You are on page 1of 10

CANDRANE WANITA SAJRONE SERAT CANDRARINI (TINTINGAN STILISTIKA) Dening: Listyan Purwonugroho 102114041

A. PURWAKA Sastra iku nduweni tetenger kaya estetika utawa kaendahan. Mula karya sastra Jawa krasik sing awujud tembang mligine ing serat uga ngemu kaendahane basa kang arupa basa rinengga kang saka basa jawa anyar. Anane basa rinengga ing tembang iki padha karo anane basa rinengga sing ana ing geguritan utawa puisi. Nanging yen ing tembang anane lelewahane basa iki kaiket marang guru lagu lan guru wilangane. Mulane ing tembang iki tinemu anane basa rinengga sing digunakake dening panganggit. Basa rinengga minangka basa sing direngga utawa digawe supaya katon apik lan endah basa rinengga iki dhewe ana sing awujud candra. Serat candrarini minangka perangan saka karya sastra Jawa klasik utawa baru sing awujud tembang. Serat Candrarini iki ana limang (5) pupuh yaiku pupuh sinom kanthi cacah 8 (wolu) pada, pupuh dhandhanggula kang ana lima (5) pada, pupuh asmaradana lima (5) pada, 6 (enem) pada awujud pupuh mijil, lan sing pungkasan pupuh kinangthi kanthi cacah telulas pada. Serat candrarini sing ana menaka pupuh iki ngandharake anane lima wanita sing dadi garwane Raden Arjuna. Saka saben pupuh nyritakake siji-sji garwane Raden Permadi sing cacahe ana lima (5) yaiku ing Sembadra, Dewi Manuhara, Dewi Ulupi, Retna Gandawati, lan Wara Srikandi. Sakabehe garwa saka raden arjuna iku kacritakake ing saben-saben pupuh. Candra iku tegese ngambarake sawijine samubarang sing katon endahe. Candra ing bausastra jawa (Atmojo, 1987:55) yaiku crita kahanane maujud sarana pepindhan. Candra iku minangka gegambarane sawijine kahanan sing nggunakake basa sing endah kanggo ngambarake kahanan. Nanging sajrone nyandra iki pangganggit ing serat candrarini

nggunakake tetembungan sing dianggep padha tegese karo anane kahanan sing ana utawa wujud sing ana. Candra iki minangka wujud lelewaning basa kanggo ngambarake samubarang mula anane candra iki uga minangka anane lelewaning basa sing ana ing tembang. Lelewaning basa sing ana ing tembang iki mujudake sawijine lelewa sing digunakake kanggo ngambarake sawijine kahanan. Candra sing ngambarake sawijine kahanan kanthi cara menehi tetembungan sing padha karo tembung sing dikarepake dening pangganggit. Candrane wanita iku minangka gegambarane wanita sing digambarake dening panganggit ing serat candrarini. Candrane wanita ika kaya ngambarake drijine wanita sing nucuk eri. Saka anane gegambaran iku wanita ing serat candrarini digambarake kanthi cara mangkana dene yen ing ilmu stilistika uga ana sing ngarani majas perumpamaan. Majas iki pada karo anane candra sing gegambarake sawijine kahanan. Stilistika minangka ilmu ngenani lelewaning basa iki bisa digunakake kanggo mangerteni anane lelewaning basa sing awujud candra. Kaya sing wis kaandharake yen candra iku minangka gegambaran mula kanthi nggunakake teori stilistika bakal nyoba ngonceki anane candra sing ana ing serat Candrarini. Shipley (ing Ratna, 2009:8) ngandharake yen stilistika (stylistic) minangka ilmu ngenani gaya (style), nanging style iku saka tembung stilus (latin), sing nduweni teges pucuk sing landhep sing digunakake kanggo nulis ing sawijine papan sing kalapisan dening lilin. Stilistika iki minangka ilmu sing digunakake kanggo mangerteni anane gaya basa utawa lelewaning basa sing ana ing sawijine karya sastra. Saka anane teges sing kaandharake ing ndhuwur iku bisa diarani yen stilistika iku minangka sawijine ilmu sing nyinaoni ngenani anane lelewaning basa sing ana ing masyarakat. Saka anane stilistika sing dadi tintingane lan anane candra sing dadi watesane analisis mula ing kene bakal kaandharake anane candra sing digunakake kanggo wanita ing serat candrarini utawa candrane wanita ing serat candrarini. Andharan ing kene bakal ngandharake candrane para wanita sing ana ing serat candrarini utawa kacekak SCR kanthi cara saben wanita sing dicandra lan digambarake dianalisis anane candrane kasebut. Kanthi ngandharake anane candrane wanita sing ana ing SCR iki muga bakal bisa kadudut anane maneka werna candrane wanita sing ana ing serat candrarini. Kajaba iku anane maneka werna wuju candra sing ana ing SCR iki uga bakal coba dianalisis kanthi gunakake teori stilistika. Anane lelewaning basa sing awujud gegambarane wanita sing ana ing SCR.

