You are on page 1of 3

Nama

No
Kelas

: Fachra Pravita
: 09
: XIIA6

Kleru
Pramono lan Westri lagi lungguh-lungguh nang ngarep omah...
Pramono
Wresti
Pramono
Wresti
Pramono
Wresti

: Dhik.. adewe iki wis telung taun, durung ana tandha-tandha bakal oleh
momongan. Aku iki wis kepingin banget mbopong bayi, krungu tangise
bayi..
: Mpun mas, sabar kamawon, ingkang wigati mboten kesupen ndunga.
: Iyo dhik, kui pancen kuncine.
Oiyo, tawarane Pak Kendar kae sidone piye?
: Manut sampeyan, mas. menawi mboten angsal nggih mboten menapamenapa
: Sakwise tak pikir-pikir, luwih penak nek awakmu bareng Pak Kendar, dhik.
Bener jare dhuwite sing kanggo ngebis bisa ditabung kanggo keperluan
liyane
: Alhamdulillah. Inggih mas.

Ing sawijining dina, isuk kui Pramono budhal arep mulang ngepit. Ora ngerti sangkan parane
bilahi, setang pite Pramono kesangkut kaca spione bocah sing arep sekolah. Durung bisa
tangi, sanalika pramono ketubruk pit monton sampek semaput lan pite rusak.
Ing rumah sakit..
Wresti
Bu Wardi
Wresti
Bu Wardi
Wresti
Bu Wardi
Wresti
Bu Wardi

: (cepet-cepet)
: Lho Bu Wresti? punapa kok dipunmriki? radinipun kesesa?
: Astagfirullah, apunten bu mboten mriksani panjenengan. Niki kula nyaged
prungon menawi mas paramono telas kecelakaan dipuntubruk montor
: Ya Allah, enggala ningalinipun mugi-mugi gelis mantun
: Inggih bu matur nuwun lajeng, punapa bu wardi enten dipunmriki? sinten
ingkang sakit?
: Lho, sampeyan dereng mireng menawi bu prawoto kersa dioperasi, amargi
keserang tumor ganas ing kandhungan
: Nggih sampun, kula titip salam nggih mugi-mugi gelis mantun
: Aamiin..

Telung dinten saksampune punika, Bu prawoto sing dioperasi durung wae sadhar.. ning
malah kapundhut sing Maha Kuwasa.
Pramono

: Sampeyan ingkang sabar nggih mas, sedaya sampun enten radinipun.


bokmenawi pancen sampun wancinipun piyambakipun seda

Prawoto
Pramono
Prawoto

: Aku rumangsa salah, No. Kudune nek aku nggawane luwih cepet dheweke
bisa cepet kejamon. Aku saiki ora krasan ana ngomah, kerep neng nggone
ibuk utawa rene
: Kula niki adhine sampeyan, mas. Menapa ingkang sampeyan kersa, samalih
kula saget mesti kula tulung
: Halah wis rasah dipikir, penting awakmu ndang sehat wae

Sasen-sasen Pramono ana rumah sakit, awake lara kabeh. Sing luwih nemen, saiki alat vitale
wis ora bisa fungsi. Prawoto isih ngurusi klebu kontrol menyang rumah sakit lan obate sing
ora murah.
Ing sawijining isuk...
Pak Danu
Pramono
Pak Danu

:
:
:

Pramono

Pak Danu

Pramono

Pak Danu
Pramono
Pak Danu
Pramono

:
:
:
:

(ana motor mandek ing ngarepan)


Assalamualaikum Nak Pram
Waallaikumsalam Pak Danu. Ngaturaken Sugeng, Pak, rawuhipun?
Slamet Nak Pram, sliramu karo garwamu Wresti rak ya rukun-rukun wae
ta?
Inggih sae-sae kemawon, Pak. Punika ugi nyambut damel kados adat saben,
tiyang liburipun namung pendhak dinten Kamis. Wonten punapa ta, Pal?
Syukur nek dha rukun. Ngene ya Nak Pram, dhek emben gandheng aku kui
ana kepentingan sing ora kena diwakilke, mula aku nusul anakku Sita sing
nyambut gawe ana Hotel Marga. Nalika aku lungguhan ana lobi hotel
ngenteni metune Sita anakku, aku weruh Wresti garwamu mudhun saka
mobil digandheng priya gagah mlebu hotel. Aku njur takon karo resepsionis
sing lagi ugas entuk wangsulan...
O... iku tamu sudah langganan kok Pak, seminggu-seminggunya pasti
datang, nggak nginap Cuma sebentar, dan kamar yang diminta pasti no. 30
Mula, Nak Pram, garwamu mumpung durung keblabasen..
Inggih Pak mengke kula takenaken. Matur suwun
Nggih sampun, aku bali ing sekolah ya
O... nggih nggih

Wresti sing biasane jam 4 wis ana ngomah ning iki jam 7 lagi teka.
Pramono
Wresti
Pramono
Wresti
Pramono

Wresti
Pramono

:
:
:
:
:

Yah mene kok lagi mulih, dhik?


Rapat, mas. Iki mau ndadak!
Rapat apa neng Hotrl Marga?
(kaget lan ora wani nyawang sing lanang)
Wresti, piye? Kowe isih arep selak? Mungkir? Kumbi? Kurang apa
percayaku neng kowe? Kendar sing dak arani wong becik, jebul kewan galak
sing kolu nguntal kowe. Delengen mengko Wresti, Kendar kudu mati saka
tanganku!
: Aja ya Mas.. aja! Apuranen aku! Aku ngakoni salah.., aku luput. Aku sing
kleru.. aku nyuwun pangapura Mas.. Pak Kendar ora luput, sing luput aku..
Aku wis slingkuh mas..., ning dudu karo Pak Kendar.. Mas, apuranen aku
: Lha jur karo sapa? Huh, wedok murahan, rucah, sithengan, dhasar kendho
tapihe. Karo sapa anggonmu tumindak? Cepet ngakuwa!

Wresti
Pramono
Wresti

Pramono
Wresti

Pramono

: (tiba glangsaran)
: Gage jawab karo sapa?
Jawabbbb!!
: Iya.. iya.. iya.. mas, aku tumindak karo Mas Woto ya kangmasmu. Aku
wanita lumrah, mas, sing mbutuhake nafkah batin. Mangka, mas..
panjenengan wis.. wis.. wis ora bisa maringi. Aku matur blaka mas.. yen
saiki aku.. aku.. aku wis ngandheg 3 sasi wijine Mas Woto. Aku salah..
Mas..
: MasyaAllah, dhik....
: Aku salah.. Mas.. akku luput.. aku nyuwun pangapura. Nek penjenengan
kersa paring pangapura, aku matur nuwun.. kanthi nampa kehananku sing
wis kaya ngene iki. Dene yen ora.. aku penjengan pisah, Mas Woto tanggung
jawab, saguh ngrumat aku,merga penjenengan pancen wis kepengen banget
kagungan putra
: Oh.. Mas Woto... Mas Woto....
Oh Pak Kendar...Pak Kendar... penjenengan ora luput, sing aku wisng kleru
ing pakdakwa

You might also like