You are on page 1of 5

Tema 2

KATRESNAN
Kanggo sliramu
Kanggo sliramu
Rembulan kang nangis ing kamar sepi
Kanggo sliramu
Srengenge mati ing cakruk parondhan
Kanggo sliramu
Rahina kang kalangan mustikane prawan
kencur
Kanggo sliramu
Wengi kang nyekseni palnyahan mbukak beha
Kanggo sliramu
Maesan kang nampani komisi lan pungli
Kanggo sliramu
Bumi kang ngajangi badhut-badhut tetopengan
Kanggo sliramu
Jagat kang kabotan nyangga laknat
Kanggo sliramu
Pangangen kang ngganduh ati selingkuh
Kanggo sliramu
Kanggo
Sliramu
Sliramu
MU
Karo aku
Bebarngan sliramu
Mecaki dian-dian kebak puspa
Lan warna
Prasasat tanpa ana rasa ngelak lan luwe
Ora ngerti, sedhela tekane esuk marani sore
Wewangunan kang awake gawe sakloren
Wis katon endah
Sanajan during ngerti kapan bakal dadi
Daksawang netramu
Angel anggonku..
Lintang-lintang
lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu
lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang
kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan
SEDYAKU
Wis, Jeng...
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku...
Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku
(Suharmono, Jaya Baya. XXXI, 1977:26)
Hayu ning bawono
Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji...
Wayah esuk pedhut angendanu
Rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu
nate mlaku ana dalan kene
Saklawase ora nate ketemu
Saliramu lan saliraku wus bedha ora kaya
biyen nalika isih tak kanthi
Gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki
pedut wayah esuk
Wus ojombok tangisi lakon kang wus
kapungkur
Wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti
rambut warna ireng putih
Ing dalan iki rong puluh tahun kapungkur
Ana cerita rinajut endah
Dik, kala saliramu isih dadi impenku
Pirsanana ana dhuwur kae
Ana teja manther ing sela-selaning
gegodhongan
Lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir
gedhene
Saiki aku lan saliramu linambaran rasa kangen
mu ana impen
Tresnaku
Ing jero atiku
Aku ngrasa sepi
Saiki tresnaku lunga
Kangge nggoleti angen-angen
Aku kepingin tresnaku
Cepet bali kanggo nglepasake
Kabeh kasepen
Aku nyadari tresnamu tresna asih marang aku
Aku nyadari aku ora bias
Urip tanpa tresnaku
Aku ingin kene
Wis mulih
Ono ing trersna
Kang abadi
Suwalan
Yen dak kandha
Sliramu kejem
Mesti wae ora gelem
Nanginging saben dinadiraga iki nyandhang
Kaya ngaba pinggeting ati
Sliramu pancen wenang
Kepara menang
Nanging apa ora kelingan
Rikala semana
Bandawasa arep ngayunake kenya Jongrang
Jongrang, apa kang kok sedya
Mesti wae dak sembadani
Mingka tenda tresna marang sliramu
Naging saiki
Sliramu bias kandha
Aku ora ana rasa tresna marang dheweke
Banget Tresnaku
Aku dudu srengenge
Nagging akubisagawe anget awakmu
Aku ugo dudu pelangi
Nagging aku iso menehi rupo nag uripmu
Aku ugo dudu embun
Ning atimu aku bisa gawe sejuk ing atimu
Aku dudu bintang-bintang
Ning aku bias gawe sumringah ning bengimu
Aku ugo dudu banyu bening sing mili
Nanging aku bias gawe sejuk atimu
Aku dudu sore sing asri
Nanging aku bias gawe tentrem ing atimu
Aku mung kepinging siji.gawe seneng atimu
Pangajab
Atimu kang wiwit mara selehna ing dhadhaku
Atimu kang wengis mara tumpangna
ingtanganku
Priya kang tansah ngulandara mara nyedhaka
Ing tanganku tumentes anyesingbanyusih
sutresna