B. ANDHARAN Andharan iki ngandharake analisis saka SCR sing ngenani candrane wanita lan wujud saka candrane wanita. Kanthi ngandharake perangan sing dicandra sing ana ing perangane wanita bakal nyoba kaandharake ing ngisor iki. Perangan sing dicandra iki uga bakal nuwuhake anane fungsine nyandra wanita lan ngambarake wanita ing SCR. 1. Anggane wanita ing SCR Anggane wanita utawa perangane awak sing ana ing wanita iku uga bisa digambarake kanthi cara nyandra. SCR iki minangka serat sing ngandharake para wanita sing dadi garwane Raden Permadi. Anggane wanita utawa perangane awak wanita bisa ana maneka werna perangan bisa saka perangan sirah utawa mustakane, saka awake, lan saka wujude utawa rupane raga. Gegambarane wanita ing SCR iki sing kanthi cara madhakake marang anane samubarang. a. Candra anggane Sembadra Sembadra iku minangka garwa nomer sijine Raden Arjuna utawa Permadi. Minangka wanodya sing urip bebarengan ing bale somah karo permadi utawa Arjuna. Sembadra digambarake minangka wanodya sing setya marang Arjuna lan uga digambarake minangka wanodya sing ayu. Candra ngenani anggane Sembadra iki bisa kaanalisis kaya ing ngisor iki, Gegambarane Sembadra sing endah ing babagaan netrane iki diandharake yen Sembadra nduweni mripat sing cilik nanging ngensemake banget gegambaraane iku kaya ing ngisor iki, Kang sepuh Wara Sembadra/ saking Mandura nagari/ atmaja Sri Basudewa/ ing warna ngresepken ati/ sumeh kang netra lindri/ pasaja ing driya tangguh/ semu kurang budaya/ awijang dedeg respati/ kuning wenes labate amung kepama// (SCR, Sinom; 5) Kang netra lindri, tembung lindri sing dipilih iki minangka wujud lelewaning basa sing awujud candra amarga lindri iki ngandharake kahanane mripat utawa netra sing cilik lan uga endah. Amarga ing ngarepe ana tembung netra sing uga diterangake lindri iki bisa ngandharake yen Sembadra nduweni mripat sing endah lan cilik. Kajaba iku pamilihe tembung lindri uga amarga kanggo njankepi guru lagu lan wilangane yaiku 7i. Lindri iki sabenere pada karo sipit sing endah nanging panganggit milih

tembung lindri iki kanggo ngandharake anggane Sembadra sing netrane katon sipit lan endah. b. Candra anggane Dewi Manuhara Dewi manuhara iki minangka garwane Raden Arjuna sing angka loro. Dewi manuhara putri saka Wiku Manikara. Dewi Manuhara ing SCR kagambarake ing pupuh dhandhanggula, dene gegambarane Dewi Manuhara iku kaya sing ana ing ngisor iki, Ayunari ingkang sitaresmi/ kuciwane pan among samtra/ dene lugas gegelunge/ ananging maksih mungguh/ sarwa ramping srandunung dhiri/ marmanta kurang madya/ ing pambayunipun/ lir tawon gung kang gumana/ lambungnira satata amilagoni/ kadya sekar kintaka// (SCR; Dhandhanggula: 3)

