You are on page 1of 2

Babagan Sinau

Wong sinau ora kudu ing njero kelas,


Ananging kudu ono ing njero ati lan pikiran kang wening,
Seliyane, ora elok wong sinau ora nganti rampung,
Sinau urip ya kudu nganti tuntas uripe.

Wates-e sinau, sing endek-endekan


nek bel wis muni...
nek mata wis ngantuk....
nek buku wis ditutup....
nek awak wis dikrukupi..

lha pitakone para kadang,


pripun tumrap sinau ingkang inggil
babagan sinau kahanan
yen sinau ing kelas, diwatesi lonceng,
yen lelaku soko buku, sakdermane mata.

sinau babagan kahanan,


yo sak-sak-e sing sinau,
lan sak- ono-ne sing di-si-na-o-ni

arep dianggep ora tau rampung yi iso,


digawe gampang yo pancen ora angel,
dipikir susah lha wong nggarape butuh kaprigelan, katemenan, dalah kauletan.

dikarepi ndang gelis rampung, lha nggih monggo


diulir-ulir nganti lelet, dionceki nganti tekan wiji,
dikrowoti nganti tekan pelok, ora ono entek-e

sak bejo-bejane wong sinau,


luwih bejo sing ngerti kapan rampung-e
ono sing luwih bejo tinimbang wong sing mung sinau,
yo kuwi wing sing ngamalke kawruhe, kanggo lan becik-e sapada-pada.

wong sing sinau, ananging ngelmune lan kawruhe dalah keprigelane,


mung kanggo awak-e dewe, podo karo tanduran kang ora entuk wiji,
urip-e mung sepisan, ora ono pineruse, sigra tirta ngambah godhong lumbu,
blas ora ono bekase.

wong sing cilaka, yo kuwi wong sinau terus, sinau opo wae,
nanging ora ngerti endi paran lan dununge,
ora ngerti pang-guna-ne kawruh sing disinaoni,
lan ora gelem ngerti nek wayahe wis lumengser.

sing luwih ciloko, wong sing ora gelem sinau,


soko liyan dalah soko pengalamane dewe,
wong sing koyo mengkene,
ora beda karo sak bodo-bodo-ne khaiwan.

mulo kuwi sedulur,


ngoyo-oyo panira,
sak barange kang di-udi,
kabeh mau ono teges lan mangsane.

You might also like