You are on page 1of 8

TUKANG KORAN

Babak 1
Katon mbejejer omah-omah kang apik ing perumahan. Katon resik lan rapi tenan. Andi ketok lumaku ing dalan
karo adol koran. Deweke terus lumaku lan akhire ana ing ngarep e omahe Reza.
Andi : Koran, koran, koran. Koran paklek bulek, koran bulek...
Reza : Koran.... ( mlayu metu tekan omahe ) tuku korane, piro siji?
Andi : Murah mas. Amung Rp3.500,-
Reza : Oh, ngono. Iki duwit e
Andi: Wah duitmu gedhe ra ana susuk e? piye iki?
Reza : Rapopo, Jupuken bae, sek akeh ndek njero sing koyok ngono (karo nuding duwek mau)
Andi : Lek pancen ngono matur suwun low yo. Oh iki loh korane (Ngekekno koran menyang Reza)
Reza : Yowes, ngalih kono. Ojo suwe-suwe menyang kene! mambu
Andi : Iyo, suwun tenan yo
Reza : Iyo, iyo. Ndang ngaliho kono!

Babak 2
Katon lingkungan kang rusuh lan mambu tenan. Sampah. Andi mlaku menyang omahe kang ana ing kampong
kuwi.
Andi : Buk e,,,bukbukaku moleh
Bu Siti: ( Cepet-cepet metu tekan omah lan mbukake lawang gawe Andi) Kowe wes bali le?
Andi : (Melbu menyang omah barengan Bu Siti) Enggeh bu, dinten niki kulo angsal arta kang katah.
Bu Siti: Wah, sip tenan lek ngono. Endi duite?
Andi: (Karo njupuk saka kesake lan njupuk dhuwit asil saka ngedol korane lan maringno menyang bu Siti) Niki
bu
Bu Siti : Hah, akeh tenan iki! (Ngetokake ekspresi kang kaget)
Andi : Niku ingkang tumbas anaknipun wong sugih, deweke ngomong jupuken bae sisane.
Bu Siti : wah kok apik tenan arek iku? Wes ngomong matur suwun?.
Andi : Inggih bu, deweke pancen apik. Nanging sombong tenan, mantun tumbas koran kulo langsung di usir.
Bu Siti : Oh ngono ya. Tibake wong sugih ing endi-endi podo bae.yo piye maneh maneh le? Wong pancen kudu
sabar.
Andi: Pun ngomongne liyan bu.. mangke duso
Bu Siti: Oh iyo, sing penting wes diweneh i satus ewu yowes gek ndang adus kono! Byuh mambu kringet
Andi: Enggeh bu
Babak 3
Andi dodolan koran kaya biasane, njajakno ing kompleks omahe Reza nanging..
Andi: Koran, koran, koran. Koran paklek bulek, koran bulek...
(Ciiiitttt..... ana mobil mandeg jegreg ing ngarepe Andi lan nyerempet deweke)
Ana wong wadon metu tekan mobill kuwi lan cepet-cepet ndeleng keadaan Andi
Bu Nikita: byuh rapopo ta le?

