You are on page 1of 8

SOAL UJIAN MADRASAH BAHASA JAWA

MTs MAARIF NU KABUPATEN BANYUMAS


TAHUN PELAJARAN 2013 / 2014

Wenehana tandha ping (X) ing wangsulan a, b, c, utawa d kang bener !

Wacanen wacan ing ngisor iki kanti premati!

IBADAH ING WULAN RAMADLAN

Wulan Ramadlan minangka wulan ingkang kaping sanga ing petangan tahun
Qomariyah, punika wulan suci tumraping kaum muslimin ing saindhenging Nusantara.
Kawastanan wulan suci jalaran ing wulan punika miturut dhawuhipun Gusti Allah ing Al-
Quran, inggih ing wulan Ramadlan punika Allah kersa maringaken pitedah dhumateng para
manungsa ing dunya awujud Kitab Suci Al-Quran lumantar Rasulullah Muhammad SAW.
Nyinau Basa Jawi

Teks wacan ing ndhuwur kanggo soal nomer 1 lan 2.
1. Ramadlan minangka wulan kaping sanga taun Qomariyah iku kawastanan wulan suci
amargi . . . .
a. Allah SWT dhawuh supaya umat padha puasa
b. Allah SWT maringi pitedah awujud Kitab Suci Al-Quran
c. Allah SWT dhawuh supaya umat padha silaturahmi
d. Allah SWT ngutus Nabi Muhammad SW
2. Tembung saindhenging ing wacan Ibadah ing Wulan Ramadlan nduweni teges . . . .
a. anggone c. diarani
b. daerah d. sekabehane

Wacanen tembang macapat Pucung ing ngisor iki!










3. Tembang ing dhuwur gatra pungkasan, ana pira guru wilangan lan guru lagune . . . .
a. 10 a c. 12 a
b. 10 i d. 12 i
4. Tembung darbe ing tembang Pucung nduweni teges . . . .
a. nduwe c. sembrana
b. tanpa d. karo
5. ? si ti si n au b s j w k] m .
Ukara aksara Jawa ing dhuwur yen katulis latin dadi . . . .
a. Siti sinau basa krama Jawa. c. Susi sinau basa Jawa krama.
b. Sisi sinau basa Jawa krama. d. Siti sinau basa Jawa krama.
6. Risma lemu awake.
Ukara ing dhuwur yen katulis aksara Jawa dadi . . . .
PUCUNG

Bapa pucung tanpa untu darbe siung
Badan iro panjang
Tutuk iro pan pasagi
Dina-dina pucung nguntal buntut ira



a. ?risM lugati[nN. c. ?risMXmuaw[kK.
b. ?rinm legati[nN. d. ?rniT lemuaw[kK.
Wacanen kanthi patitis wacana ing ngisor iki!

BALE SIGALA-GALA

Wongsal-wangsul sata Kurawa namakaken rekadaya murih sirnanipun kadang
Pandhawa. Nanging Pandhawa tansah pinayungan ing kamirahaning Batara, lepat saking
paekanipun kadang-kadang nakdherekipun punika.
Rumaos katelasan cara anggenipun badhe nyirnakaken sederekipun enem, ing
satunggaling dinten Duryudana sowan marak wonten ing ngarsane ingkang rama, Prabu
Destarata.
Ngleluri PBJ 2

Teks wacan ing dhuwur kanggo jawaban nomer 7 lan 8.
7. Ingkang badhe nyirnakaken Yudhistira lan sedherekipun inggih punika .....
a. Destarata c. Rama
b. Kurawa d. Anoman
8. Manut wacan ing dhuwur, sapa wong tuwane Kurawa ?
a. Anoman c. Duryudana
b. Destarata d. Batara

Simaken geguritan ing ngisor iki!














9. Geguritan ing ndhuwur kalebu geguritan gagrak . . . .
a. Anyar c. Lawas
b. Sejarah Nabi d. Macapat
10. Nabi kang dadi patuladhan umat manungsa.
Tembung patuladhan ing geguritan kasebut nduweni teges . . . .
a. panutan c. tuntunan
b. contoh d. pepadhang

Wacanen crita wayang ing ngisor iki!

