite kasebut kumat. Ora ana prajurit sing nduweni cacat amarga kanthi anane cacat ing awake prajurit iku bisa nganggu anane paprangan. Mula sawijine prajurit iku kudu jangkep awake ora oleh ana sing kurang

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

7 4. Otot awake, sing gagah. Para calon prajurit kasebut luwih becik pawongan sing nduweni otot awak sing gagah supaya katon ngeyakinake lan diwedeni dening musuh. Saliyane iku uga pawongan sing kaya mangkono bisa diyakini yen nduweni kekuwatan sing gedhe. Amarag saka abote tumindake prajurit mula sawijine prajurit iku kudu nduweni otot awak sing gagah. 5. Ora lara-laranen Para calon prajurit kasebut uga pawongan sing ora lara-laranen supaya bisa fokus marang tugase tanpa mikir larane. Iki wis lumrah amarga prajurit iku kudu dadi wong sing tansah serat ora oleh ana lara-larane. Amarga yen prajurit iku lara-laranen bakal ngawe bebaya ing negara lan prajane. 6. Katon jantan Para calon prajurit kasebut kudu pawongan sing katon jantan. Supaya anggone perang utawa latihan ora gampang sambat. Lan bisa ngeyakinake marang sing weneh kapercayan yen prajurit iku pawongan sing nduweni tenaga lan kewasisan sing temen. Kajaba iku sawijine prajurit iku kudu bisa diwedeni marang mungsuhe supaya ora diidheg-idheg dening mungsuhe. Kanthi katon jantan iku mau bisa gawe getere para mungsuh sing arep nyerang praja sing dijaga dening prajurit. 7. Ora nduweni hobby sing bisa ngrugekake awake lan seneng makarya. Para calon prajurit kasebut luwih becik yen pawongan sing ora nduweni hobby sing bisa ngrugekake awake. Yen calon prajurit kasebut nduweni hobby sing bisa ngrugekake awake mula anggone ngayahi kwajibane bisa keganggu amarga mikir hobbyne sing ora salaras karo tugas sing kudu diayahi. Para calon prajurit iku uga kudu seneng makarya supaya anggone ngayahi tugase kasebut bisa lancar tanpa anane rasa males lan rasa kesel.

Sawise nemtokake syarat-syarat minangka dadi prajurit, nemtukake tugas kanggo prajurit supaya bisa manggon ing panggonan sing trep nalika ngayahi tugase, kanthi dhasar : 1. Tugas-tugas sing kudu diayahi miturut kakuwatan ragane. Tugas sing bakal diayahi dening prajurit kasebut kudu trep karo kakuwatan raga sing dinduweni. Yen anggone ngayahi tugase ora trep karo kekuwatan ragane sing

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

8 dinduweni mula bisa kangelan angggone perang lan bisa wae nindakake kesalahan nalika ngayahi tugase kasebut. 2. Kecakapan migunakake senjata supaya ora canggung. Prajurit sing diwenehei tugas kanggo nyekel senjata yaiku pawongan sing nduweni kecakapan supaya ora canggung anggone nyekel lan migunakake senjata supaya ora ngalami kesalahan anggone migunakake senajata kasebut. 3. Cepet sajrone nindakake penyerangan. Prajurit sing nduweni tugas nindakake penyerangan kesebut luwih becik yen ditindakake dening pawongan sing nduweni sikap lincah lan cekatan supaya ora kedhisikan karo musuh. 4. Bisa bertahan supaya menang. Prajurit kasebut kudu nduweni sipat sing ora gampang nyerah supaya bisa nggayuh kemnangan sing direncanakake.

Supaya para prajurit anggone perang bisa menang, ana aturan sing kudu digatekake saka SWW ing tembang pangkur kawiwitan padha 5 nganti padha 9 akeh tinemu aturan kanggo nyelehake prajurit nalika ing papan prapangan sing lumaku, anane aturan iki mung kanbggo supaya bisa njaga katentreman lan kaamanane praja sing dijaga dening prajurit lan satriya iku yaiku : Wong kang sedheng dedegira/ aparigel tuwin kang andhap alit/ akas cukat tandangipun/ iku sinung sanjata/ watak nora kewran sabarang pakewuh/ mudhun jurang munggah arga/ aluwes tur mitayani// (SWW, Pangkur: 5) Wong sing dhuwure pas, cekatan, lan endhek cilik, lincah tindak-tanduke, wenehana dheweke senjata, dheweke ora bakal kangelan ing maneka medan, mudhun jurang munggah gunung, luwes lan nduweni keyakinan bisa diandhalake. Wong kang lencir dedegira/ kurang tandang aropek ingkang dhiri/ iku cinekelan lawung/ jangkah dhepane dewa/ watak corok alantaran silih panduk/ lumpat jagang pasang andha/ angunggahi baluwarti// (SWW, Pangkur: 6) Wong sing awake kuru lan kurang lincah, wenehana dheweke tombak, amarga jangkahe dawa lan bisa mlumpat dheweke cocok diwenehi tugas masang undhakundhakan kanggo mlebu menyang benteng kerajaan.