Andi: Mboten menapa bu


Bu Nikita: Nyang rumah sakit bae yo?
Andi: Mboten bu, kulo mboten menopo namung keseleo sekedik
Bu Nikita: lha kuwi, sikilmu abuh ki. Yowes ayo melbu omah
(andi langsung dituntun bu nikita)
Bu Nikita: Sek ojo akeh obah tak pijet e sikilmu!
Andi: aduhduhduhduh (andi kelaran)
(Moro-moro ana suara sikil tekan ndhuwur)
Reza: Loh buk lapo arek iki kok iso ana ing kene?
Bu Nikita: Hush gaoleh ngomong kaya ngono. Arek iki ing kene amarga ibu. Ibu mau nyerempet
Reza: Tapi iki arek mlarat bu.. gak sak level aku awak dewe!!
Bu Nikita: heh ibu ra tau ngajari koyo ngono!
Andi: Yoh aku metu!
Bu Nikita: Loh le rinio aku during mari ngobati awakmu
(Andi mlaku metu ambek nyeret sikile amarga sek lara)
Reza: lha ! Apik lah ! ra rusuh-rusuhi omah ku
Bu Nikita: Astagfirullah Reza Saaken bocah kuwi
Reza: Jarno bu mangke bilih mboten dingotenaken, isa-isa nggolek-nggolek kesempatan, cek entuk welas asih
saka ibu, banjur diparingi duit saka ibu
(Bu Nikita ngejar Andi lan ora ngereken omongane anake, nanging bu Nikita ora sampek ketemu Andi)
Babak 4
Andi moleh ambek nyeret sikile sing lara
Andi: Bu Andi bali bu
Bu Siti: (Mbukak lawang lan kaget ndeleng keadaane Andi) Le sikilmu kok babras kabeh kuwi
kenopo?
Andi: Enggeh bu niki banjur keserempet mobil bu?
Bu Siti: Kok isa loh le?
Andi: Nikuwau kula mboten ati-ati bileh mlampah. Ingkang nabrak tiyang komplek biasane
kula dodol koran
Bu Siti: lha terus sopo sing nyrempet?
Andi: ibuk e bocah wingi, sing kolu critani wingi.
Bu Siti: Oalah, cah sugih sing menehi duit wingi ta? Byuh kok pancet ae wong sugih ki
Andi: Tapi ibukne ki apik low buk, wong kulo mawon di pijet. Nanging pas anake metu kulo langsung di usir
Bu Siti: Yaweslah syukur ibuk e apik le
Andi: Enggeh buuu
Babak 5
Reza lagi keliling-keliling nggae motore sing anyar nanging
(Gedubrraaaakkkk!!! Suara motore Reza kang nabrak wit)
Reza: Aduhhh!
(Ing kono ana Andi kang lagi nawakake koran, wektu ngrungokno suara iku Andi cepet-cepet mlayu)
Andi: Ana opo kae? Loh Reza!!
(Cepet-cepet Andi nulungi Reza lan digawa menyang rumah sakit)
Sawise Reza sadar.

Bu Nikita: Walah le le makane talah nyetir sepedah iku gausah kakekan pola, untung wae ono si
Andi sing nggowo kowe mengang rumah sakit
Reza: Loh tenan bu Andi sing nggawa aku mrene?
Bu Nikita: Iyo le
Reza: Endi bu saiki si Andi? Aku pingin ngomong ambek dheweke
(Bu Nikita nyeluk Andi gawe ngomong karo Reza)
Andi: Opa za?
Reza: An selama iki aku wes berprasangka buruk menyang awakmu, aku njaluk sepura sak
akeh-akehe
Andi: Walah Za Za masio awakmu gak njaluk sepura menyang awakmu aku wes nyepurani
awakmu sak during-durung e
Reza: Suwun tenan yo An suwuuuunnnn, awakmu pancen wong kang apik
Andi: Iyo podo-podo Za

SOMBONG ISO NGRUSAK KEKANCAN


Sule , Asri ,Rege,lan Vega uwis suwe dadi konco. Cah papat kuwi dasare
anake wong sugih. Kerep jajan bareng-bareng kerep seneng-seneng
bareng. Ananing ,, kabeh dadi maleh pas bapake Rege bangkrut.
Neng ruwang kelas pas agek piket.
Rege
Suleman

: Man, , , aku, ennntuk njaluk tulung ra


: (etok-etok ra krungu)

Rege
: wee..!! man! Njuk tulung entuk raa?! Tulung balekno
sapu iki sisan , kowe yo wis rampung nyapune too..!
Suleman

: appa. .! mbalekke. . ra suddi. !

Rege
: asem ik, kowe i bar mangan opo to Man. Ko ndengaren
Jutex men karo aku. .
Suleman
minggiro kono!

