You are on page 1of 1

SULUK DUMUNUNG ING TOYA

Anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IV.


DURMA
1. Kawruhana banyu telulas prakara, den wruh sawiji-wiji, kang dhingin punika, banyu batin
wastanya, kang dadi rupa puniki,ping kalihira, banyu layat puniki.
2. Banyu layat kang dadi napas punika, kaping tigane enggih, toya cara rannya, dadi urip
kewala, ping sakawan ponang / warih, toya wilayat, dadi swara puniki.
3. Kaping lima toya dat westane ika, dadi pangwasa nenggih, kaping nem punika, mani
westaning tirta, kang dadi budi puniki, pipitunira, banyu mukinat wening.
4. Gih puniku kang dadi pangucapira, kaping wolune nenggih, kang toya maniyat, dadi
pangambunira,kaping sanga ponang warih, mandiku rannya, dadi pangrungu iki.
5. Ping sadasa puniku wastaning toya, manikem ingkang warih, kang dadi paningal, toya
kaping sawelas, iradat westaning warih, kang dadi rasa, kaping rolas winarni.
6. Banyu mursal puniku araning toya, dadi cahya nelahi, malih kang winarna,jangkepe
tigawelas, toya matek ingkang nami, toya punika, dadi kaketek iki.
Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.

You might also like