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

9 Wong sadhepah dedegira/ kang pawakan otot balung kawijil/ mariyem cekelanipun/ amolahaken rosa/ nadyan kembel kebldher kuwawa njunjung/ wateke nggenteni kardi// (SWW, Pangkur: 7) Wong sing dhuwur kekar, otot lan balunge nyembul, cocok diwenehi senjata meriam. Dheweke kuwat ngobahake senajan keblasuk nanging mampu ngangkat meriam kasebut. Yen jarane rencek, dheweke mampu ngganteni. Wong gung luhur kang sembada/ iku pantes karya wadya turanggi/ agampang panitihipun/ klar nyembadani kuda/ nangkis rosa medhang mring pratala gaduk/ silih rog amigunani// (SWW, Pangkur: 8) Wong sing gedhe dhuwur lan gagah, pantes yen didadekake pasukan sing migunakkae jaran anggone perang, kepenak anggone nunggangi jarane, mampu ngendhaleni jarane, kuwat nangkis, yen ketemu karo pasukan sing uga migunakake jaran bisa ngimbangi kanthi trep. Dene wong kang mandraguna/ kinaryaa margangsa juru margi/ myang rerakit kuwu-kuwu/ kalamun aneng teba/ lawan beteng kareteg sasaminipun/ kang tan kewran ing pangreka/ memenek lan bisa ngalangi// (SWW. Pangkur: 9) Kanggo Wong sing pinter, luwih becik diwenehi tugas golek dalan lan nyusun kubu-kubu nalika ana ing dhaerah liya, sarta nggawe benteng, jembatan lan sapanunggalane. Dheweke ora bakal ngalami kangelan nalika menek lan bisa nglangi. Saka anane maneka werna aturan kanggo mapanake prajurit ing papane sing trep bisa nggawe sawijine negara iku kokoh lan jinaga. Apa maneh yen ing perang iku mau bisa katrepake kanthi tata cara sing kaya mangkana sapa ngerti sawijine negara anggone perang bisa menang lan angel anggine mungsuh nembus sawijine peratahanan ing praja iku.

c. Sikap sing kudu diduweni dening Prajurit Saben prajurit iku kudu nduweni sikap sing nuduhake kasatriyane. Sikap prajurit sing ana ing SWW iki minangka wujud sikape prajurit maraang sesrawungane lan sikap patriote prajurit marang negara. Sikap prajurit iki bisa kaperang dadi sikape prajurit karo rajane, karo Tuhan, karo Masyarakat, karo Negara, lan uga karo Prajurite.

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

10 a) Sikape prajurit marang Rajane Raja ing tata pamrentahan iku minangka wong sing kalungguhane dhuwur dhewe lan nduweni wewenang marang negarane. Prajurit utawa satriya iku uga nduweni tanggung jawab kanggo njaga kaslametane rajane mula ing SWW uga tinemu anane sikepe prajurit nalika sesrawungan karo rajane. Mula ing perangan ngisor iki kaandharake maneka werna sikap kang minangka wujud srawunge marang rajane.

(1) Setya marang Raja Raja mujudake pemimpin ing sawijine negara. Raja nduweni kalungguhan lan wibawa gedhe, saengga wong-wong kudu ngurmati lan manut apa kang dititahake. Minangka praja negara, pawongan kudu setya marang apa kang diutusake dening rajane kaya diemot ing pupuh ngisor iki. Upamane raganira/ nora dadia prajurit/ iya misih mangan sega/ apa dene minum warih/ saking wetuning bumi/ uga kagungan ing ratu/ lan sira ingayoman/ rineksa kalawan adil/ lamun datan rumasa sira duraka// Marma den sumurup sira/ mring sih kamulaning Gusti/ benjang yen tinuduh sira/ lumawat ngadoni jurit/ yeku karyanta yekti/ pangudangireng Gustimu/ kono aja pepeka/ den madhep marang sawiji/ nanging cipta sedyakna males mring praja// (SWW, Sinom: 27-28)

Pupuh lor ing ndhuwur nelakake anggone dadi prajurit, kudune ngeling-eling apa wae upayane raja tumrap dheweke. Minangka panguwasa, raja mesthi nduweni upaya-upaya kang ora sethithik tumrap panguripane prajane. Wis samesthine pawongan kudu ngeling-eling marang apa kang wis diwenehake kaya ngono, lan pitulungane raja kudune uga bisa dadi panjurung supaya luwih tumemen anggone ngabdi marang negara. Iki ngandhut piwulang supaya manungsa tansah setya marang pemimpine, apamaneh yen pemimpine awatak becik lan wis menehi pambiyantu kang ora sethithik tumrap manungsa kasebut. Pemimpin kaya mangkono diajab bisa nuwuhake tekade manungsa supaya ngabdi kanggo ndadekake bangsane luwih maju. (2) Prajurit kudu tundhuk lan teguh marang ukum nagara lan sekabehe prentahe raja. Sikepe prajurit sing tansah tundhuk lan teguh marang ukum iki kudu diduweni dening prajurit awit para prajurit iki minangka saranane negara kanggo njaga kaamanan lan katentremane negara mula kanthi tundhuk lan teguh iki bisa mujudake sawijine negara kokoh bakuh lan ora bakal bisa ambrol. Kaya ing cuplikan,

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

11 Awit sira wus prasetya/ nalika jununjung linggih/ saguh nut anggering praja/ myang pakoning narapati/ sineksen den estreni/ mring para wira sawegung/ upama sira cidra/ nyirnakke ajining dhiri/ temah nistha weh wirang yayah rena// (SWW, Sinom: 3) Marma den sumurup sira/ mring sih kamulaning Gusti/ benjang yen tinuduh sira/ lumawat ngadoni jurit/ yeku karyanta yekti/ pangudangireng Gustimu/ kono aja pepeka/ den madhep marang sawiji/ nanging cipta sedyakna males mring praja// (SWW, Sinom: 28) Saka cuplikan iku bisa tinemu yen ora mung teguh lan tundhuk marang ukum negara nanging uga marang sakabehe prentahe raja. Raja iku minangka perangan ing tata pamrentahan mula kabeh prajurit iku kudu tundhuk lan teguh marang prentahe raja. Kajaba iku raja kanggo prajurit iku uga minangka bendarane lan prajurit abdine. Prajurit iku ora bisa ora kudu tansah tundhuk lan teguh marang rajane.

