You are on page 1of 3

======= www.alangalangkumitir.wordpress.

com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 1
SUSULUKDUMUNUNGINGSITI SUSULUKDUMUNUNGINGSITI SUSULUKDUMUNUNGINGSITI SUSULUKDUMUNUNGINGSITI
Anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana
kapingIV.
ASMARADANA
1. Wonten wirasaning ngilmi, yugya samya kinawruhan, tata malige
kitabe, dene ing janma kakathah, kang samya ginuronan, nguni
asalekaruhun,sakingCarebonnagara.
2. Ingkang pinurwa ing kawi, kang ngaran bumi mandurat, aneng
jajantung lungguhe, bumi mardani punika, ing sungsum lenggahira,
bumiasmaniyaiku,anengbabalunglenggahnya.
3. Bumi muhyatani getih, iku jarene kang mulang, bumi mas nita ning
ngotot,bumiingngenipunika, ing daging lenggahira, bumi
sampurnaingwujud,bumisucikalanangan.
4. Wonten kang / winuwus malih, kalipahipun ing Ngallah, wujud ing
manusakaot,sajroneanemubasa,wolulikurpunika,riningkesmalih
puniku,dadibasatigawelas.
5. Kangdhiminingaranbumi,yaikulintanglenggahnya,nyawanenabi
tirone, amor neng sungsum ing janma, nepsune aluhamah,
malahekatepuniku,Jabarailingkangnama.
6. Wedale ing cangkem mami, marmane amung angucap, ingkang
teteppangwasane,karyanedukakewala, iku jare kang mulang,
kangserakahmanganturu,sebuteangudubillah.
7. Genilungguheingdaging,nyawanekewanirannya, aneng
pupusuhpawore, inggih nepsune amarah, iku kamulyanira,
malaekatepuniku,Mingkailingkangnganama.
8. Wedale saking ing kuping, penggawene amiyarsa, ingkang kuwat
pengwasane, i/ku jarene kang mulang, kerep dadi jaruman,
punikakamulyanipun,sebuteastapirollah.
9. Banyu lenggahireng getih, nyawane rahmani rannya, aneng lilimpa
pawore, nepsune aran supiyah, jarene kang amejang, nenggih
malaekatipun,NgijrailkekasihNgallah.
10. Lenggahirengnetrakalih, penggawene mung tumingal, telangkas
ing panggawene, nyawanipun samirana, karyanira winarna,
anganggekangsuciiku,sebutiraSubkanalah.
11. Bumi lenggahe winarni, babalung kang luwih rosa, rohkani ika
nyawane, pawore jajantung kita, nepsune mutmainah, malaekate
puniku,Israpilingkangnganama.
12. Wedale saking ing kuping, penggawene amiyarsa, ingkang kuwat
pengwasane, iku jarene kang mulang, karep dadi jaruman, puniku
kamu/lyanipun,sebuteastapirolah.
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 2
13. Wedale ing grana kalih, ngambu-ambu pengwasanya, ingkang
ngekas pengwasane, iku sira angimana, kang becik lan kang ala,
anadenesebutipun,mungyahu-yahukewala.
14. Kang ngarannya warah-mani, lenggahe sungsum punikia, Aruman
malaekate, amimbuhi penggawenya, iku kang ngasung murah, ing
pangrasawedalipun,ikusirakawruhana.
15. Nyawa rabani winarni, lenggah ing kulit punika, rohani malaekate,
penggawene sir punika, dhatengaken pengwasa, wonten kalih kang
winuwus,nyawanuraniwinarna.
16. Lenggahe napas puniki, karyane lumaku ika, amadhangi
pangwasane, nyawa ilapi punika, aneng jajantung punika,
nyatakakenkaryanipun,ngidenipengwasannya.
17. Malaekate winar/ni, Amlatulngarsi kang nama, wonten winiraos
mangke, kang nyawa kudus punika, aneng ngutak pernahnya,
anucekakenpuniku,kanggaib-gaibsadaya.
18. Dat mulya lenggahireki, ing Suksma jati punika, gawene
anganakake, anenggih kang nora nana, pengwasanipun mulya,
wontenmalihkangwinuwus,uriplanggengingdatmulya.
19. Kang ngurip tan kena pati, langgeng datan kena owan, gih puniku
sejatine,lantunjungtanpatelaga,lanpapantanpasurat,surattanpa
papanniku,ikujatinekangmulya.
20. Iku kalimah kang yekti, gigir wuwulu punika, amimbuhi sakabehe,
amimbuhi ing sajagad, iku aran kiyamad, lan aran kiyamad iku,
milanearankiyamad.
21. Milane ingaran sing/gih, kiyamad lawan ngakerat, dene wus
manggung keraton, datan ana pinangeran, datan ana amangeran,
kangwitmaringsijiiku,luwihmaringsijikita.
22. Uwit maring mulya dhingin, iya mulih maring mulya, kang nguwit
maring nguripe, iya mulih maring gesang, kang nguwit maring
Ngallah, iya mulih mring Hyang Ngagung, kang nguwit saking
Pangeran.
23. Mulih mring Pangeran malih, iku jarene kang mulang, kawruhana
sejatine, puniku tutur manira, sami den-kawruhana, basa santri
ingkangluhung,salametdonyangakerat.
24. Kang ngaran basa sawiji, puniku jenenge gesang, basa ya iku
tegese, iya rasa Rasullulah, eredi cerek ngambyah, iku eroh
jatenipun,ikunyataneMuhkammad.
25. Basa reka badan iki, iya roh ilapi ika, basa i/lapi badane, roh ilapi
jatenira,lamawalrohMuhkammad,lamakirrasakangluhung,iyaiku
Rasullullah.
26. Ehuhakattegesneki,ikusamingawruhana,iyauripsejatine,sawuse
kumpul punika, basa patang prakara, iya Allah jatenipun, iku sira
kawruhana.
======= www.alangalangkumitir.wordpress.com =======
AAK culture library I Effort to Preserve National Culture

