You are on page 1of 2

TEKS WAWANCARA DALAM BAHASA JAWA

Kula: Sugeng ndalu Bu Tutik?


Bu Tutik: Sugeng ndalu mas Adit. Dengaren mrene, ana kaperluan napa?
Kula: Kula badhe mewawancarai ibu. Angsal mboten Bu?
Bu Tutik: Oh, ya mboten napa-napa.
Kula: Kula nyuwun pangapunten amargi sampun ndalu kula malahan nganggu. Panjenengan
kagungan usaha ternak menapa lan kados pundi mulabukanipun ngingah ternak menika?
Bu Tutik: Wekdal menika kula usaha ternak ayam potong ( broiler ) saking yahun 1990
kalih atus ekor, sakmenika tigang doso gangsal ewu ekor. Mulabukanipun, kula niti priksa
bilih kabetahan daging ayam warga masyarakat saben tahunipun saya mindhak, awit saking
menika kula nggadahi krentek nyobi ternak ayam broiler saking sekedik, lan Alhamdulillah
ngantos wekdal menika saget ngrembaka lan lumampah kanthi lancar.
Kula: Kangge ngawekani lan nyegah penyakitipun, kados pundi bab tedanipun lan obatobatanipun?
Bu Tutik: "Pangopenipun dipun paringaken kandang piyambak, kandang menika kedah dipun
resiki pendak dintenipun lan dipun semprot ngagem desinfektan supados kandang wau
steril. Masalah pakan, kedah dipun titi priksa lan dipun paring nutrisi ingkang sae.
Babagan oabt-obatan kedah rutin, obat saha tedanipun mundut saking poutry saha saking
pabrik.
Kula: Pikantuk pembinaan saking pundi?
Bu Tutik: Pembinaan sampun mlampah kanthi sae, saking Dinas Peternakan dan Perikanan
Kab. Sragen, UPTD Peternakan Kecamatan Kedawung saha saking PPL.
Kula: Ngingah ternak menapa kemawon ingkang saget dipun pendet hasilipun?
Bu Tutik: Ingkang saget dipun pendet hasilipun : dagingipun kagem peningkatan gizi
keluarga, limbahipun (kotoran ayam) inggih saget kagem pupuk organik.
Kula: Pemsaranipun dateng pundi ? Lan hasil ternak menika sisa hasilipun kados pundi ?

Bu Tutik: Pemasaranipun kajaba dateng pasar ( masyarakat lokal Sragen ), ayam kala wau
dipun puruki pembeli saking Surabaya, Solo, ugi daerah-daerah sekitar Kabupaten Sragen.
Hasilipun Alhamdulillah saget nyekapi kebutuhan kaluarga.
Kula: Menapa wonten kendala ? Kados pundi ingkang ngawekani?
Bu Tutik: Biasanipun bilih mangsa ketiga kenging penyakit ngorok utawi pilek, kagem
ngawekani dipun paring obat.
Kula: Menapa mupangatipun dateng kaluarga lan taggi tepalih?
Bu Tutik: Dateng kaluarga antawisipun saget ningkataken perekonomian keluarga. Dateng
tetanggi para tetanggi saget sinau kados pundi caranipun ngingah utawi usaha ayam
broiler, sak menika para tetanggi katah ingkang ngingah ayam broiler.
Kula: Rancangan menapa ingkang badhe dipun tindakaken supados ternak panjenengan
saya majeng malih?
Bu Tutik: Nambah ternak ingkang sampun wonten, dipun tambah ngingah ayam petelur.
Menapa malih menika sae lan permintaan samsoyo katah.
Kula: Matur suwun sanget nggih Bu amargi angsal mewawancarai Ibu.
Bu Tutik: O ya, menawa kagungan pernu mrene maneh ya Mas!
Kula: Inggih Bu.Sugeng ndalu.

You might also like