(3) Minangka prajurit kudu wani maju lan dilatih. Prajurit kudu wani maju lan dilatih, prajurit sing becik iku kudu wani majub ing paprangan kaya kang ditualdake dening Raden Abimayu nalika dadi senopati perang ing perang Bharatayuda. Prajurit sing wani maju iku dipadhakake pada karo santri sing sinau sembahyang mula prajurit iku kudu wani maju ing paprangan. Kaya ing cuplikan; Dene jejring wandanta/ ing mangko dadi prajurit/ maju baris lawan jaga/ teori lesan sapeksi/ iku dudu pakarti/ ajar-ajar jenengipun/ wus dadi wajibira/ prajurit dipun geladhi/ papadhane santri ingajar sembahyang// (SWW, Sinom: 9) Saka pupuh ing ndhuwur iku uga bisa tinemu yen prajurit iku kudu tansah dilatih ora bisa ora yen sawijine prajurit iku ora dilatih. Amarga yen dadi sawijine prajurit kudu tansah siyap marang apa wae sing dadi kuwajibane kaya nalika arep perang prajurit kudu tansah siyap marang kahanan sing kaya mangkana iku.

(4) Prajurit ora oleh nduweni sipat gumedhe. Sipat gumedhe iku pancen ora becik lan ora oleh diduweni dening para prajurit mula yen bisa aja nganti sawijine prajurit iku nduweni sipat sing gumedhe. Ora olehe sipat sing gumedhe iki kaya kang kaandharake ing cuplikan; Yen tan bisa samektanya/ nora jumeneng prajurit/ gawe tuna marang praja/ weh lingeseming narapati/ amung sira pribadi/ kang sdhuwurkan ing piyangkuh/ mung lagi bisa aba/ anggepmu mbutuhken nagri/ ywa kebanjur duwe cipta kang mangkana// (SWW, Sinom: 24)

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

12 Saka anane pethikan iki minangka wujud saka wewaler sing ora oleh ditindakake dening prajurit. Yen sawijine prajurit sing nduweni sipat sing gumedhe marang rajane bisa diarani yen prajurit iku ora bisa diarani prajurit apa maneh satriya. Sipat sing kudu ditindakake dening prajurit nalika karo rajane iku minangka wujud sikap sing kudu diduweni dening prajurit kanggo srawung lan urip karo rajane.

b) Sikap Prajurit marang Wong Liya kang Nduweni Prabawa Kaya wis diandharake ing bab sadurunge yen manungsa mujudake makhluk sosial. Minangka makhluk social, manungsa ora bisa nindakake samubarang tanpa pambiyantune wong liya. Ing Serat Wira Wiyata, bab-bab kang gayut karo sikape prajurit tumrap wong liya kang nduweni prabawa tumrap dheweke diandharake ing ngisor iki.

(1) Tansah Tumindak Becik minangka Pakurmatan marang Wongtuwa Wongtuwa mujudake dalane para manungsa teka ing donya iki. Ora cukup mung semono, prabawane wongtuwa uga gedhe banget kanggo nuwuhake manungsa minangka pawongan kang bceik utawa ala. Mula wong tuwa kudu dikurmati, kata diemot ing pratelan serat ngisor iki. Awit sira wus prasetya/ nalika jununjung linggih/ saguh nut anggering praja/ myang pakoning narapati/ sineksen den estreni/ mring para wira sawegung/ upama sira cidra/ nyirnakke ajining dhiri/ temah nistha weh wirang yayah rena// (SWW, Sinom: 3) Pratelan pupuh Sinom kasebut nerangake kuwajibane prajurit. Sawise winisudha, prajurit kudu saguh manut marang ukume negara lan raja kang mimpin. Iku dadi sumpah kang disekseni prajurit liyane. Yen prajurit mungkin saka sumpah, ajine dhiri bakal rusak lan nista, kahanan kang mengko bakal dirasakake uga dening wongtuwa. Iki mujudake piwulang supaya anak tansah njaga jenenge wongtuwa kanthi tumindak becik, jalaran wongtuwa kang nduwe jejibahan paling gedhe kanggo mbentuk watake anake. Yen anake ora apik, kaya ta tumindake prajurit kang asipat satriya, wongtuwa bakal nampa plikete pulut kang ndadekake kuceme jenenge dhewe. Dene yen anake tumindak becik, wongtuwa durung mesthi katut dipunji, nanging mesthine wongtuwa seneng, amarga anggone menehi dhidhikan dirasa kasil.

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

13 (2) Tansah Ngeling-Eling Lelabuhane Leluhur Kaya wis diterangake ing perangan sadurunge, manungsa bisa urip kepenak kuwi amarga lelabuhane para leluhur. Wong-wong jaman semana tansah ngupaya supaya uripe luwih penak, kang banjur dirasakake dening anak turune. Ing kene cetha yen leluhur nduweni papan dhewe tumrap panguripane manungsa lan kudune tansah dikurmati. Piwulang kaya ngene iki uga ana ing serat, mligine ing pupuh ngisor iki. Dene sira iku bagya/ antuk kawiryawan mangkin/ yektine katut prabawa/ saking leluhurmu sami/ nguni wus potang sakit/ dadya ing kapenakipun/ tumiba marang sira/ murwa sukur ing Hyang Widdhi/ tarimanen berkahing wong tuwanira// (SWW, Sinom: 9) Pupuh kasebut njlentrehake yen apa wae kang dirasakake dening pawongan saiki mujudake prabawa lan upayane wong-wong sadurunge. Para leluhur nindakake lelabuhan kang gedhe amrih uripe luwih mulya, saengga manungsa ing jaman sabanjure kari ngrasakake penake. Kejaba disyukuri, sejarah kaya ngono kudune tansah dieling-eling. Sajrone lelabuhane para leluhur akeh piwulang lan piweling kang penting tumrap wong saiki. Anggone ngeling lelabuhane leluhur kaya ngono uga nduweni ancas supaya kahanan kang ora kepenak kaya jaman semana ora tuwuh maneh.

c) Sikepe Prajurit karo Tuhane Manungsa titahe Tuhan. Apa kang dumadi ora bisa uwal saka kuwasane Kang Murbeng Dumadi. Mula akeh serat-serat kang menehi piwulang ngenani sikap marang Tuhane. Semono uga ing Serat Wira Wiyata. Pupuh-pupuhe uga ngandhut piwulang tumrap para prajurit Mataram minangka punjere crita ing serat iki, mligine tumrap Gusti Kang Akarya Jagad. Piwulang sikap kaya mangkono diandharake ing ngisor iki.