Ing pethikan iku ana tembung sarwa ramping srandunung dhiri, anane tembung iku menehi gegambaran marang anggane Dewi Manuhara sing katon ramping lan cilik. Anggane Dewi Manuhara sing yen ing jaman saiki sinebut seksi iki kagambarake kanthi wanda sing ramping utawa weteng sing katon singset. Anane pethikan ing ndhuwur iku uga nyoba ngandharake yen anggane Dewi Manuhara iki kaya Sekar Kintaka yaiku sawijine kembang sing wis misuwur ing babagan kaendahane. Sekar Kintaka dening panganggit dipilih amarga ing tembung sekar kintaka iki kanggo njlarasake karo anane. Kaendahan sing diduweni dening Dewi Manuhara lan piye singsete awake kagambarake kanthi ngumpamakake anane Dewi Manuhara iki marang kembang kantaka utawa sekar kintaka.

c.

Candra anggane Dewi Ulupi Pupuh Asmara sing ngandharake ngenani Dewi Ulupi ya garwane sang Parta sing nomer telu. Dewi Ulupi iki uga minangka putra saka begawan yaiku Begawan Kanwa. Gegambaran ngenani Dewi Ulupi iki uga becik lan ayu nanging anggone ngambarake kepriye ayune Dewi Ulupi iki kaya Wulan sing anteng nanging yen nalika tumindak katon prigel. Anggane Dewi Ulupi iki minangka wulan sing gumebyar. Gegambaran anggane Dewi Ulupi iki kaya sing kaandharake ing ngisor iki,

Dhemes luwes merak ati/ kadya pratima rinengga/ sarenteg brambang awake/ maweh brangta kang tumingal/ liringe pindha wulan/ tan pegat maesmu guyu/ kengis kang waja gumebyar// (SCR; Asmaradana: 2) Anane tembung liringe pindha wulan ing ndhuwur iku ngandharake yen lring sing diduweni dening Dewi Ulupa kaya Wulan utawa kagambarake kaya wulan. Kahanan sing diduweni dening Dewi Ulupi iki kaya wulan sing katon endahe ing ngalam iki anane wulan sing dadi peindhan iki dadi sawijine kahanan angga ssing diduweni dening Dewi Ulupi mligine ing babagan suryane. Paamilihe tembung Wulan iki uga kanggo menehi kaendahan ing babagan guru lagu lan guru wilangane. d. Candra anggane Retna Gandawati Sabanjure ing pupuh mijil kaandharake anane Retna Gandawati sing minangka garwane Arjuna sing nomer papat. Gegambaran genani Retna Gandawati iku minangka wong wadon sing nduweni dedeg sing ngrompyoh sing paancen gawe senenge wong sing nyawang. Kahanan ngenani anggane Retna Gandawati iki bisa kaandharake saka anane pethikan ing ngisor iki, Dedeg ngrompyoh sarira anglentrih/ amardawa tinon/ kuning wenes wingit pasemone/ anteng jatmika ruruh yen angling/ ing wiweka titi/ kurang gujengipun// (SCR; Mijil:2) Saka andharan ing ndhuwur iku menehi gegambaran ngenani anggane saka Dewi Gandawati sing jatmika utawa endah. Kajaba iku gegambaran sing paling ketara yaiku ing babagan dedege sing ngrompyoh. Kajaba iku lumampahe sing alon uga kahanane wteng sing katon lemes sing ana ing lambunge. Sabenere ora lemes nanging katon rada bungkuk nanging kanggo menehi rerengga ing sawijine kahanan mula panganggit luwih milih alemes utawa kaya-kaya lemes lambunge. Anane guru lagu lan guru wilaangan iki uga ngawe sawijine tembung alemes iki tuwuh. Kajaba iku gandane sing arum iki uga kaandharake kanthi gegambaran yen ana sawijine agin sing sumilir iki bisa ngebarake ganda sing arum lan uga ganda sing enak kanggone wanodya ing kono. Kabukti kaya ing cuplikan, Wiragane ana nanging brangti/ yen lumampah alon/ membat madya alemes lambung/ angler tunjung/ lumenggang ing warih/ kasilir ing angin/ weh gaandaning rum// (SCR: Mijil:4)

e.

