You are on page 1of 2

Nama Kelompok :

1. Eka Meilani Setyaningsih (07)


2. Ester Krisdiyanti
(09)
3. Janatul Khoiriyah
(14)

PERPISAHAN KELAS 9D
Nuwun,
Bapak pangarsa SMP N 1 Karangawen ingkang dhahat
kinurmatan, Bapak pengurus komite sekolah ingkang kula
hormati, Bapak lan Ibu Guru saha staf karyawan TU
ingkang kula hormati sarta rencang rencang kelas 7,8
tuwin 9 ingkang kula tresnani.
Sumanggo kita sedaya ngaturaken puji syukur
dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun
maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kita
sedaya dumugi kita sedaya saget makempal wonten ing
acara perpisahan menika.
Kula wakil saking rencang rencang kelas 9D
ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng agengipun
kangge Bapak lan Ibu Guru ingkang sampun ngulang kula
lan rencang rencang kula. Mboten kesupen kula lan
sakanca ugi nyuwun pangapunten awit kula lan sakanca
ndamel Bapak lan Ibu Guru kuciwa, awit saking atur saha
solah bawa kula lan sakanca ingkang mboten mranani
panggilih panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak lan Ibu Guru sedaya kula lan
rencang rencang kedah nglanjutaken sekolah ingkang
luwih inggil, kula lan rencang rencang kedah saget dening
ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Mbok menawi cekap semanten kemawon atur kula,


wonten klenta klentunipun atur kula nyuwun agunging
samodra pangaksami.
Nuwun.

You might also like