RAMA WIWAHA

Kacariyos, Prabu Rama punika sajatosipun dewa, asmanipun Wisnu.
Panjenengannipun manjanma dados manungsa tumurun saking kahyangan dhateng donya.
SEJARAH NABI

Gusti Kang Maha Welas kelawan Asih
Sigra paring pepadang tumrap umate
Pedhut kang nggameng timundhung umate
Pedhut kang nggameng timundhung genti
Kanthi laire jabang bayi
Kang tembene dadi Nabi
Kang karan Nabi Muhammad
Nabi kang dadi patuladhan umat manungsa

Sadaya kala wau awit panyuwunipun para dewa sanesipun, amargi para dewa boten
tentrem dipunganggu dening Nata Alengka inggih punika Dasamuka utawi Rahwana.
Crita Ramayana

Teks wacan ing ndhuwur kanggo jawaban nomer 11 tekan 15.
11. Prabu Rama sajatine dewa, kang asmane . . . .
a. Wibisana c. Rama Parasu
b. Wisnu d. Rama Wijaya
12. Jeneng liyane Dasamuka yaiku . . . .
a. Rahwana c. Rama Wijaya
b. Destarasta d. Lesmana
13. Tembung nata saka wacan ing dhuwur tegese ......
a. dewa c. patih
b. prajurit d. raja
14. Prabu Rama punika . . . . Dewi Shinta.
Tembung kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku . . . .
a. sisihanipun c. bojonipun
b. garwanipun d. istrinipun
15. Tembung manjanma ing wacan Rama Wiwaha nduweni teges . . . .
a. malih dadi wong c. malih dadi buta
b. malih dadi raja d. malih dadi dewa
16. ? bu fi [ a o li h bi ji ; 8 6 ; .
Ukara aksara Jawa ing ndhuwur yen katulis latin dadi . . . .
a. Budi olih biji 74. c. Tuti olih biji 86.
b. Tuti olih biji 96. d. Budi olih biji 86.

17. Yanu duwe pitik 6.
Ukara ing dhuwur yen katulis aksara Jawa dadi . . . .
a. ?y nu su k piti k \ ; 7; .
b. ?y nu fu [ wpitik \ ; 6 ; .
c.?y nu fu [ w ke l s \ ; 6;.
d.?y nus k ku li s \ ; 7;.
Wacanen crita upacara adat ing ngisor iki kanthi premati!

TRADISI SEDHEKAH LAUT

Upacara tradisi sedekah laut dianakake minangka salah sijine pambudi kanggo
ngumpulake nilai-nilai luhur kebudayaan Jawa kang wis kawentar edi peni. Sedhekah laut
dianakake dening masyarakat ing pesisir, mligine para tani lan nelayan. Sesaji mau
minangka wujud rasa syukur marang Gusti Kang Akarya Jagad dene para petani lan nelayan
wis diparingi rejeki kang wis ditampa saka laut, mligine iwak. Tujuane supaya tansah
pinaringan keslametan, ayem, tentrem lan bisa kesembadan apa bae kang disedya.
Ing sadengah panggonan, tatacara sedekah laut meh padha. Upamane ing laut Jawa
lor meh padha karo laut Jawa kdul. Ing Laut Kidul, sedekah laut dipunjungake marang Nyi
Rara Kidul, wujude kain poleng, kain Teluk Watu, salembar semekan dringin, semekan
songer, kain ngisep sari, kain pandhan binethot, kain bangun tolak, kain mori telung lembar,
ageman gadhung mlathi. Ing tlatah Jawa lor, adat saben nganggo endhas kebo ditambah
ubarampe liyane, kanggo slametan lan dilarung ing laut utawa segara.

18. Miturut wacan ing dhuwur, tradisi sedhekah laut dianakake ing laut . . . .
a. Jawa Lor lan Jawa Kidul c. Atlantik
b. Pasifik d. Antartika
19. Ing ngisor iki tujuane masyarakat pesisir nganakake tradisi sedhekah laut, kajaba . . . .
a. pinaringan keslametan c. ayem lan tentrem
b. bisa kesembadan apa bae kang disedya d. bisa sugih
20. Ing laut kidul sedekang laut dipunjungaken marang . . . .
a. Nyi Blorong c. Nyi Rara Kidul
b. Nyi Rara Jonggrang d. Nyi Niken Satingkeb
21. Tembung edi peni ing wacan Tradisi Sedekah Laut nduweni teges . . . .
a. aji-aji c. endah
b. apik d. aeng
22. Tembung segara utawa laut nduweni teges kang padha karo . . . .
a. jaladri c. wukir
b. warih d. baskara
23. Bapak lan Ibu lagi ngomong karo Pak Lurah.
Ukara ing dhuwur basa karama aluse . . . .
a. Bapak lan Ibu saweg sanjang kalih Pak Lurah.
b. Bapak lan Ibu saweg ngendika kaliyan Pak Lurah.
c. Bapak lan Ibu siweg sanjang kalih Pak Lurah .
d. Bapak lan Ibu saweg celathu kaliyan Pak Lurah.
24. Mas, panjenengan badhe mriksani bal-balan napa mboten ?
Ukara ing dhuwur basa ngoko alus yaiku . . . .
a. Mas, kowe arep nonton bal-balan apa ora ?
b. Mas, sampeyan arep mriksani bal-balan apa ora ?
c. Mas, panjenengan arep mriksani bal-balan apa ora?
d. Mas, kowe arep mriksani bal-balan apa ora ?

