You are on page 1of 2

Unggah Ungguh Bahasa Jawa

Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku: 1. Basa ngoko, kaperang dadi 2, yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya). 2. Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama. 3. Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa. 4. Basa Kedhaton. 5. Basa Kasar.

A. BASA MADYA
Basa Madya iku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude Basa Madya yaiku tembung Madya kaworan ngoko utawa krama. Basa Madya Ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan. Manut wujude, Basa Madya diperang dadi 3, yaiku: 1. Madya Ngoko. Basa Madya Ngoko wujude tembung: Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Dika, mang, samanng Ciri-cirine Basa Madya Ngoko antarane: Aku, dadi kula Kow, diowahi dadi dika Ater-ater tak- diowahi dadi kula Ater-ater ko-diowahi dadi dika Ater-ater di- ora owah Kanggone Basa Madya Ngoko iku lumrahe: Bakul padha bakul Priyayi marang sor-sorane Tuladha: Dika niku klebu beja, olehe panen pari mboten enten sing gabug, samang napake ta? Pundi woh-wohan sing becik-becik niku? Niku napa kirang becik? 2. Madyantara. Basa Madyantara iku wujude tembung Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Ngoko Kang slira (sampeyan), pangkate, sesebutan (peprenahan) Ciri-cirine Basa Madyantara: Aku, diowahi dadi kula Kow, diowahi dadi sampyan, samang Ater-ater tak-, diowahi dadi kula Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang Panambang -ku, diowahi dadi kula

Panambang -mu, diowahi dadi sampyan, samang Panambang -e tetep ora owah Sing nganggo Basa Madyantara: Wong padesan marang wong liya kang dianggep luwih tuwa utawa kinurmatan Padha-padha priyayi sing wis kulina Bojone priyayi marang sing lanang (yen durung kulina) Priyayi marang sanake tuwa kang luwih asor Tuladha: Sampeyan niku pripun ta mas, seprikasepriki kok boten enten sudane A migunakak Basa Madya Ngoko, B migunakak Basa Madya Krama. A : , Yu nggndhong lurik, ndika mandheg sedhla. B : Napa, ajeng tumbas? A : Wong ngendheg nk mboten ajeng tuku ajeng napa? B : Engga ta mang milih. Dagangan kula sa-sa. 3. Madya Krama. Basa Madya Krama iku wujude tembung: Madya (ater-ater lan panambang ngoko) Krama lan krama inggil Sampeyan, pangkat, sesebutan/peprenahan Ciri-cirin antara liya: Aku, diowahi dadi kula Kow, diowahi dadi sampyan utawa samang Ater-ater tak-, diowahi dadi kula Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang Ater-ater di-, tetep ora owah. Sing nganggo Basa Madya Krama: Padha=padha priyayi sing wis kulina Bojone priyayi marang sing lanang (yen durung ngoko) Tuladha: Mas, tinimbang sampeyan ngresula ngoten niku, mbok luwung ngenggarenggar penggalih lan nyenyuwun teng Pangeran pinaringan gesang mulya, tentrem boten enten sambikala. (A Ibun B Kula) A: Wetonku tumbuk umur 33 taun, slametan apa wis kok pikir? B: Rak siyos bnjing tanggal 7, wulan Rabingulakir ngajeng niki ta? A: Iya. B: Saniki tanggal ping 27, taksih kirang 10 dalu. A: Rak ya wis cedhak.

B. BASA NGOKO
Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa Jawa kanggo guneman marang wong sapadha-padha. Basa Ngoko isih kaperang dadi 2, yaiku: 1. Ngoko Lugu,yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Gunane kanggo guneman antarane: Wong tuwa marang bocah enom Wong kang sadrajad utawa wis raket sesrawungane Wong apangkat dhuwur marang pegawene Bocah cilik karo kancane Ngunandika (ngomong dhewe) 2. Ngoko Andhap, yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama sawetara. Panganggone basa ngoko andhap iku kanggo guneman antarane: Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajade Bojone priyayi marang sing lanang Priyayi marang priyayi yen wis ngokongokonan (kulina/raket) Basa ngoko andhap bisa diperang dadi: a. Antya Basa (wujude tembung ngoko lan krama inggil). Ciri-cirine: Aku, tetep ora owah Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas Ater-ater dak-, ko-, di- lan panambang -ku, -mu, -e, -ake ora owah Tuladha: Mas, aku nyuwun ngampil kagungane buku sewengi wae. Ora, kangmas ki suw ora ngetingalngetingal iku tindak ngendi? Wah, adhimas ki rada ngece. Genah wis pirsa bae kok mundhut pirsa. b. Basa Antya (wujude tembung ngoko, krama inggil lan krama). Ciri-cirine: Aku, tetep ora owah Kowe, kanggo pawongan kang diajeni diowahi dadi panjenengan, ki raka,kangmas Ater-ater dak-, ko-, di- tetep ora owah Tuladha: Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan, kejaba mung

bisa ndherek muji rahayu, mugamuga panjenengan saged remen, lan saged ngangsu kawruh sing migunani tumrap nusa lan bangsa. Dak arani sliramu dhk mau bengi sastu mriksani ringgit ana ing dalem Pak Lurah. Gklampah ba apa ya dhimas, teka gamelan sedalu natas ngungkung ba, ora ana pedhotpedhot.

C. BASA KRAMA
1. Krama Inggil Bahasa krama inggil itu lebih menghargai orang lain, juga disebut basa krama halus. Contohnya. 1. Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu. 2. Pak Bagyo nembe mucal kelas sekawan. 3. Pak Badrun mundhut sepatu. 4. Eyang kakung nembe siram. 5. Buku kulo dipun asto Bu Guru. Kalau kita perhatikan, kalimat di atas diucapkan sangat halus sekali, sebagai bentuk untuk ngajeni (menghormati) antarane Bapak, Pak Bagyo, Pak Badrun, Eyang Kakung dan Bu Guru. 2. Krama Lugu Kalimat berbahasa Jawa ragam Krama lugu adalah kalimat yang didalamnya terdiri dari kata-kata berbahasa Jawa krama, kalimat ini biasanya digunakan untuk membahasakan diri sendiri. Terdiri dari kata-kata berbahasa Jawa krama. Contoh " Kula dereng tilem."

D. BASA KEDHATON
Basa Kedhaton yaiku basa kang kanggone mung ana kedhaton. Kaanggo tumrap para sentana lan abdining ratu ing wektu seba ing ngarsaning ratu. Conto: 1. Punapi sira darbe kawasisan ingkang linuwih? 2. Jengandika punapi sampun mengertos pawartos puniki? Ewone basa kedhaton liyane: nedha = mangan puniku = iku wonten = ana punapi = apa dhawak = dhewe jengandika = kowe siyos = sida darbe = duwe puniki = niki

E. BASA KASAR
Digunakan oleh rakyat banyak sehari-hari yang menurut bahasa memakai kata-kata yang tergolong kasar atau tidak sopan, biasa digunakan oleh orang yang tidak pernah belajar undak usuk basa.

You might also like