You are on page 1of 1

Nama : Alfina Ramadanti

Kelas : IX G
Absen : 03
Kancil lan Bulus
Ana Bulus ngomong karo Kancil kaya mangkene,
Aku ora gumun yen kowe luwih cepet mlayu tinimbang aku, Cil.
Nanging ayo padha nyoba balapan, sapa sing luwih dhisik tekan pinggir rawa iki.
Kancil sing rumangsa luwih pinter lan cepet mlayune nuruti omonge Bulus.
Mangka Bulus enggal miwiti mlayu, nanging Kancil malah enak-enak lungguh.
Ing batine Kancil kaya mangkene,
Si Bulus sing mlakune nggremet ben kempis-kempis kekeselen dhisik,
aku mesthi tanpa rekasa isoh nusul,
aku mencolot ping telu utawa ping pat wae wis mesthi isoh nglancangi kewan sing nggremet kuwi.
Ing nalika samono Bulus wis ameh tekan pinggir,
Kancil isih sareh wae rumangsa urung isoh ditandingi.
Bareng Bulus wis kari pirang playonan,
Kancil lagi keweden melu mlayu sakcepete.
Nanging merga kebacut, Kancil arepa kaya angin anggone mlayu,
tetep kalah saka Bulus sing mlakune nggremet iku mau.
Sapa bae sing gumedhe ora bakal disenengi kanca, kaya Kancil iku mau. Kancil ora disenengi kancane
merga nduweni sipat gumedhe, ngrasa pinter dhewe, cepet dhewe playune. Nanging merga sipat
gumedhene iku mau, Kancil ora sida menang. Mangka, dadia bocah sing pinter nanging andhap asor.
Wis mesthi kanca-kanca padha seneng marang awake dhewe, banjur awake dhewe bisa duwe kanca
akeh.

You might also like