Gatekna layang undhangan ing ngisor iki!

ORGANISASI SISWA INTRA SEKOLAH
MTs MAARIF NU 1 JATILAWANG
Alamat: Jalan Raya Tinggarjaya No 1051, Jatilawang 53174
Nomer : 001/ OSIS/ MTs/ 1/ 2014 Katur (1)
Bab : Lomba Maca Cerkak dhumateng para panitia lomba
Ing palenggahan

Assalamualaikum wr. wb. (2)
Menawi mboten wonten alangan, panitia lomba cerkak kasuwun dhateng kangge
ngrembag persiapan kegiatan punika benjing : (3)
Dinten : Kemis
Surya / tanggal : 20 Januari 2014
Wanci : Tabuh 15.30 (4)
Papan : Ruang OSIS
Makaten undhangan kula, mugi-mugi para kanca saged sami dhateng. (5)
Wassalamualaikum wr. wb.
Jatilawang, 18 Januari 2014 (6)
Ketua Lomba, (7)
(8)

Agung Faturrohman (9)

25. Miturut layang ing ndhuwur, peranganing layang kang katandha angka loro (2) diarani . . . .
a. Satata basa c. Adangiyah
b. Purwaka basa d. Surasa basa
26. Peranganing layang kang katandha angka enem (6) layang ing ndhuwur diarani . . . .
a. Satata basa c. Adangiyah
b. Purwaka basa d. Titi mangsa
27. Miturut isi utawa kekarepane layang, layang ing nduwur kalebu layang . . . .
a. layang kiriman c. layang ulem
b. layang lelayu d. layang prajanjen
28. Unen-unen kang ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kayata : Nututi layangan
pedhot , Emban cindhe emban siladan diarani . . . .
a. Cangkriman c. Rurabasa
b. Bebasan d. Sanepa
29. Jamune Mbah Kakung rasane legi bratawali.
Sanepa legi bratawali iku tegese . . . .
a. manis banget c. kecut banget
b. legi banget d. pait banget
30. Pitik walik saba kebon tegese nanas lan sega sekepel dirubung tinggi tegese salak.
Cangkriman ing dhuwur kalebu wernane cangkriman .....
c. Cangkriman aran c. Wancahaning tembung
d. Irib-iriban barang d. Cangkriman tembang

Wacanen sinopsis crita rakyat ing ngisor iki!

Asal Mulane Kutha ATLAS

Umume, dongeng utawa crita rakyat mujudake crita kang wis turun-temurun kang
diparingake dening nenek moyang. Kaya dene kutha ATLAS, yaiku kuta semarang.
Jeneng Semarang diparingake dening Ki Ageng Pandan Arang minangka Bupati sepisanan
ing kutha iki.
Crita Rakyat Jawa Tengah

Sinopsis crita rakyat ing dhuwur kanggo jawaban nomer 31 tekan 33.
31. Manut sinopsis carita rakyat ing nginggil, kutha pundi ingkang ajejuluk kota ATLAS ?
a. Yogyakarta c. Jakarta
b. Semarang d. Solo
32. Manut crita ing dhuwur, jeneng Semarang iku paringane . . . .
a. Ki Narata Sabda c. Ki Pandan Lamper
b. Ki Pandan Arang d. Ki Pandan Wangi
33. Yen ana rejaning jaman, kanggo tetenger, papan iki tak jenengke Asem Arang.
Tembung tetenger mengku teges . . . .
a. lali c. patilasan
b. eling d. omongan


34. Saloka yaiku tetembungan kang duweni teges pepindhan / perumpamaan, kang
diupamakake kewan. Saloka kebo kaboten sungu nduweni teges . . . .
a. wong tua njaluk warah wong enom. c. wong asor nanging duwe kapinteran.
b. wong kang njarag marang bilahi. d. wong nandhang susah amarga anake akeh.

35.









Pranyatan saloka kasebut, kang tegese nemoni kasengsaran ditudhuhake angka . . . .
a. I, III, lan IV c. I, II, lan III

I. Ula marani gebug.
II. Cecek mati ulone.
III. Gajah ngidak rapah.
IV. Kutuk marani sunduk.
V. Asu marani gebug.


b. II, IV, lan V d. I, IV, lan V
36. Tembung : digawa, diwaca, daktulis, kotulis kalebu tembung .....
a. Tanduk c. Tanggap
b. Lamba d. Camboran

37.









