You are on page 1of 5

Pitik Babon Seneng Ceker-ceker Dhek jaman biyen ana salah sawijining Begawan sing linuwih lan bisa

omong-omongan karo kewan. Apa sing dadi kersane mesthi dadi kasunyatan. Kalebu ing salah sijine wektu

panjenengane maringi gelang emas marang Pitik babon bisa kasunyatan nempel ing sikile. Nanging emane sawise Pitik babon duwe gelang ing sikile, dheweke tansah midar-mider nyawang gelang sing mentas diwenehi dening Begawan mau. Apa sing ditampa iki ndadekake rasa gumedhe ing atine. Pitik babon dadi ora gelem maneh ceker-ceker golek pangan. Senengane mabur-mabur golek gabah ing lumbung karo nangkring ing panggonan apa bae. Pitik babon senengane paes lan mung ngelus-elus wulune karo nyawang gelang mas paringane kanjeng Begawan. Wah apik ya gelangmu iku, ning ya ngati-ati iku rak mung titipan cluluke Cacing sing lagi ana ing lemah sisih ngisore. Cacing pancen ngerti yen gelang iku paringane kanjeng Bega-wan. Yen ora bisa migunakake kanthi bener bisa bae gelang iku dijaluk maneh banjur diwenehake marang kewan liya. Nanging kandhane Cacing mau ora dirungokake Pitik babon, dheweke terus pindhah mabur ngono wae. Glomprang! swarane prabot ing daleme kanjeng Begawan padha tiba, malah ana sing pecah barang. He, Pitik babon metu kana! Kowe iki tak wenehi gelang iku supaya luwih ana gunane. Ning jebule malah gawe rusak wae. Delengen pawon omahku dadi semrawut. Mung seneng paes, ora gelem ceker-ceker golek pangan maneh. Kowe malih seneng nyolong gabah ing lumbung. Cepet metu kana Kanjeng Begawan aruh-aruh karo duka. Ing batine malih cuwa. Kena apa menehi gelang iku marang Pitik babon. Pitik babon mung meneng bae. Dheweke banjur pindhah nangkring ana dhadhah pinggir daleme kanjeng Begawan karo ngelus-elus wulune sing ora karuwan karana mabur mranamrene. Ing wektu liya kanjeng Begawan lagi lungguh dhewekan ing kebon. Panjenengane katon bungah banget nyawang kebonane sing ditanduri maneka woh-wohan. Kabeh katon ijo royoroyo lan subur. Karo ngresiki suket sing ngganggu tanduran, panjenengane ndhongkel lemah ing salah sijine tanduran. Katon ing njerone ana Cacing lagi ngolah lemah.

Kena apa aku ora menehake gelang emas iku marang Cacing bae? Dheweke rak sregep nyambutgawe, lan uga luwih ana gunane kanggoku. Ning piye carane? Aku rak wis kadhung menehake gelang iku marang Pitik babon! batine Begawan ing jero ati. Nanging sawise iku, kanjeng Begawan ngendikan lirih marang Cacing. Cacing manthukmanthuk tandha sarujuk marang ngendikane kanjeng Begawan. Ing dina sesuke Pitik babon iku kipu, utawa reresik ana ing awu pinggir daleme kanjeng Begawan. Pakulinan iki uga ora disenegi dening Begawan amarga lebu sing nempel ing awake Pitik babon banjur dikebutake gawe reged daleme kanjeng Begawan. Tulung, tulung! pambengoke pitik babon. Ana apa Pitik pandangune Begawan ethok-ethok ora ngerti. Gelang, gelang kula ical kanjeng. Kadosipun wonten ingkang narik suku kula saking lebet siti menika ature Pititik babon karo gela. Geneya ndadak gela, gelang emas iku rak dudu duwekmu, mbok menawa wis wayahe gelang iku pindhah ana kewan liya. Saiki kowe kudu sregep golek pangan, aja kesed lan seneng paes bae! pituture Begawan. Pitik babon mung meneng bae. Dheweke ngrumangsani luput, ora bisa njaga amanate kanjeng Begawan. Dina esuke Pitik babon weruh Cacing nganggo gelang emas iku, kang ategese Cacing sing ngrebut gelang paringane Begawan mau saka njero lemah. Mula pitik babon ngoyak pengin njaluk bali gelange. Cacing mlayu terus mlebu lemah ora kecandhak Pitik babon. Nganti lemahe diceker-ceker tetep ora kecandhak. Nganti saiki pitik babon mesthi senengane cekerceker lemah golek baline gelang emas sing dijupuk Cacing.

