You are on page 1of 8

Nulis Layang

Wong sambung gunem (komunikasi) bisa kanthi lisan uga bisa kanthi tulisan. Sambung
gunem sarana tulisan diarani layang. Layang iku umum arupa dluwang sing tinulisan
dikirimak minangka gantin rerembugan. Ananging layang uga bisa ateges buku sing ngamot
crita lan sapanunggalan.
Miturut wujude layang ana kaperang dadi 6 yaiku:
Layang ulem (undangan)
Layang kitir (telegram)
Layang lelayu (kepaten)
Layang iber-iber (layang pribadi)
Layang dhawuh (layang perintah)
Layang paturan (layang panyuwunan/permohonan)
Perangan-perangane layang iku antarane:
1. Titi Mangsa: yaiku nerangake dina lan wektu, nulise layang.
Tuladhane:
Kulon Progo, 29 September 2016
Sleman, Jumat Kliwon, 31 Februari 2015
2. Satata Basa: yaiku alamate layang kang dituju. Bisa katulis ing dhuur dhewe sisih tengen uga
ing dhuur sisih kiwa.
Tuladhane:
Kagem Bapak Sutejo, Jl. Dr. Wahidin Sudirahusada, No. 13 Karanganyar
3. Adangiyah: yaiku salam pambukane layang.
Tuladhane:
pamuji rahayu
salam taklim kula sekaliyan
kairing sangunging pakurmatan
4. Purwaka Basa: yaiku perangane layang kang surasane minangka pambuka layang. lumrahe
surasane ngandhakake kahanane kang nulis layang.
Tuladhane:
sesarengan serat menika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula sakulawarga ing mriki
pinaringan bagas waras lan kailujengan.
5. Surasa Basa: yaiku mratelakake surasa utawa isi lan kekarepan layang.
6. Wasana Basa: yaiku perangane layang minangka atur panutuping layang.
Tuladhane:
wasana cekap semanten kabar saking kula, benjang gantos dinten dipunsambung malih.

7. Salam Panutup: yaiku salam sabubare nulis layang.


Tuladhane:
Nuwun
Matur nuwun
8. Peprenah: yaiku nerangake kang nulis layang.
Tuladhane:
Serat saking putra
Nuwun ingkang putra
Embahmu Paidi
9. Tapak Asma
10. Nama Terang

Layang Ulem

Sleman, 01 Januari 2015


Bismillahirrohmaanirrohim
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Winantu sagunging pakurmatan.
Kanthi lumaraping nawala sedhahan, minangka sesulih pisowan kula wonten ing ngarsa
panjenengan.
Sinartan nyadhong berkahing Gusti Alloh Ingkang Maha Agung, kula sak keluarga hanggadhahi
pangangkah badhe ngawontenaken tasyakuran tuwin pawiwahan supitan yoga kula ingkang
nami, Gilang Ramadhan mbenjang ing,
Dinten
Suryo Kaping
Wanci
Mapan ing

: Ahad Pon
: 04 Januari 2015
: Tabuh 09:00 wekdal iring kilen
: Griyo kulo, RT 25 RW, Ngaglik, Sleman

Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kawula awit agunging kawigatosan rawuh panjenengan,
mugi Gusti Allaoh Ingkang Maha Agung tansah peparing berkah wilujeng ing sedayanipun.
Aamiin.
Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.

Atur Taklim kawulo,

Aji Mumpung

Layang Kitir
Ingkang kula urmati Mbak Dian
Ing Srumbung
Mbak, kulo nyuwun dikirimi arta ajeng kangge mbayar semesteran. Kulo mboten wangsul
kantenan tugase kuliah kathah.
Yogya, 03 Januari 2015
Adhine sampeyan,
Arif Kurniawan

Layang Lelayu
Wates, 31 Desember 2014
Katur dhumateng Riski Ambuka Warta
Ing Purwokerto
Assalamualaikum wr.wb.
Inna Lillahi Wa Inna Ilaihi Rojiun
Sampun Kapundut wonten ngarsa dalem Allah SWT inggih menika Simbah Lilin Ndalu:
Pidalem ing : Jl. Ngalor-Ngidul Pasar Wates
Seda
: Rabu Kliwon, 31 Desember 2014
Yuswa
: 99 tahun
Wondene layon badhe dipun sarekaken wanci :
Dinten/Surya : Kamis Legi, 01 Januari 2015
Wanci
: 16.00 WIB
Ing makam : Sasonoloyo Putih Biru
Mekaten pawartos lelayu menika kaaturaken. Mugi ndadosaken kawuningan dhumateng sedaya
sanak kadang. Awit kawigatosanipun, sedaya kulawarga ingkang tinilar ngaturaken aguning
panuwun.
Wassalamualaikum wr.wb

Layang Iber-iber

Kang pandonga marang anakku


Bagus Jaya, Ing Jakarta
Wiyose ngger, sarehne sok sasi ngarep iki adhimu arep dinikahke, mula yen ora ana
alangan sawiji kowe muliha sadurunge tanggal lima, saperlu arep dakjak urun rembug.
Wasana banget ing pangarep-arepku, lan sapungkure layang iki kabeh kulawarga tansah
ginanjar slamet.
Bogor, 25 Januari 2015
Wong tuwamu:
Paijo

Layang dhawuh

Layang Paturan

You might also like