You are on page 1of 1

Adohing papan dunugmu nambahi sanyoyo abot mikul roso kanggenku marang sliramu umpomo aku duweni hanpone

yo mesti taktelpone yen ora tak Sms sliramu gae nyudo roso kangenku wolak walike jaman saiki wes ra usum kirim layang amargo saiki sing ono facebookan Oalah jeng yowes tak empete roso kangen iki mergo kahanan sing koyo mengkene iki. sing penting kopat lepet janur kunig ayo podo andum slamet separo eding... yen ora gelem separo eding aku sing telung prapat sliramu sing setelon wae,,," NALIKA SEPI .... pasuryanmu sing bening tumiba ing banyu mili turut pletheking surya saya suwe tansaya adoh ninggalake sepi tan ana sabawa gumrisiking alang alang aku mung bisa nyawang pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali nganti datan katon kasaput pedut UDAN WAYAH SORE udan riwis-riwis nggawa angin gumanti ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung tak kanthi lakumu tumeka ngendi mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis marakake gawe kekesing ati manuk kepodang wus mabur mangulon nanging tetep tak tunggu tekamu. - See more at: http://www.embunsyurga.com/2013/03/puisi-jawa-tentangcinta.html#sthash.iBptgsZV.dpuf

You might also like