(1) Ora Mung Nengenake Ibadah Prajurit mujudake manungsa ciptaane Gusti Pengeran sing kudu nindakake kabeh kuwajiban agamane, nanging prajurit uga pawongan kang nduweni kuwajiban tumrap negara. Mula becike, prajurit kudu nindakake kuwajiban kanthi manteb kaya pratelan serat ing ngisor iki. Lawan sira sumurupa/ kang kalebu pangabekti/ nora sembahyang kewala/ kang dadi parenging Widdhi/ sakeh panggawe becik/ kang

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

14 manteb suci ing kalbu/ uga dadi panembah/ yen katrima iku sami/ sinung rahmat samurwate badanira// (SWW, Sinom: 6) Ing pratelan kasebut, diandharake kepriye satemene jejere prajurit kasebut. Kudune prajurit uga tumindak becik lan ngabdi marang negara, jalaran tumindak kaya ngono kuwi uga mujudake ibadah marang Gusti Pengeran. Yen sawijine prajurit bisa nindakake kabeh kuwajibane, dheweke bakal kasinungan berkah lan rahmat saka Tuhan. Saka kono bisa dingerteni yen kudune urusan donya lan akhirat bisa laku seimbang. Ora mung nengenake salah siji wae, embuh kuwi urusan donya apadene urusan akhirat. Manungsa diciptakake minangka makhluk sosial ing donya iki lan kabecikan marang liyan bisa dadi pahala kayadene nindakake sawijine ibadah.

(2) Tawakal Manungsa temtu nduweni kekarepan sajrone uripe lan dheweke bakal ngupaya amrih kekarepane kasebut tuwuh dadi nyata. Nanging, bab kaya mangkono ora bakal bisa kelakon kanthi gampang. Ana kang kudu ditindakake kanggo nggayuh kekarepan, kaya kang ana ing pratelan serat ngisor iki. Lamun tan mawa sarana/ paran katekaning kapti/ lir mbedhag tanpa wisaya/ sayektinira Hyang Widdhi/ tan karsa mitulungi/ marang wong kang datan laku/ nir ngamal myang panembah/ kumudu dipun turuti/ ngendi ana Gusti wineh ing kawula// (SWW, Sinom: 7) Saka kono, bisa dingerteni yen minangka prajurit kudu tawakal, sregep makarya lan dedonga marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, amarga kalorone mujudake tumindak kang gayut. Makarya tanpa donga bisa-bisa kita bakal tansah nemu kangelan kang bisa njarag lakune kita marang gegayuhan sing dikarepake. Dene ndonga tanpa makarya iku mokal kelakone, amarga Gusti Pengeran mung menehi pitulungan marang wong kang ngupaya. Saka kono bisa dijupuk piwulang yen kita kudu tawakal supaya kabeh gegayuhan kita bisa kelakon kanthi becik, trep kaya apa kang dikarepake.

(3) Tansah Sabar marang Lelakon Urip Lelakone urip sawijine pawongan iku pancen rena-rena. Ana kang nyenengake, ana kang nrenyuhake, ana kang marai nesu, lasn ana kang ndadekake kita lemes pasrah. Kahanan kaya mangkono ana kang trep karo kekarepan lan uga ana kang ora dikira-

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

15 kira. Tumrap lelakon kaya mangkono, becike kita bisa ngadhepi kanthi cara kang bener kaya ditudhuhake ing pupuh ngisor iki. Kang mangkono andupara/ lamun jinurung ing kapti/ malah nandhang duka cipta/ kasiku angreh Hyang Widdhi/ marmanta sira sami/ aja kasusu panggayuh/ manawa durung ngrasa/ duwe ngamal kang nlabeti/ becik sira angona lakuning praja// (SWW, Sinom: 8) Pupuh kasebut njlentrehake piwulang supaya kita ora tumindak grusa-grusu, nggagekake samubarang kang kudune kawujud kanthi angkah tartamtu. Pancen tumtap lelakon urip kaya mangkono, manungsa kudune bisa luwih sabar nalika ngadhepi lelakon kasebut supaya apa kang dumadi lan dikarepake bisa kawujud kanthi saapikapike. Ing kono uga ngandhut piwulang supaya manungsa nyepakake apa kang dibutuhake kanggo nggayuh kekarepane. Aja nganti gragapan amarga apa wektu kang wis entek, nanging upaya kita durung bisa kawujud, malah kepara ana kabutuhan kang kurang, saengga anggone makarya ora bisa kasil.

(4) Tansah Syukur Sajrone uripe, manungsa mesthi nampa kasenengan utawa dalan kang nudhuhake kita menyang gegayuhan. Iku mono satemene wujud kamurahane Gusti Pengeran kang diwenehake marang umate, utamane kang wis nindakake ibadah lan kabecikan. Mula manungsa kudune tansah syukur, kaya ditudhuhake ing pupuh ing ngisor iki. Dene sira iku bagya/ antuk kawiryawan mangkin/ yektine katut prabawa/ saking leluhurmu sami/ nguni wus potang sakit/ dadya ing kapenakipun/ tumiba marang sira/ murwa sukur ing Hyang Widdhi/ tarimanen berkahing wong tuwanira// (SWW, Sinom 9) Pupuh iku mujudake piwulang supaya manungsa kudu syukur marang kabecikan lan urip kepenak kang dirasakake, amarga kahanan kaya ngono kuwi jan-jane tuwuh saka upaya kang dilakoni dening para leluhur. Para leluhur ngupaya kanthi mempeng, saengga anak turure ora urip kakurangan lan tansah nandang susah. Iki uga mujudake pitudhuh supaya manungsa ngeling-eling usahane simbah-simbahe, kaya kang wis diandharake dening Presiden Soekarno ndhisik supaya aja lali marang sejarah. Ora luput uga wongtuwa kang nyata-nyata makarya kanggo anake. Sang anak kudune uga syukur amarga wongtuwa mujudake berkah lan dalane anak supaya antuk berkah saka Gusti Pengeran. Mula ana unen-unen sengseme wongtuwa mujudake