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library 3
27. Jare merade ing kulit, maring nyawa nabad dika, merade daging
parane, maring nyawa kewan ika, merade getih kita, maring nyawa
jasmaniku,yogyasirakawruhana.
28. Meradebalungpuniki,dhatengnyawarahmanira,densamingawruhi
mengko, merade kang nyawa rahman, dhateng sungsum punika,
meraderabaniiku,maringjajantungpunika.
29. Meradenyawanurani,dhatengnyawailapika,meradesuksmajatine,
dhatengnya/wakudusika,lawanmeradengedat,maringsuksmajati
iku,punikunyatanemulya.
30. Merade nyawa nabati, marang nyawa kewanika, kang nyawa
mangke merade, marang jasamani punika, iku den kawruhana,
meradejasmaniiku,maringrohkanipunika.
31. Wonten caritanya malih, dipun-sami ngawruhana, merade sungsum
parane, maring jajantung punika, merade jantung ngika, maring
nyawailapiku,meradenyawalapika.
32. Maringnyawakudusnenggih,meraderohkudusika,ingsuksmajati
parane,meradesuksmajatika,maringnguripkangmulya,merading
ngurippuniku,dhatengrupakangminulya.
33. Merade ngurip puniki, dhateng rohkani punika, sami ngawruhana
mangke, punika kang / ngaran janma, kang wus putus ing rahsa,
punikakangngarankubur,ikusirakawruhana.
34. Punika carita malih, kang ngaran jaman ngakerat, ingkang pundi
sejatine, lawan ingkang ngalam kuwah, dene selamet ika, sajroning
dhegamun-amun,punikukangngarankuwah.
35. Kang sentosa iku ugi, iya iku alam kuwah, kang sampurna ing
ngajale,napsiyahsalbiyah ika,mangani maknawiyah,nabadinurani
iku,napaslankulitlenggahnya.
36. Kewani lawan jasmani, ing daging ika lenggahnya, rahmani getih
dununge, roh ana daging punika, kudus ing ngembun-embunan,
makambakalenggahipun,ingjajantungingkangmulya.

KapethiksakingSeratsulukjamankaraton-dalemingsurakarta.

You might also like