Professional Documents
Culture Documents
Cerpen Basa Jawa
Cerpen Basa Jawa
Adhuuuuuuuuuuhhhhh !. Bocah iku kelaran , wong wong sakiwa tengenku padha ngengeti polahku lan bocah iku . Aku ora mikirake . Aku bacut nesu ,trima mulih , ora sido nonton wayang .
* *
Sanggar anggonku latian lumayan adoh saka ngomah . Kira-kira 5 km . Menawa ngepit motor 15 menit tekan . Sanggar iku jumeneng Among Rasa kang didegake kurang luwih 2 tahun kepungkur . Awit didegake ,aku wus gabung ing kono ,aku dhewe diajak Guru Karawitanku dhek SMP kon melu kegiyatan sanggar iku . Sadurunge aku wus kelebu anggota karawitan Kinanthi Laras ,tim karawitan SMP 1 Matesih . Ing sanggar aku dipasrahi posisi bendahara sanggar . Ananging , aku uga kerep dadi coordinator acara sanggar . Aku nyekel perangkat demung 1 kang kalebu balungan . Balungan iku saka piranti demung ,saron barung ,saron penerus ,lan slenthem . Seperangkat iki nduweni peran penting banget sajroning mainke gendhing . Kelompok karawitan sanggarku kerep melu lomba kang ana ing Karanganyar ,uga wilayah karesidenan Surakarta ,ing kalodhangan iki,kelompok Among Rasa arep melu lomba ing tingkat Karesidenan Surakarta . Ing dalan lehku ngepit yo mung alon-alon . Amarga dudu acara kang mendesak banget . Nggggrennngggggggg nggreeeennngggggggg Ana pawongan cacah 6 padha ora nggenah,nggleyeri aku . Banjur wong kuwi ngguya ngguyu . Sing nganggo kaos ireng iku ,aku kaya tau weruh . Nanging sapa ya ?? wealah dalah ,iku bocah ing bale desa . Batinku Ing ngarep ana protelon sing lurus , dalan menyang sanggar ,mentok kali ,sing nengen menyang dalan gedhe . Bocah cacah 6 mau isih babalas bae . Arep adus ing kali po piye ?. batinku Satekane ing sanggar ,aku salaman karo Pak Sukir ,Guru Karawitanku uga Pembina sanggar . Mbak Farah ,mangke katekan anggota enggal cacah 6 nggen gerong kalih demung 2. Menika tiyang pundi Pak ?. Takonku Bocah SMP 1 Jumantono ,mbak. Nggeh. Banjur aku mlebu ing njero sanggar . aku mlongo ,bocah iku malah ngguyu cekakakan mangerteni aku kaget weruh wonge ing kene . Bocah kuwi yaiku bocah kang ngutahi Big Cola ing
klambiku ,midak sikilku lain sing nggleyeri aku ing dalan mau . Tibakno ,bocah kuwi yo gabung ing sanggar iki . Pak Sukir uga mlebu nemoni aku lan bocah kuwi . Panjenengane ngasta kertas notasi banjur dibagekake . Lesung Jumengglung kaliyan Mars 45 Pak ?. pitakone bocah kuwi Nggeh . Niki Mbak anggota enggale ,Mas Bangkit . Napa sampun kenalan ,kok ketoke akrab sanget ?. Pitakone Pak Sukir sinambi ngelungke notasi . Mpun Pak ,Mpun kenal Sanget . Saurane Bangkit Dereng Pak ,Kula mboten kenal . aturku karo ajar mainke Lesung Jumengglung Yo ,padha diwiwiti ! Mas Wawan kang nabuh kempyang ngwiwiti gendhing 5..6.235.1.65312 2.36.12532356.. Swara gamelan milut ati ,kepenak dirasaake ,lan dirungokake . Iki sebabe kena ngapa wong asing padha tresna marang gamelan . * * * Jam 6 wengi latian wis rampung . Kabeh padha salaman Karo Pak Sukir . Kalebu aku lan Bangkit . Ati-ati ,mbak,mas . leh ngepit alon-alon . Pesenne Pak Sukir Wektu njupuk pit ing parkiran ,tak tamat-tamatke ban pitku . Walah ,,kempes . Klepe ilang . Iki mesti gaweyane Bangkit Cs . Rada sawetara ,Bangkit uga menyang parkiran . Bangkit dakpleroki . Ana apa ta ,Plerak plerok . Sirik po piye ?. Pitakone Bangkit . Iki deloken ban pitku ,tok kempesne ta ?. Ora ,Jeng .. Wong aku yo latian karo kowe . Banjur aku udur karo Bangkit . Aku isih ngengkel bae menawa wonge kang ngempesi ban pitku . Apa maneh wonge seneng usil . Bebungahane wong wong sajinis Bangkit kuwi yen wis kasil nggodhani wong liya . Pungkasan rampung prekarane ,wektu Pak Sukir rawuh misah aku karo Bangkit . Sabanjure Bangkit ngeterke aku muleh . Dene motorku digawa Fathony lan Wawan menyang bengkel kang ana ing pinggir dalan .