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

16 sengseme Tuhan, lan nepsune wongtuwa uga mujudake nepsune Pangeran. Mula anak kudu ngurmati wongtuwane, supaya berkahe Gusti Pengeran tansah ditampa.

(5) Tabah marang Kabeh Pacobane Urip Kejaba kasenengan utawa dalan padhang menyang kekarepan, kita uga nate ngadhepi kedadean kang ora dikarepake. Kedadean kaya mangkono bisa ndadekake kita ngrasa sedhih utawa nesu. Iku mujudake pacobane urip. Pacoban kaya mangkono kudune diadhepi kanthi cara kang becik kaya kaemot ing ngisor iki. Duk babade murweng yuda/ neng alas limalas warsi/ sewu lara sewu papa/ ngupaya mulyaning dhiri/ antuk pitulungan Widdhi/ katutugan karsanipun/ mukti sawedyanira/ tumerah dalah samngkih/ buyut canggah kasrambah milu wibawa// (SWW, Sinom 11) Pupuh awujud tembang macapat Sinom ing ndhuwur satemen mujudake crita nalika Gusti Pangeran Adipati Harya Mangkunegara kapisan sajrone kahanan perang. Ing kono Pangeran Adipati sajrone wektu limalas taun nglakoni apa wae kang dibutuhake supaya bisa terus sugeng. Dheweke tansah nandang lara lan kasangsaran, nanging iku kabeh dadi angkah kanggo nggayuh kamulyane. Mula saka upayane kasebut, Harya Mangkunegara antuk pitulungan sakan Pengeran, saengga sawise perang, dheweke bisa nggayuh kekarepane, dadi mulya dalah prajurit-prajurite. Kamulyan iku uga dirasakake anak turune nganti wektu saiki. Ing kono kakandhut piwulang yen manungsa kudune tabah sajrone pacobane urip, ora nglokro sarta ora mutung. Luwih becik kaya mangokono, amarga kaya kang dingerteni yen pitulungane Gusti Pengeran tansah diwenehake tumrap pawongan kang kaaniaya lan sabar ngadhepi kahanan abot kaya ngono.

(6) Ora Gumedhe marang Kabeh sing Diwenehake Gusti Pengeran Manungsa mujudake titahe Gusti. Apa kang dumadi tumrap manungsa, satemene wis digarisake wiwit manungsa kasebut lair ing donya. Mula apa kang ditampa lan diduweni manungsa kuwi mono jan-jane mung titipan. Ora samesthine iku ndadekake manungsa gumedhe, tumindak sombong ora andhap asor kaya kaemot ing pupuh iki. Kepriye yen sira ngrasa/ antuk kalawan pribadi/ dadi mungkir jenengira/ kaciren lair myang batin/ ginayuywng sesami/ lupute gonira ngaku/ langguk piyangkuh nira/ kasiku marang Hyang Widdhi/ dadi tuna duwe turun kang mangkana// (SWW, Sinom: 16)

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

17 Pupuh iki mujudake piweling, mligine tumrap prajurit Mataram. Ing kono disebutake yen apa kang wis diupayakake dhewe kudu ora ndadekake manungsa kasebut gumedhe, ngrasa nduwe lelabuhan kang gedhe dhewe, lan mungkir yen satemene asil apik kaya ngono mujudake anugrah saka Gusti Pengeran. Apamaneh yen tumindake luwih nemen, ngguyu lan ora gelem lelabuhane liyane kang dianggep ora akeh kaya dheweke, sarta ora ngakoni pambiyantune saka wong liya. Iku ngono jan-jane pitutur supaya manungsa kudune asipat andhap asor, ngurmati liyane. Sanajan wis dadi wong kang gedhe, luwih mulya, ora ngalekake rekasa kang ndhisik dilakoni, sarta ora ngluputake pambiyantu saka wong liya. Jalaran kaya kang disebutake ing ndhuwur yen manungsa iku makhluk sosial, saengga ora bisa ngupaya dhewe tanpa liyane.

D. DUDUTAN Analisis saka SWW sing wis kaandharake ing ndhuwur iku minangka wujud analisis ngenani maneka werna piwulangan sing ana ing SWW, piwulangan kasebut mligine ngenani piwulangan kanggo para prajurit. SWW iku minangka wujud serat piwulangan kanggo prajurit kang ngemot babagan patriotisme. Mula saka anane andharan lan analisis ing ndhuwur iku bisa kadudut yen sajrone Serat Wira Wiyata ngenanni patriotisme satriya yaiku Setya marang rajane, tansah wani maju perang, nduweni rasa hurmat marang leluhur, lan wong tuane, ora gumedhe, bekti marang Gusti kang Akarya Jagad, lan nuladha para patuladha sing wis diandharake. Kanthi cara mangkana iku patriotisme satriya iku diandharake ing Serat Wira Wiyata Anggitane KGPAA Mangkunegara. Kajaba iku dadi prajurit ora mung saderma dadi prajurit nanging ana aturan sing kudu ditetepi anggone dadi prajurit kaya syarat sing kudu diduweni dening prajurit, lan papan sing dadi kalungguhane prajurit. Patriotisme Satriya ing Serat wira Wiyata iku minangka wujud patriotismene warga negara kanggo urip ing negara sing tansah kudu bekti marang negarane lan njaga kaamana lan kamakmurane negara. Mula piwulangan patriotisme satriya ing Serat Wira wiyata iki becik banget kanggo para warga negara mligine para prajurit.