Candra anggane Wara Srikandi Wara Srikandi satriya manodya sing ana ing sawijine lakon wayang. Wara Srikandi iki uga garwa saka Permadi sing paling pungkasan. Anane Srikandi sing tansah nduweni sipat kaya satriya iki uga ora luput saka anane gegambaran marang wanodya sing diduweni dening Wara Srikandi kaya pethikan ing ngisor iki, Jenar pasariranipun/ kadi kancana sinangling/ wadana nuksmeng sasongka/ liringe galak amanis/ budiman ingkang umulat/ dhemes dedege respati// (SCR; Kinanthi:2) Kadi kancana sinangling iku minangka gegambaran sing digunakake dening panganggit kanggo ngambarake Wara Srikandi sing kayaa kencana sing angling utawa kencana sing kuwat lan kokoh kanggo anggane Wara Srikandi.

2. Kahanan sipat saka wanita ing SCR Kahanan sipat saka wanita ing SCR iki diduweni dening para wanodya sing ana ing SCR. Nanging ora sakabehe wanodya iki kancandra ana pira-pira wanodya sing ora kacandra nanging uga ana sing kacandra. Kaya dene Wara Srikandi sing ayu lan kahanan swarane sing katon endah lan uga nduweni swara sing enak dirunggu. Gegambaran ngenani swarane wara sembadra iki kaya sing diandharake ing SCR ing ngisor iki, Lawan sukaning Sang Ayu/ maos sagung srat palupi/ kang sekar Wisatikandhah/ swara arum tan brebegi/ kenyut sang gya kang miyarsa/ yen sampun den wursitani// (SCR;Kinanthi:6) Kajaba iku uga ana kahanan sipat sing digambarake saka anane Retna Gandawati sing nduweni arum sing ngamba-ngamba banget. Arume ganda saka Retna Gandawati iki uga digambarake saka anane kahanan saka Retna Gandawati kaya sing ana pethikan iki, Wiragane ana nanging brangti/ yen lumampah alon/ membat madya alemes lambung/ angler tunjung/ lumenggang ing warih/ kasilir ing angin/ weh gaandaning rum// (SCR: Mijil:4) Dewi Manuhara garwa sing nomor loro saka Raden Arjuna, sipat lan kahanan sing diduweni dening Dewi Manuhara iki di ngibaratake ganda sing arum lan rumaket amanis yaiku minangka sawijine kahanan saka si Dewi Manuhara sing arum banget, arume kahanan awak iki kaya sing diandharake ing pethikan ing ngisor iki,

Tembung arum rumaket amanis/ tandukira angengayuh driya/ bisa nuju ing karsane/ priya myang marunipun/ pina pangkas dennya nglegani/ susila anoraga/ sepi ing piangkuh/ anget trahing dwijawara/ betah nglapa karem ing bangsa mastuti/ asmara mring sasama// (SCR, Dhandhanggula:2) 3. Tumindake wanita ing SCR Tumidake wanita sing ana ing SCR iki minangka tumindake wanita nalika nglampahi dadi wanodya sing diwayuh utawa wanodya sing dimadu. Kkepriye tumindake para wanodya sing padha diwayuh iki minangka wujud saka tumindake manungsa wadon sing narima lan iklas nalika diwayuh. Nanging sakabehe tumindake iku mau digambarake dening panganggit iku kanthi nggunakake sawijine cara sing diarani candra. Tumindake Sembadra sing tansah alus lan alon budine sing digambarake dening panganggit saka anane tembung tan pati ngadi busana sing bisa diarani yen tumindake iku katon apik anggone ngadi busana mula saka iku saka anane tembung iku uga ngambarake yen Sembadra iku ora tau mati anggone busana tetep katon endah lan ayu, tumindake sing tansah endah lan ayu iki kacandra kanthi tan pati pada karo ora tau mati anggone ngadi busana laan tansah ayu saka anane busana iki, kabukti ing pethikan, Tan pati ngadi busana/ mangu kadung yen lumaris/ jatmika arang ngandika/ tan regu semune manis/ ririh tanduking angling/ lumuh ing wicara sendhu/ amot mengku aksama/ tuhune pribadi pinrih/ setyeng priya datan lenggana sakarsa. (SCR; Sinom: 6) Tumidak sabanjure sing yaiku Dewi Ulupi minangka garwa sing nomor telu. Dewi Ulupi sing tumidake merak ati, tembung merang ati iki nuju marang sawijine kahanan sing katon endah banget yen dirasa ing ati tumindake sing kaya manuk merak sing katon endah nalika ana buntute sing mekrak. Kajaba iku merak ati iki uga bisa dada merakati sing digandheng nanging ing kene iki merak ati sing nuju marang anane tumindak sing becik lan uga sing bisa sinawang dening manungsa kanggo nggunakake ati. Dhemes luwes merak ati/ kadya pratima rinengga/ sarenteg brambang awake/ maweh brangta kang tumingal/ liringe pindha wulan/ tan pegat maesmu guyu/ kengis kang waja gumebyar// (SCR; Asmaradana: 2) Kajaba iku uga ana gegambaran tumindak saka pethikan sing ana ing ngisor iki, Susilengtyas sunawiteng laki/ dumulur sapakon/ kinawruhan maru sesikune/ wineweka winoran memanis/ yen rengat pinlimping/ ing wicara arum// (SCR; Mijil: 5)