Bangkit ngeterke aku teka ngarep omah ,ndelalah bae kulawargaku padha lelungguhan ing ngemper karo ngopi . Mangerteni aku diterke mulih Bangkit ,bapakku malah nyeluk Bangkit ,dikon mampir ngomah. Mampir kene ,le . Nggone Lek Yanto . Ibuku uga melu nyeluk Mas Bangkit ,mampir !. nggeh ,Lek, Dakpikir-pikir bocah iki kok bisa kenal wong tuwaku . Saka ngendi genahe . Malah mampir sisan . Jan ,bocah kok ora nduwe wirang babar blas . Mudhun saka pit aku ndlujur mlebu kamar . Ora takokan . Sawise nyelehake tas aku mapan ing kasur saking kesele latihan dhek mau . Gek ndang turu sesuk ben bisa tangi esuk . Dongaku . * Kringggg Alarm muni ,wis jam 2 esuk . Aku isih rada ngantuk . Ananging saking bungahe banjur mancal kemul ,wudhlu ,shalat tahajjud ,lan nonton Real Madrid ing TV. Esuk iki jatrah ana pertandingan Real Madrid Vs Barcelona ing La Liga . Sanajan aku bocah wadon anaging kesenenganku salah sijine yaiku nonton bola . Apa maneh ,menawa enek Real Madrid ,walah sak kulawarga bisa kancilen amarga krungu suaraku bengak-bengok ndhukung El Classico . Durung genep anggonku mlangkah menyang ngarep TV sikilku kesandhung helm .Ora nyana ,kang nduwe helm iku Bangkit . Wonge turu ing ngarep TV karo bapakku lan Mbah kakung . Mripate kriyip-kriyip mangerteni ana wong ing sangarepe . Banjur Bangkit turu maneh . Lehku nonton bola kepriye iki ?. Bangkit ngelungke hp saka kanthonge Nonton TV nggo iki bae . Ndang ngalih kana !.Perintahe . Banjur daksrawut nggo nonton bola . Nganggo hp ora popo tinimbang kudu nonton Tv ing sampinge .Sabubare pertandhingan ,iseng bae dakbukaki gallery-ne . Tibakno akeh tenan folder fotone . Jenenge yo aneh-aneh sisan NPz,FmG ,KLj,lsp .Wektu dakbukak njerone ana foto kulawargane lan koncone. Walah bangkit iku putrane Pak Darno ,toh !. Gek iki ana fotoku sisan . Ora let suwe bangkit sms aku kon mbalekne hapene . Banjur dakbalekne menyang ngarep TV . Jatrah bocah rada kepriye ngono . Barang aku wes neng sampinge wonge malah wus merem maneh . * *
Adzan nduduhke wanci shubuh . Banjur aku menyang kamar mandi saprelune wudhlu kanggo sholat shubuh . Wus kurang luwih setaun aku ora ketemu maneh karo Bangkit . Wonge dhewe sakiki sekolah menyang SMKI Surakarta jurusan seni musik . Wektu awal-awal pindhahan ,seminggu sepisan wonge mulih . Kala-kala yo dolan menyang omahku . Ananging 3 sasi ,4 sasi sabanjure wonge ora tau dolan menyang omahku maneh . Ketemu neng dalan we yo ora . Biasane wonge sms yahmene iki . wektu sore nek ora yo bengi sabubare maghrib . Daktunggu tunggu smse Bangkit . Suwe anggonku nunggu , wonge ora ndang sms . Hapeku muni ,dakdelok tibakno Bangkit telfon . halo, Far ,ana neng ngomah pora ?. pitakone bangkit . Ana ,lha ngopo ?. jawabku ummm ,mung takok . yo, Tut,tut,tut . Swara langkah wong ana ing mburiku . Aku mengo , ,Bangkit ? Rasah nggumun ,kat dhek mben aku wus bagus . Ra perlu dipentholongi neh . Omonge Bangkit Huuuuulllll, Banjur aku lan Bangkit ngguyu ..
o.r.i.g.i.n.a.l