: arep ngoppo. Mangan opo yo uduk urusanmu!! Wis

Asri
: wis-wis, kowe i do ngopo to. Ko kerenagn wae. Nak
eneng masalah ki yo mbok di omongke apek-apek...
Vega
Rege ngono.

: ho oh. . . lha ngopo to Man , kok kowe koyo nesu karo

Rege
: (nyelehke sapune) owwraa !soppo seng kondo.
Awake dewe apek-apek ae to Man.
Suleman
: Ra! Aku saiki ra seneng karo kowe, kowe saiki mlarat,
wis do minggir- minggir!
(Lungo neng mburi karo nggowo sapu)
Asri

:Sek yo. . tak marani Sule disik ( Lungo)

Vega
: (gedeg-gedeg) Yo wiis. . . sante haeee. . pancen Suleki
wonge ngonno. . Ra sah mbok pikir. .
Rege
: Haaah. .ck . .laiyyo to Peg. Aku yo ra ngiro suleman
ngono. Jebolno wonge sombong banget.
Vega

: ssst ojo banter2 wonge ndak krungu.

(KRUNGU SUORO BEL) Ho. .! wis bel. Gek balekno sek sapune.
.....
Wis pirang-pirang ndino Rege karo Sule ora dolan bareng. Sule milih
dolan karo Asri lan cah sugeh-sugeh liyane. Terus, sak wijine esok
Asri

: Sul, kowe ngerti ra

Sule

: oppo !

Asri
: Aku nduwe Hp anyar . lho iki. . isoh di pencet
pencet layare lho, kowe Ra nduwe to. .
Sule

: eh. Ho oh apike, oppo merk e. Regane piro?

Asri
: iki Hp **** ****
6.789.000,-. Smart phone lho iki.
Narator :

Regane murahh. . mur Rp.

padahal kuwi mur seng nyileh. .!

Sule
bozzz . .

: Halah. Mur semono to regane . kecil no. Bapakku kan

Asri
: (Kaget) wuss. .! elok tenan . yo wis sesok tukuwo yo,
seng luwih apek soko iki.
Sule

: (Dg Pdne sule ngomong. . . . .)


iyyo. .gampang . . bisa diatur . .

Asri

: hallah . .!

Wektu mUleh sekolah. Suleman wis tekan ngomah. Terruss . . . .


langsung . . . .

Sule

: Pak, pak e tukok ne Hp! !

Bpke

: heh! Oppo! Nyerako rene!

Sule

: pak. Anu . .tukok ne Hp Pak. .

Bpke
nggo oppo.

: oppo! Tuku Hp! Meneh! Lha Hpmu seng kuwi arep kok

Sule
pijet layare. .

: iki. . .kurang apek,. . ungsume saiki Hp seng isohdi

Bpke
nyeluk ibuke. . )

: ( njane arep nganndani, neng ora kuwat, dadi bpke


Buk . . .! buke. . . .

Mboke
Bpk
Mboke
Sule

: yo. . kosek . . enek oppo to pak. .


: (ngei isyarat) kandanono anakmu kono . .!
: lLee . . ., ngene lho. Takkandani yo. Neng ojo kaget!
: enek oppo to Buk?!

Mboke
: piye yo( menghirup napas panjang. . ancangancang. .siap. .Yakk!) Bapakmu ki agaek eneng masalah eneg kantore,
eneng klienne bapakmu seng wis marai rugi perusahaan. .

Sule

: maksude . .

Mbkke
: yoo . . kowe ra iso tuku Hp. Bapakmu kapusan. . mulo
awake dewe kudu hemat , ra sah tuku sek ra penting. Omah iki, sesok kudu
ditinggalke, keluarga iki kudu golek omah seng luwih sedrhana . terus
omah iki. Di dol.
Sule
bangrut.