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

18 Kapustakan Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. 2007. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarata: Balai Pustaka
Mangkunegara. 1860. Serat Wira Wiyata (online pada situs alangalangkumitir.com diakses ing Senin, 3 Desember 2013)

Poerbatjaraka, lan Hadidjaja, Tardjan. 1952. Kapustakaan Djawa. Yogyakarta: Penerbit Djambatan Prakasa, Nusa. 2011. Pengertian Nasionalisme dan Patriotisme (http://www.dieksjetkid.co.cc/2010/10/nasionalisme-danpatriotisme.html) diakses Selasa, 10 Desember 2013. (online).

Purnomo, S. Bambamg. 2007. Filologi dan Studi Sastra Lama. Surabaya: Penerbit Bintang Surabaya

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

19 LAMPIRAN SERAT WIRA WIYATA ANGGITANE KGPAA MANGKUNEGARA IV Pupuh Sinom 1. Wuryanta dennya manitra/ nujwa ari wrahaspati/ kaliwon tanggal sapisan/ sasi saban wuku wukir/ ehe sangkaleng warsi/ murtyastha amulang sunu/ sung pariwara darma, Jeng Gusti Pangeran Dipati/ Harya Mangkunagara ingkang kaping pat// 2. Heh sagung pra siswaningwang/ kang samya dadi prajurit/ aja wiyang ing wardaya/ rehning wus sira lakoni/ balik dipun nastiti, marang ing kawajibanmu/ owelen sariranta, reksanen luhurmu sami/ yen kuciwa weh alun alaning raga// 3. Awit sira wus prasetya/ nalika jununjung linggih/ saguh nut anggering praja/ myang pakoning narapati/ sineksen den estreni/ mring para wira sawegung/ upama sira cidra/ nyirnakke ajining dhiri/ temah nistha weh wirang yayah rena// 4. Ywa sira duwe pangira/ lamun wong dadi prajurit/ karyane abot priyangga/ wruhanta sagung pakerti/ kabeh donya puniki/ tan ana prabedanipun/ kang dagang neng lautan/ miwah ingkang among tani/ suwana kang suwita ing narendra// 5. Myang kang tapa jroning guwa, kang manusup ing asepi/ lakone padha kewala/ awit iku dadi margi/ mrih katekaning kapti/ sapangkate pandumipun/ nanging sarananira/ mantep temen lan taberi/ samektane ingaranan laksiparja// 6. Lawan sira sumurupa/ kang kalebu pangabekti/ nora sembahyang kewala/ kang dadi parenging Widdhi/ sakeh panggawe becik/ kang manteb suci ing kalbu/ uga dadi panembah/ yen katrima iku sami, sinung rahmat samurwate badanira// 7. Lamun tan mawa sarana/ paran katekaning kapti/ lir mbedhag tanpa wisaya/ sayektinira Hyang Widdhi/ tan karsa mitulungi/ marang wong kang datan laku/ nir ngamal myang panembah/ kumudu dipun turuti/ ngendi ana Gusti wineh ing kawula// 8. Kang mangkono andupara/ lamun jinurung ing kapti/ malah nandhang duka cipta/ kasiku angreh Hyang Widdhi/ marmanta sira sami/ aja kasusu panggayuh/ manawa durung ngrasa/ duwe ngamal kang nlabeti/ becik sira angona lakuning praja// 9. Dene sira iku bagya/ antuk kawiryawan mangkin/ yektine katut prabawa/ saking leluhurmu sami/ nguni wus potang sakit/ dadya ing kapenakipun/ tumiba marang sira/ murwa sukur ing Hyang Widdhi/ tarimanen berkahing wong tuwanira 10. Jer janma kang wus minulya/ lir wadhahe lenga wangi/ utamane winantonan/ gandane saya menuhi/ nadyan ngisenan warih/ lebating we maksih arum/ kang mangka sudarsana/ Jeng Gusti Pangeran Dipati/ Harya Mangku Nagara ingkang kapisan// 11. Duk babade murweng yuda/ neng alas limalas warsi/ sewu lara sewu papa/ ngupaya mulyaning dhiri/ antuk pitulungan Widdhi/ katutugan karsanipun/ mukti sawedyanira/ tumerah dalah samngkih/ buyut canggah kasrambah milu wibawa// 12. Iku ta kayektenira/ pralambanging lenga wangi/ upamane duk samana/ tan antuk pitulung W iddhi/ praptane jaman iki/ tan ana caritanipun/ marma den enget sira/ aja ngaku angekoki/ mung ngrasa lamun anempil wibawa// 13. Mangkana gya winantonan/ marang kang jumeneng malih/ Jeng Gusti Pangeran Dipatya/ Mangkunagara ping kalih/ pinet sraya mring Inggris/ amukul nagri
Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