Wicara sing arum iki minangka tumidake Retna Gandawati sing tansah weneh kaendahan anggone ngucab. Arum iki lumrahe digawe ing kembang naging yen digandengake karo wicara sing arum iki ngambarake yen ing kono iku Retna Gandawati nduweni tumindak sing nalika wicara nduweni patrap sing apik lan tata cara sing becik. Mula tumindake sing tansah sopan lan becik iki kaandharake ing perangan wicara arum. Gadhang kanng wicara tanduk/ gandhane kewes ngalayoni/ tulus raharja ing driya/ kalamun slanggapan angling/ datan mawi tininggalan/ sinambi ngliling dariji// (SCR; Kinanthi: 3) Saka anane perangan ing ndhuwur iku bisa diandharake dening panganggit minangka perangan saka anane tumindake Wara Srikandi sing tansah gadhang utawa gedhe anggone tumindak. Tumindake Wara Srikandi sing becik tur apik iki kaya sing diandharake ing perangan ing ndhuwur. Kajaba iku ana gendhes sing nuju marang tumindak sing alus nanging tumindak sing alus iki minangka tumindak ssing becik tegase Wara Srikandi. Tumindak sing becik iki minangka tumindake Wara Srikandi marang sapa wae ing sadulure. Gegambaran sing digambarake kanthi tembung gendhes iki minangka wujud saka tumindake Wara Srikandi sing becik tur tegas. Sakabehe iku mau minangka perangan saka candra sing digunakake kanggo nggambarake wanita sing ana SCR. Gegambarane wanita sing ana ing SCR iki akeh-akehe ngambarake ngenani anggane lan tumindake sing becik. Tumindak sing becik nanging uga tegas. Wanita iku pancen akeh panyandrane lan uga akeh perangan sing dianggep endah dening wong liya.

C. DUDUTAN Saka andharan sing ana ing ndhuwur iku mau ngenani SCR sing babagan candrane wanita iki minangka perangan saka tintingan stilistika. Kanthi nggunakake teori stilistika candra utawa gegambaran sing ana ing SCR iki bisa arupa gegambaran anggane wanita, sikapa kahanane wanita, lan tumindake wanita. Sakabehe candra lan gegambaran sing digambarake ing SCR iki minangaka gegambaran saka wanita yaiku bisa saka anggane wanita, sikape wanita, lan tumindake wanita. Sakabehe iku mau kacandra saka anane papat paraga yaiku Sembadra, Dewi Manuhara, Dewi Ulupi, Retna Gandawati, lan Wara Srikandi. Kalimane iku minangka wujud saka wanodya sing becik lan nduweni panyandra utawa gegambaran sing becik uga.

KAPUSTAKAN Padmosoekatja, S. 1953. Ngrengegan Kasusastran Djawa. Surakarta Atmodjo, S. Prawiro. 1987. Bausastra Jawa. Surabaya: Yayasan Djojo Bojo Ratna, I Nyoman Kutha. 2009. Stilistika: Kajian Puitika Bahasa, Sastra, dan Budaya. Yogyakarta: Pustaka Pelajar. Any, Andjar. 1980. Raden Ngabehi Ronggowarsito, Apa yang Terjadi?. Semarang: Aneka Ilmu http://id.m.wikipedia.org/wiki/Rangga_Warsita diakses tanggal 02 Januari 2014

10

You might also like