You are on page 1of 9

Pawartos Teks Basa Jawa

Narasi Pambuka:
Sugeng sonten para pamiarsa, pinanggih maleh kalian kula Adi Nugraha numanthar TVRI
Ngayogyakarta ingkang bade ngaturaken pawarta basa jawi. Yogyakarta wonten kalenggahan
sonten menika babab wigadi ingkang bade kula aturaken ing antawisipun bab pasar batik mirah
kangge mangaharjo pengetan dinten batik nasional, ingkang dipun lajengangen dhening
Gubernur Jawi Tengah nithi prekso siaganipun papan kangge pangungsen Merapi ing Magelang
sarto pawartos babagan kangen kangenan paguyuban mahesa sejati. Pamiarsa kula aturaken
sakcekaping pawarta.

Narasi:
Para pamiarsa, kula aturaken pawartos ongko setunggal.
Tanggal 3 Oktober kala wingi mujudaken dinten Batik Nasional, para juragan batik kangge
mengeti dinten batik menika nganakaken bazaar batik mirah.

Narator:

Bazar Batik Mirah Mengeti Dinten Batik.


Kados mekaten meniko, suasana tumampang bazar batik mirah ingkang dipun adhani saweneh
prayaan batik ingkang dipun adani mapan ing Malioboro kala wingi. Atusan warga masyarakat
ingkang sampun nenggo wiwit enjing saknalika sami rebatan batik. Saksampunipun bazaar
dipun awiti, batik ingkang dipun tawaraken wonten bazaar batik menika kalebu hem priyo
busana lare lan remaja sarta busana kangge wanita. Busana busana batik menika dipun sadhe
kanthi regi wiwit Rp5.000,00 ngantos Rp35.000,00 saben iji nipun. Ing acara menika dipun adani
mligi kangge mengeti dinten Batik Nasional, menika nithi nyawesaken 3000 iji batik ingkang
leres batik sanes sawujud tekstil nggagrak batik. Acara ingkang nembe dipun adani kangge
sepindahan menika dipun tampi kanthi remening penggaleh dening warga masyarakat, awit
kanthi acara menika warga rumaos pikanthuk batik ingkang leres batik kanthi regi mirah lan
mutunipun batik ingkang dipun sade inggih sae. Warga ngajeb acara kadhes mekaten saget

dipun adani ajenging taun-taun ingkang badhe dating. Mekaten palaporanipun Doni Rahmat lan
Ambar pratiwi.

Narasi:
Para pamiarsa pemilihan putra putrid batik mekaten saget dados satunggaling warono
kangge alemaken raosdadosanipun kawula muda dhumatheng batik.
Narator:

Pasanggiri Model Putra Putri Batik.


Kito Ngayogyakarta ingkang ugi kawentar kanthi kesenian batikipun kalenggahan
menika suka kalodangan kanggenipum siswa SMP lan SMA dhumateng akathah. Salah
satunggalanipun cara inggih lumantar pasanggiri model putra putrid batik kadhos ingkang
dipun legsanani ing plataran Taman Pintar Ngayogyakarto rikala wingi siang. 63 panyarta
nyartani pasanggiri menika, senadyan panitya mboten matesi gagrag batik ingkang kedhah
dipub pilih dening panyarta. Ananging sebagian ageng panyarta milih batik gagrag
Ngayogyakarta menika minangka bukti kasilipun krida promosi batik gagrag Ngayogyakarta

ingkang kanthinipun menika uga dipun legsanani ing pemkot Kito Ngayogyakarta lan
sakdhengah bebadan sanesipun serta masyarakat piyambak.
Kejawi kangge nepangaken batik ing sak tengahing kawula muda, acara menika dipun
kangge mambaggyo ambal warsanipun kita Ngayogyakarta ingkang kaping 254. Mekaten
palaporanipun Oson puti lan Agung Handara.

Narasi:
Para pamiarsa babadan ingkang nggadahi kawidhadosan tumrap tosan aji
Ngayogyakarta merti karta ngadhani pameran dhuwong.
Narator;

Pameran dhuwung neksani


mapaning plataran ngan joglo griyo dhahar Suwarti Babar Sari Sleman ing dhinten Jemuah
sonten kepengker. Kagiatan menika ugi dhados sarana nepangaken lan suka sesuluh
dhumateng warga masyarakat ngengingi dino dipun dhuwung dhados symbol lan budaya adi
luhung Indonesia. Atusan pandhemen dhuwung sareng sareng lebet lan jawi Ngayogyakarta
sarta ngadani lan mrisani pameran dhuwung kadasto mendak pondok lan warangko ingkang
dhipun aselaken dhening griyo dhuwung Ngayogyakarta ugi dhipun pameraken ing kalodangan

menika. Kanthi menika dipun ajab warga masyarakat pikanthuk seserepan lan penanggih
ingkang leres ngengingi mufangat lan ajinipun dhuwung ingkang adi luhung.

Narasi:
Kangge ngekalaken kito Ngayogyakarta minangka dhados kito jujugan pariwisata. Dinas
pariwisata DIY sabtu sonten kepengker nggadhahi Jogja International Performers.