: OppO . . .!! OH tidak munggkiin . . .!!!- maksude

(Ngawaske drijine . . terus. .) ora urusan! Pokoke kudu tuku Hp! Titik!!
Bpke
: ( Brakkkk!!) We!!, ra sah ngeyel, mbok yo ngerti
keadaane wong tuwo sitik ngono lhooo!
Sule

: neng . . . neng . . ak aku. .

Bpke

: ra enek neng-neng an, pokoke kowe kudu hemat!

Sule

: asem!(lungo neng kamare)

Bpk

: we, ngopmong oppo kowe. . (lingguh)

Kurang ajar banget cah kuwi . .!


Bpk

: salahe soppo seng manjakke. . banget2

Bpke lan Mboke: (melepaskan napas panjang. . . siap. . yak .!) Haaa a a a a
a ....
..
.....

Bpke
ngono?
Mboke

: mboke, piye nek saiki ngejak sule neng ngenndi


: Lha neng ngendi. .?

Bpke
: wis kuwi rahasia. Pokoke celuken Sule, nek ora gelem
kondo wo arep di tukokne Hp.
Mboke

: yoo

........
Mboke
Sule
Mboke

: Sule, rene osek le. . arep di jak bapk mu


: yo ( moro) arep sido ditukok ne Hp to Buk.
: yo emmbuh, pokoke melu o bpk mu sek.
.......

Suleman karo Bapke numpak mobil neng ngendi ngono. Terus , Sule
mikir. . Lho kok aneh, ambune ngapusi iki. .
Sule
teku Hp to.?

: (miduk soko mobil), lho kok rene ngopo rene, ora arep

Narator: mesti do penasaran to iki neng ngendi, yo wis, wis saate tak
kandani. Asinooo. . iki neng perkampungan pemulung)
Bpke
: cobo deloken uwong-uwong kuwi. . saben dino kerja
keras gor dinggo Madang, awake dewe kudune ber sukur wis urip
kecukupan saben dino. Kowe kudune ngerti , uwong uwong iki ora saben
dino iso mangan, sok2 mangan mor nganggo sego aking. Tak kandani yo
lee. . urip ki ora mesti neng nduwur terus utowo neng ngisor terus. Nek
awake dewe tau sugeh, awake dewe yo kudu siap dadi mlarat. Ngerti. . .
Sule

: . . . . . ngrtos pak. .

Bpke

: ngerti tenan rak?!!


Dadi sido tuku Hp ra?!!

Sule
pak.

: mboten mawon pak. Pak . kulo nyuwun gapunten geh


Kulo pun sadar. .

Bpk
: lha ngono no, yo tak ngapuro, ra po po, neng
ndengaren kowe nganggo boso kromo karo bpk he le??!
Sule mikir nek sesok arep njaluk ngapuro karo Rege lan dadi koncone
meneh.
Esok wis teko, pas arepe bel masok. .
Sule

: Rege, !

Rege

: ngopo lee. Jarene ra pengen kenal meneh karo aku. .

Sule

: s sopo seng kondo??

Rege

: yo wis arep ngomong opo?!

Sule
ngejak salaman)

: ngene. . anu. . a aku . .njaluk ngapuro yoo . .(karo

Rege

: Ra! Ra nduwe ngapuro!

Sule

: Ha!

Rege
: Ora-ora, mur gojek, yo genah tak ngapurolah.
(nggegem tangane Sule)
Vega
: Lha mbok ngono. . mung konco kak mbiyen kok arep
mungsuhan. . ho oh ra Sri . .
Asri

: yo . . ho oh! Terus kowe sido tuku Hp ra?

Sule
ku lagi krisis. .

: Ora kok Sri. Eeem. . Bapakku kapusan. Saiki keluarga

Asri

: Oowwww

Rege
: Ho oh To Le, yo wis ra popo. Sante ae. Mesti enek
jalan keluare pokoke gawe kepenak ae. .
Sule

: Bener kondomu Ge. .

Teett. . .Teett. . bel mlebu

You might also like