Ukara tanduk transitif ditudhuhake ing angka . . . .
a. 1, 2, lan 6 c. 3, 5, lan 6
b. 3, 4, lan 6 d. 1, 2, lan 5

Gatekna teks pidhato ing ngisor iki!










38. Peranganing pidhato ing ndhuwur kang katanda angka loro (2), diarani . . . .
a. Salam pambuka c. Purwaka basa
b. Surasa basa d. Wasana basa
39. Sapa kang pidhato ing dhuwur ?
a. Bu Atik Trisnawati c. Kepala Madrasah
b. Siswa kelas IX d. Siswa kelas VIII
40. Prekawis ingkang kedah dipungatosaken nalika sesorah ing ngandhap punika, kejawi ......
a. swanten c. basa
b. solah bawa d. mimbar



41. Mbok menawa ana salahing atur njaluk pangapura.
Peranganing pidhato ing dhuwur yen diowahi nganggo basa krama yaiku . . . .
a. Mbok menawi wonten salahing atur nyuwun pangapunten.
b. Mbok menawi wonten lepating atur nyuwun pangaksama.
c. Mbok menawi wonten klenta-klentuning atur nyuwun pangampura.
d. Mbok menawi wonten lepating solah nyuwun pangapunten.
42. Ali Al-Qoderi lagi nulis crita cekak.
Ukara kasebut kalebu ukara . . . .
a. Camboran c. Tanduk transitif
b. Lamba d. Tanggap
43. Mbakyune sregep, nanging adhine rada kesed.
Ukara ing dhuwur kasebut ukara camboran . . . .
a. Camboran sejajar c. Camboran tundha
b. Lamba d. Camboran rimbag
44. Gajah ngidak rapah lan bebek mungsuh mliwis iku kalebu ......
a. Cangkriman c. Panyandra
b. Bebasan d. Saloka
1. Simbah ngunjuk kopi.
2. Ibu mundhut lisah wonten peken.
3. Ani nangis.
4. Erik teka.
5. Rusmi nyirami tanduran.
6. Hartono turu.

Tasyakuran Lulus Ujian

Assalamialaikum wr. wb. (1)
Ibu Atik Tresnawati, wali kelas IX G ingkang kinurmatan. Para
siswa kelas IX G ingkang kula tresnani. (2)

45. Tembung anak bisa mengku teges (dasanama) ing ngisor iki, kajaba . . . .
a. putra c. bayu
b. siwi d. sunu
46. Pangamuke kaya bantheng ketaton.
Ukara panyandra kasebut miturut peranganing panyandra diarani . . . .
a. panyandra solah bawa c. panyandra rembulan
b. panyandra perangane awak d. panyandra petungan wektu
47. Sing nggendhewa pinethang iku . . . .
a. pipine c. drijine
b. tangane d. bangkekane

48. ? j+ k t P+i t] h ai ku w ji b \ .
Ukara aksara Jawa ing ndhuwur yen katulis latin dadi . . . .
a. Zakaria iku kancaku c. zakat mal iku wajib
b. Dzakat mal kudu dibayar d. zakat fitrah iku wajib
49. ?p ti h m j p ai t Hi ku a sM ............. .
a. & nF m n c. & j h m f
b. % ri k esi t\ d. % ku *u w n
50. Khalifatullah Tanah Jawi yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku . . . .
a. ? k l ip +n h tu lL h t n h j w .
b. ? k lip+ n h tu lL h t n h j w .
c. ?k+ li p+ tu lL h t n h j wi .
d. ?k+ li p+ tu lL h # n h j wi .

KUNCI JAWABAN UJIAN MADRASAH
MTs MAARIF KAB. BANYUMAS TP. 2013/2014


1. B 26. D
2. D 27. C
3. C 28. B
4. A 29. D
5. D 30. B
6. C 31. B
7. B 32. B
8. B 33. C
9. A 34. D
10. C 35. D
11. B 36. C
12. A 37. D
13. D 38. C
14. B 39. B
15. A 40. D
16. D 41. B
17. B 42. C
18. A 43. A
19. D 44. D
20. C 45. C
21. A 46. A
22. A 47. B
23. B 48. D
24. C 49. C
25. C 50. D
Kunci jawaban mohon dicek



















NORMA PENILAIAN

= ( JUMLAH BENAR ) X ( 2

You might also like