Angina bengi angining pangayoman
Maranyendhak ing samubarang tumandhukmu
Oriya kang tansah ngulandara
Ing kene ana halte pungkasan
Karo Aku
Bebarengan sliramu
Mecaki dina-dina kebak puspa
Lan warna prasasat tanpa ana rasa ngelak lan
luwe
Ora ngerti-ngerti, sedhela tekane esuk marani
sore
Wewngunan kang awake dhewegawe sakloron
Wis katon endah
Sanajan during ngerti kapan bakal dadi
Dak sawang netramu
Angel anggonku
Dewi Asmara
Angina wengi iki
Alus tumiyub, angusap buana
Wayah Esuk Pedut Angendaku
Rong puluh tahun kepungkur aku lan
slireamunate mlabuana dalem kene
Ombak segara gegojekan
Kadya kita kang lagi
Lelumba ing kidung asmara
Nagging kuwiamung gegambaran
Kang sengara kanggo kenyata
Amarga yen sinawang liyan
Aku iki mung pindha
Bantala rengka, kang mung bisa
Nganti-anti tetesan embun ketresnaan
Amung bisa sumarah, nyenyuwun
Kapan baya sirah wanodyan kersa
Kadya Dewi Asmara
Kang bakal nyuntak embun ketresnaan
Bebrayan nganti entek ing jaman
Anging wengiisih tumiyub
Ombak segara isih gegojekan
Aku isih nglangut nganti-anti
Kapan tekanmu Dewi Asmara
Saklawase oranate ketemu
Seliramulan sliraku wus bedaora kaya biyen
nalika isih tak kanthi
Gandaning wengi mau isihsumrebak mgebaki
pedut wayah esuk
Wus aja mboktangisi lakon kang wus kapungkur
Wus pirang wayah ketigatak lakoni nganti rambut
warna ireng lan putih
Ing dalan isih rong puluh tahun kepungkur
Ana cerita rinajut endah
Dik, kala sliramu isih dadi impenku
Pirsanana ana dhuwur kae
Ana teja manther ing sel-selaning gegodhongan
Lan lintang panjer wengi isih kari sakmenir
gedhene
Saikiaku lansliramulinambaranrasa kangen
Simpenenkangenmuana impen
Tresna Daluwarsa
Oo Kenya, Kenya manis
Esemmu kang kumanthil ing layung sore
Ngiringake soroting mripat klarap-klarap
Nyawang aluning rasa
Tumumplek sak jembaring segara
Setemah prabaning sunar surya kekunduran
Manjalma paes ageng, sigra ngrias ayuning
pasuryanmu
Kadyo widodari nelik sandhi
Oo Kenya, kenya timur
Kang during ilang pupuk lempuyang lan
gandaning kencur
Panjaluku tulus mring sliramu
Becik dirampungi anggonmu agawe runtik
Alun-Alun Bojonegoro 1982
Aku ora ngerti karepmu nimas
Apa atimu ora kabukak kanggo prasetya
Panggrahitaku kadhung tumangsa ing penyawang
Malika aku midak planaran kang kapisan
Pinpag praspa kang ngranuhi
Kairing esem ginicu manda-manda
Banjur ringing kurung kang aweh paseksa
Rinane manuk-manuk greja kang gegojekan
Rikalane rembulan kang mlangkir panging
plamboyan
Kalong lan cohot padha regejegan
Ing kabeh wengi
Wis kawurit
Nalikane aku aweh salam Kula nuwun
Aku ora kuwawa njajagi sedyamu, nimas
ing ati
Amarga dalanku kang nate tumata
Wus banget kebacut dawa
Iki wanci kari manganti
Tedhak ing kreta titihan
Lakuning sukma misowan
Prapto ingkang Kagungan
Oo.. Kenya, kenya.!
Rasa tresnakuwus kadaluwarsa
Apa mangsa kang nguyak kadhewasanmu
Nalika aku bali aweh prasapa
Wedhak pupur pratandha gorehing ati
Nguyak jaman nutup wiring
Amrih tan sinengguh mungkur ing palagan
Kuwatir kalamun kapontal tiningal mangsa
Aku ora kaduga miyak wanara ing dhadhamu
Plataran bawera dadi nguwara bera
Nabet ing jangkah kang samplah
Njarem ing pangangen kang nglangut
Swara nguwuh nyangking pitakon
Ing ngendi kepribadinem ?
Dinaikisaiki
Nalika dak tanpa salam pangiring Sugeng tindak

You might also like