20 Matarum/ sabesahe kang praja/ ginanjar sewu kang bumi/ dadi tetep lenggah limang ewu karya// 14. Rambah sinaraya/ marang Gubermen Walandi/ mukul prang Diponegara/ sarumpunge ing ajurit/ ginanjar bumi malih/ Sukowati limang atus/ lan blanja saben wulan/ mangka ingoning prajurit/ patang ewu patang atus wolung dasa// 15. Prapta panjenenganira/ Jeng Gusti Pangeran Dipati/ Mangkunagara pit tiga/ ing drajat pinrih lestari/ mangun harjaning budi/ mring Gupermen tyas sumungku/ ginanjar kang bandera/ lan mariyem kalih rakit/ iku mangka tandhaning sih pinarcaya// 16. Kepriye yen sira ngrasa/ antuk kalawan pribadi/ dadi mungkir jenengira/ kaciren lair myang batin/ ginayuywng sesami/ lupute gonira ngaku/ langguk piyangkuh nira/ kasiku marang Hyang Widdhi/ dadi tuna duwe turun kang mangkana// 17. Lamun yekti saking sira/ pribadi tandhane endi/ apa wus munjul sira/ marang samaning dumadi/ saking ing krama niti/ lawan apa wusmisuwur/ ing guna prawiranta/ kang kanggo marang nagari/ baya durung lir lakone luhure// 18. Pira bara sira bisa/ ngupure darajat malih/ dadi janget kinatigan/ dadi santo seng wuri/ tumurun marang siwi/ sokur bisa prapteng putu/ milu tampa kawiryan/ yogyane angkahen kaki/ ra orane aja punggel saking sira// 19. Lamun drajat kalakona/ punggele saking sireki/ dadi sira nganiaya/ marang darahmu pribadi/ tan kendel ingkang wuri/ dhapur kapotangan laku/ salagi tembe bisa/ antuk kang darajat malih/ sasambungan yekti becik kang widada// 20. Upama nora punggele/ jer nora ngupaya malih/ yen wus punggel nadyan sira/ semedi ing saben ratri/ antuke durung mesthi/ tiwas angengecer laku/ marma den enget sira/ sajrone lumakyeng kardi/ pangreksamu ing drajat aywa pepeka// 21. Dene jejring wandanta/ ing mangko dadi prajurit/ maju baris lawan jaga/ teori lesan sepeksi/ iku dudu pakarti/ ajar-ajar jenengipun/ wus dadi wajibira/ prajurit dipun geladhi/ papadhane santri ingajar sembahyang// 22. Sinung ukum sawatara/yen nglirwakken marang wajib/ iku wus lakune praja/ jejege kalawan adil/ sanadyan liyan janmi/ duk neng yayah renanipun/ yen luput rinengonan/ utawa den jemalani/ dadi iku wineruhken tat krama// 23. Mangkono uga yen bisa/ miturut sarta ngakoni/ temtu den opahi uga/ wit gawe leganing ati/ akeh tuwin sathithik/ minurwat lan karyanipun/ tan beda patrapira/ prajurit jinunjung linggih/ myang ingundur iku adil jenengira// 24. Yen tan bisa samektanya/ nora jumeneng prajurit/ gawe tuna marang praja/ weh lingeseming narapati/ amung sira pribadi/ kang sdhuwurken ing piyangkuh/ mung lagi bisa aba/ anggepmu mbutuhken nagri/ ywa kebanjur duwe cipta kang mangkana// 25. Wruhanta lalakonira/ sajatine wus angemping/ mring praja miwah Narendra/ dene durung potang kardi/ sira wus den paringi/ sandhang pangan nora kantu/ sinuba kinurmatan/ ounjul sasamaning abdi/ mangsa kala linilan lungguh satata// 26. Apa kang sira upaya/ kamulyan aneng nagari/ ingajenan mring sasama/ nyawabi mring sasama/ nyawabi mring anak rabi/ nadyan para maharsi/ ingkang tapa neng ngasamun/ mong tani lan nangkoda/ rinewangan anderpati/ nora liyan kamulyan kang den upaya// 27. Upamane raganira/ nora dadia prajurit/ iya misih mangan sega/ apa dene minum warih/ saking wetuning bumi/ uga kagungan ing ratu/ lan sira ingayoman/ rineksa kalawan adil/ lamun datan rumasa sira duraka// 28. Marma den sumurup sira/ mring sih kamulaning Gusti/ benjang yen tinuduh sira/ lumawat ngadoni jurit/ yeku karyanta yekti/ pangudangireng Gustimu/