Dhadhung lan Arit


Duk nalika semana, ing sawijining zaman, ana kerajaan sing subur makmur, tata tentrem kerta raharja, gemah ripah loh jinawi dikuwasani dening sawijining raja, sing mung kagungan putra mahkota. Ora kanyana-nyana raja mau mangkat tanpa gerah luwih dhisik. Mula, mesthi wae putra mahkota sedhih nggetuni sedane bapake, awit ngrumangsani yen dheweke isih enom lan durung siyap yen kudu ngganteni kalenggahane bapake, minangka raja. Sing ndadeke putra mahkota mau krasa nelangsa, amarga bapake ora ninggal pesen apa-apa marang dheweke. Ora lumrah, ora sakbaene, aku kepengin ngerti apa sing nyebabake sang raja seda kanthi ndadak, mangkono sing dipikir lan dirasake ing njero atine putra mahkota iki. Mula dheweke banjur gawe sayembara kang bisa dieloni sapa wae, ora mandhang drajat lan pangkat, wanita lan priya. Hadhiyah sing bakal ditampa dening sapa wae sing menang ing sayembara iki uga ora baen-baen, yaiku sakilo gram emas murni lantakan. Hai para kawulaku kabeh, sapa sing gelem ngancani jisime bapaku ana njero kuburane sewengi wae, bakal tak paringi bebana emas murni, kandhane putra mahkota mau karo mbrebes mili eluhe, nangis! Kanthi ngancani ing kuburane ing pangajap bisa meruhi apa wae sing bakal dihizab (ditakokake malaekat) sawise ditinggal dening para pelayat ing njero kuburane lan kanthi mangkono uga bisa dimangerteni sebab kematiyane sang raja sing ndadak kuwi, embuh karana di tenung, teluh, santhet, jengges lan jinis liyane, saengga sapa sing tegel gawe patine raja bisa uga dimangerteni kanthi gamblang. Nanging ditunggu sedina, rong ndina nganti seminggu durung ana wong sing wani melu sayembara mau, saengga jisime raja uga durung dikubur. Bab iki ndadekake putra mahkota saya sedhih lan ngrantes atine. Tujune sakwise dina sing kaping sepuluh, ana sawijine nom-noman maju, sowan ing ngarepe putra mahkota sing lagi lenggah ing dhampar kencana. Priya sing sandhang panganggone prasaja iki banjur matur yen dheweke bakal melu sayembarane putra mahkota. Krungu omongane priya mau, putra mahkota rumangsa seneng atine.

Sapa jenengmu, saka ngendi kowe lan apa gaweyanmu saben ndinane pitakone putra mahkota marang priya mau. Nami kula Tholib, saking Desa Sebrang Kulon, kula namung lare angon wedhus Ndara wangsulane Tholib, karo nuduhake arit lan dhadhung sing menyang ngendi wae digawa. Kandhane, arit mau kanggo ngarit suket lan dhadhunge kanggo nyancang wedhus lan ya mung kuwi bandha sing diduweni. Lha apa kowe wis siyap tenan ngancani bapakku ing njero kuburane sewengi natas lan critakna apa wae kedadeyan sing kelakon ing kono? pitakone putra mahkota maneh Inggih Gusti! Banjur apa tujuwanmu melu sayembara iki? Kula namung badhe ngewahi nasib kula ingkang kecingkrangan menika. Jenasah sang raja ing sore kuwi banjur dilebokake ing kubur sing wis disedhiyakake, semono uga Tholib uga nglekar ana sandhinge. Undhuk-undhukan lemah kuburan kuwi uga wis diwenehi selang kanggo ambegane Tholib saka njero kubur. Sawise surub para pelayat lan putra mahkota padha ninggalake kuburan. Dina esuke, Tholib wis sowan ing ngarepe putra mahkota. Putra mahkota katon wis ora sabar maneh ngenteni critane Tholib sing wis sewengi nung-goni jisime bapak-e, Nyuwun pangapunten sedaya kalepatan kula sang putra mahkota, kula kapeksa nulak paringani-pun hadhiyah emas setunggal kilo gram, najan kula sampun kasil nenggani jisimipun sang raja kandhane Tolib lirih, ndadekake kagete putra mahkota iku. Dadi, hadhiyahku ora mboktampa! kenapa? Inggih, amargi ingkang dipun hizab malaekat wonten ing alam kubur kula rumiyin, malah sejatosipun dereng ram-pung, nanging kuburan sampun didhu-dhah para kawula, lajeng kula dipun pu-rih medal critane Tholib, nanging sak-durunge putra mahkota paring pangandikan, Tholib wis nutugake omongane. Sedalu kula dipun takeni malaekat, bab dhadhung lan arit kula menika, malah kula ngantos kewalahan. Kasunyatanipun ing alam kubur menika sedaya ingkang dipun gadhahi manungsa badhe dipun hizab (ditakokake) asal usulipun. Saget dipun bayangaken menawi kula nampi emas ingkang mboten jelas asal usulipun.

Karepmu? Mekaten, malaekat wau dalu mawon nangkletaken saking pundi asal usulipun arit lan dhadhung kula, saking pundi kok saget angsal dhadhung lan arit, tumbas menapa nyolong, sampun nate kangge tumindak ala napa dereng, menawi tumbas ngangge arta halal menapa haram lan tasih kathah malih ingkang dipun tangkletaken bab arit lan dhadhung kula menika, menapa malih mangke menawi kula nampi emas, kamangka kula mboten mangertos asalipun, saengga kula mboten saget tanggeljawab. Menapa kula mboten kadosan lan dipun siksa? Mila kula mboten saget nampi paringanipun hadhiyah menika, kandhane Tholib.

You might also like