Narator:

Rido akbar Jogja Streat International


Performers taun 2010 ingkang dipun adhani ing mergi jalan panembahan seno pathi
Ngayogyakarta utawi sak ngajengipun Taman Pintar lan gedung Bank Indonesia Ngayogyakarta
nyegahaken kesenian saking seiman lebet lan manca negari, kajawi saking sedoyo kabupaten
lan kito sak DIY. Seniman asal saking Jepang lan Korea ugi nedhakaken kaprigelanipun.

Emanipun acara ingkang dipun ajab dhados salah sayunggaling icon kesenian tataran
internasional menika dipun biji tasih saking sikeb professional. Katertiban ingkang mboten
kajagi kanthi sae contohipun, sahingga mengaribawani warga ingkang nyekseni acara menika
tumplek mlebet ing laladan pundi pagelaran dipun adani malah para bakul dhaharan lan
unjukan sami untel ntelan lan mlebet ing panggung pagelaran. Suasana semrawut menika
dhamel warga mencol menjani ingkang nyegseni acara menika kuciwa. Mekaten palaporanipun
saking Doni Rahmat lan Andom Wicaksono
Narasi Punutup:
Para pamiarsa kita sumene sak wetawis mrisani giaran pariwara, sumonggo.

Pawartos Ngayogyakarta
12 Jul 2011 | 08:08 WIB

Warga Karangjoho Gugur Gunung Bangun Margi


Kirang murwatipun margi ingkang nyambetaken Padhukuhan Karang Joho, Tri Harjo, Pandhak,
Bantul kaliyan tlatah sanes, njalari lampah perekonomian warga angel ngrembaka. Kamangka
dhusun punika sugih daya kaskaya, jalaran sawetawis warganipun minangka perajin bathik.
Kawontenan punika, njurung warga mbangun margi amrih lampah perekonomian ing tlatah
kasebat langkung ngrembaka.

12 Jul 2011 | 08:07 WIB

Pilihan Dhukuh Maredan


Tanggal 16 Agustus 2011 benjing, kalenggahan Dhukuh Maredan paripurna. Awit saking punika
ing dinten Minggu enjing(10/7), Warga Padhukuhan Maredan, Sendhangtirto, Berbah, Sleman
ngadani pilihan dhukuh kanthi cara Pemungutan Suara Langsung. 4 calon dhukuh tumut
salebeting pilihan dhukuh kasebat.

12 Jul 2011 | 08:07 WIB

Merti Dhusun Bintaran


Saben wulan ruwah, warga Dhusun Kring Bintaran, Srimulyo, Pleret, Bantul ngadani upacara
adat merti dhusun minangka pratelan raos syukur awit kanugrahaning Gusti Ingkang Hakarya
Jagat. Kridha kasebat dipun regengaken kanthi pagelaran kethoprak, kirab budaya, lan dipun
pungkasi pagelaran ringgit purwa.

12 Jul 2011 | 08:07 WIB

Kepyakan Yapitu Al Huda Pucung


Sinaosa miturut undhang-undhang warga miskin lan lare yatim dipun tanggel dening nagari,
nanging ngantos samangke taksih dipunpanggihaken fakir miskin lan yatim piatu ingkang dereng
nampi ladosan samurwat. Awit kawontenan kasebat, warga Pucung, Wukirsari, Imogiri
ngedegaken Yayasan Yatim Piatu, Yapitu Al Huda ingkang katujokaken kangge fakir miskin lan
lare yatim ing sakiwa tengen Dhusun Pucung

12 Jul 2011 | 08:06 WIB

Festival Anak Sholeh Tpa Sa Kecamatan Berbah


Kangge sepisanan, Takmir Mesjid Nuur Iman, dinten Minggu enjing(10/7), ngadani Festival
Anak Sholeh antawisipun TPA sakecamatan Berbah, mapan ing Masjid Nuur Iman, Dhusun
Klampok, Sendhangtirto, Berbah, Sleman. Ancasing kridha kasebat kangge suka pembinaan
sarta ngrengsengaken kreativitas lan dayanipun lare lare TPA sa Kecamatan Berbah.

12 Jul 2011 | 07:58 WIB

Taman Denggung Regeng


Taman Denggung ingkang dumunung ing sisih kidulipun Lapangan Denggung, Kabupaten
Sleman pancen sanes papan wisata komersiil. Ananging jalaran papanipun asri lan dipun
jangkepi maneka piranti dolanan lare, wiwit dipun bangun 5 taun kapengker, mliginipun ing
wanci liburan sekolah, Taman Denggung tansah regeng.

12 Jul 2011 | 07:57 WIB

Sudanipun Pasudiyan Njalari Regi Uwos Mindhak


Mindhakipun regi uwos ing Peken Baledono, Kabupaten Purworejo, Jawa Tengah samangke
nggayuh Rp. 800,- dumugi Rp. 1.000,- saben kilonipun. Miturut para bakul uwos, bab kasebat
jalaran kathah tengkulak ingkang numbas gabahipun kadang tani, ingkang mahanani
mindhakipun regi uwos.

You might also like