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

21 kono aja pepeka/ den madhep marang sawiji/ nanging cipta sedyakna males mring praja// 29. Prapteng papan cumadhonga/ ing printah senapati/ aja abawa priyangga/ dumeh sira bandha wani/ lumangkah mring ngulabi/ kang mangkono sasat mungsuh/ gawe guguping rowng/ weh gidhuhing senapati/ yen kasora dadi sira antuk dosa// 30. Lungguhing para prawira/ yen ana madyaning jurit/ nora wenang duwe karsa/ ragane pama jemparing/ kang mesthi senapati/ ing sakarsa kang pinanduk/ linepas ywa saranta/ angsahira den mranani/ marang mungsuh aja keguh ing bebaya// 31. Den kadi Partasuta/ Bimanyu kala tinudhing/ mangurah kang gelar cakra/ dening sang Yudhistira Ji/ sukaning tyas tan sipi/ dupi rinoban ing mungsuh/ kesthi trahing satriya/ wedi wirang wani mati/ yeka mangka tamsiling para prawira// 32. Kono sedhenge medharna/ ing kasuran guna sekti/ nyimakna paningalira/ ing tekad ywa walang ati/ wruhanta senapati/ wakiling Gusti satuhu/ Gusti wakiling suksma/ kang kinon ngudaneni/ mring kawula kang sumedya mrih utama// 33. Padha ingaran utama/ ing pakaryan mangun jurit/ iku kang luhur priyangga/ wus kasebut kanan sruti/ yen tapaning prajurit/ ngasorken tapaning wiku/ wit sumungkuning puja/ neng pucuking gunung wesi/ sang pandhita neng pucuking kang aldaka// 34. Ing tekad dipun santosa/ aja angrasani pati/ apan tan minenang sira/ gumamntung karsaning Widdhi/ yen wis tibaning pasthi/ nora pilih marganipun/ ala mati neng wisma/ becik mati kang utami/ tur sumbaga dadi ngamale trahira// 35. Wus ana keyektenira/ sang Partasuta ing nguni/ palastra aneng palagyan/ lawan lagawaning pati/ wit dennya anglabuhi/ Pandhawa manggiha unggul/ puwarantuk nugraha/ sira wau Partasiwi/ turunira angratoni tanah Jawa// 36. Lamun durung takdirira/ nadyan ana hru sakethi/ yen tan waswas ing wardaya/ sayekti nora ngenani/ amung sajroning jurit/ aja sira darbe kayun/ ing lair amanuta/ ing sakarsa senapati/ batinira kumambanga ing wisesa// 37. Ri sedheng nen bayantaka/ kalamun ana kang weri/ nungkul wus mbuwang palastra/ nora wenang den pateni/ binandhang iku wajib/ yen ngantia nemu lampus/ tetep nistaning prajurit/ nemu dosa temah apesing ayuda// 38. Mangkono priyangganira/ yen kaselut ing ngajurit/ aja gugup den prayitna/ ing tekad dipun pratitis/ awit wong murweng jurit/ ana papangkatanipun/ nistha madya utama/ yen kober dipun engeti/ kanisthane wong kaselut neng ranangga// 39. Ing papa nora kuciwa/ gegaman samekta sami/ atandhing padha kehira/ tanpa kiwul ing ajurit/ tangeh ana pepati/ myang tanana nandhang tatu/ mundur tanpa lasaran/ mung labet kekesing ati/ kang mangkono antuk dosa tri prakara// 40. Dhihin marang ing Narendra/ denira cidra ing janji/ kapindho ngasorken praja/ kang mulyakken marang dhiri/ katri marang Hyang Widdhi/ ngukuhi gadhuhanipun/ kokum pantes linunanas/ padhane sato wanadri/ yen janmaa pasthi ana tekadira// 41. Nadyan para prawira/ yen kaseser ing ngajurit/ nadyan keh kedhike padha/ kasor papane sasupit/ mundur amrih pakolih/ ing pangolah nora gugup/ sarana winiweka/ kaangkah dennya mangungkih/ yen sinerang rikat rinukat marwasa// 42. Utaminireng prawira/ sanadyan karoban tandhing/ tatag tur simpen weweka/ wengkoning papan tiniling/ linanglangan kang weri/ endhi kang suda ing purun/ pinaran pinarwasa/ winisesa amrih titih/ estu jaya sadaya samya raharja///

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

22 Pupuh Pangkur 1. Kapungkur patraping bala/ ginantyakken lungguhing senapati/ ingkang sinerahan wadya gung/ dening jeng nareswara/ kinen matah saprayoginireng wadu/ kinarya rumekseng praja/ denira ngupaya janmi// 2. Ywa tinggal pitung prakara/ mrih utama adegireng prajurit/ kang dhihin nalurinipun/ tan kena trahing sudra/ kapindhone bumi kalahiranipun/ kang maksih tunggal sapraja/ katri tanpa cacad dhiri// 3. Papat otot balungira/ ingkang tigas lima tanpa panyakit/ enem sawang sawungipun/ pitu kang datan darwa/ pakareman kang mlarati/ raganipun/ marma milih kang mangkana/ wateke wantaleng kardi// 4. Sawuse pamilihir/ pamintane mring wong sawiji-wiji/ pinantes cekelanipun/ rujuke lan sarira/ pangulahe warastra ywa kongsi rikuh/ rikate dennya marwasa/ myang panangkis amrih titih// 5. Wong kang sedheng dedegira/ aparigel tuwin kang andhap alit/ akas cukat tandangipun/ iku sinung sanjata/ watak nora kewran sabarang pakewuh/ mudhun jurang munggah arga/ aluwes tur mitayani// 6. Wong kang lencir dedegira/ kurang tandang aropek ingkang dhiri/ iku cinekelan lawung/ jangkah dhepane dewa/ watak corok alantaran silih panduk/ lumpat jagang pasang andha/ angunggahi baluwarti// 7. Wong sadhepah dedegira/ kang pawakan otot balung kawijil/ mariyem cekelanipun/ amolahaken rosa/ nadyan kembel kebldher kuwawa njunjung/ wateke nggenteni kardi// 8. Wong gung luhur kang sembada/ iku pantes karya wadya turanggi/ agampang panitihipun/ klar nyembadani kuda/ nangkis rosamedhang mring pratala gaduk/ silih rog amigunani// 9. Dene wong kang mandraguna/ kinaryaa margangsa juru margi/ myang rerakit kuwu-kuwu/ kalamun aneng teba/ lawan beteng kareteg sasaminipun/ kang tan kewran ing pangreka/ memenek lan bisa ngalangi// 10. Yogyane malih ngumpulna/ para tukang kang kanggo mring prajurit/ gerji lawan tukang puntu/ karya busana wastra/ tukang nyamak penjahit pakaryanipun/ parabot kang bangsa carma/ tukang tapel lawan nyinggi// 11. Sayang lan tukang marakas/ miranteni bekakasing prajurit/ pandhe miwah tukang kayu/ mranggi lawan kemasan/ ingkang karya gegamaning aprang pupuh/ sadaya dipun samekta/ rehning rumeksa prajurit// 12. Liya kang wus kanggweng wadya/ aja sepi andhungan tikel kalih/ gegaman saprantinipun/ tuwin busana wastra/ obat mimis kang cukup den anggo nglurug/ awit rumeksa ing praja/ tan wruh sangkaning bilai// 13. Riwus ing pamintarnira/ lan piranti kang kanggo ing prajurit/ mangkana pangreksanipun/ dipun titi ing bala/ sandhang pangan ing saari aywa kantu/ suker sakit kinawruhan/ den bisa ngenaki kapti// 14. Ywa pegat pamulangira/ saniskara wajibireng prajurit/ weruhna sadurungipun/ nistha madya utama/ myang papacak pacuhan kang wus tinamtu/ dununge sawiji-wiji///

Patriotisme Satriya Sajrone Serat Wira Wiyata

You might also like