You are on page 1of 1

Variasi Witing Tresna.....

Tresno Jalaran saka Kulina iku wis ora jaman maneh lur, terlalu mainstream, terlalu luas, kurang
spesifik!!! Iki lho sing lagi nge-trend saiki :
1. Witing Tresna Jalaran Curhat nggal Dino
Awale sih saka kanca curhat, opo wae dicurhatke, malah nggosip sisan. Curhate ki werna-
werna, pas patah hati, pas lagi kasmaran. Suwe-suwe kok ono rasa cocok? Lha akhire
malah naksir dheweke.

2. Witing Tresna Jalaran ditinggal Lungo
Iki pas banget nggo wong sing LDR utawa sing kepeksa pisah adoh. LDR ki ngenes toh?
Mulane wani nglirak-nglirik ki sak wise ditinggal lungo pacare lur. Ati-ati wae sing saiki lagi
LDR.

3. Witing Tresna Jalaran nge-PING nggal dino
Iki khusus pengguna BBM. Merga iseng, kanca2ne akeh sing di-PING, lha kok ternyata ono
sing ngrespon terus. Dheweke nangkep yen iki biso wae dadi kesempatan nggo PDKT.

4. Witing Tresna Jalaran Ora Ana sing Liya
Iki luwih ngenes lur, bayangke wae? Pengen naksir tapi sing ditaksir ora bakal nanggepi, trus
daripada ora nduwe sopo2 yo wis naksire karo wong sing pancen ono tanda-tanda mesti
ditrimo. Biasane iki cocok nggo wong sing pesimis-realistis.

5. Witing Tresna Jalaran Weruh Wong Liya
Iki khusus sing wis nduwe gandengan lur. Awale sih janji arep setia, tapi sakwise weruh
wong liya sing luwih apik, dadi wani nglanggar janjine dhewe. Yen pacarmu ngono, keplak
wae lur.

6. Witing Tresna Jalaran Padu nggal Dino
Iki bisa wae disebut benci jadi cinta. Awale sih nggal dino padu, gelut, sok jaim, ngece,
pokoke sok ora akrab lah, mbuh kuwi ning dunia nyata opo ning dunia maya. Trus akhire
merga ono momen sing luar biasa, dadi naksir sithik-sithik.

7. Witing Tresna Jalaran saka Kode sing Cetho
Cetho=jelas. Ana kanca sing weneh kode marang awakmu tapi jelas, ora koyo PHP, dadine
gawe mikir koyone lumayan juga yen ditaksir.

8. Witing Tresna Jalaran Ngendikane Wong Tuo
Kasus iki, wong tuo wis kenal karo kancamu. Trus secara officially utawa lewat kode, wong
tuamu weneh rekomendasi ben awakmu naksir dheweke. Iki sing jenenge main aman,
naksir wong sing jelas direstui wong tuo.

Saiki, saka macem2 witing tresna mau, ndi sing durung pernah? Apa jangan2 wis pernah
kabeh? Hahaha. Ojo digawe serius lur, dipikir karo ngising wae.

You might also like