You are on page 1of 1

Kanggo soal nomer 1 - 13

..
Nuju ari pasewakan Prabu Rama lenggah sinewaka
kaadhep ingkang rayi, Raden Lesmana, Narpati Sugriwa,
lan sawetara bala wanara. Kang dirembug murcane Dewi
Sinta. Miturut palapurane Jatayu, Dewi Sinta kadustha
dening Dasamuka raja ing Ngalengka. Raden Lesmana
duwe panemu, becike ditakyinake dhisik apa bener Dewi
Sinta dumunung ing Alengka. Banjur Prabu Rama utusan
Anoman supaya budhal ing Alengka.
Tekan Kraton Alengka, Anoman njujug Taman
Kaputren. Ing kono dheweke klakon nemoni Dewi Sinta
lan Dewi Trijatha, Anoman banjur ngaturake sesupe
kagungane Prabu Rama marang Dewi Sinta. Sawise
ngaturake ali-ali lan mangerteni kahanane Dewi Sinta sarta
entuk sisik melik bab kahanane kraton lan prajutit Alengka,
Anoman banjur pamit bali. Emane Anoman konangan lan
bisa dirangket dening prajurit Alengka. Anoman dirangket
lan disowanake Prabu Rahwana. Anoman dipatrapi
ukuman obong.
..
1. Crita ing ndhuwur iki, mujudake pethikan crita
wayang kanthi irah-irahan ....
a. Anoman Duta/Obong
b. Dewi Sinta Murca
c. Dasamuka Gugur
d. Ramawijaya
2. Watake prabu Dasamuka/Rahwana yaiku
a. setya negara
b. wicaksana
c. satriya utama
d. angkara murka
3. Prabu Rama milih Anoman kang kinarya dutane.
Tembung kang kacithak kandel tegese, yaiku .
a. kang dadi adhine
b. kang dadi balane
c. kang dadi kancane
d. kang dadi utusane
4. Anoman iku wanara sekti mandraguna. Tembung
wanara tegese .
a. buta
c. satriya
b. kethek
d. pangeran
5. Nalika semono Prabu Rahwana kasil ndustha Dewi
Sinta menyang Alengka. Tembung kang kacithak
kandel tegese, yaiku .
a. nggawa
c. nyolong
b. ninggal
d. nyilih
6. Nalika semana Prabu Rahwana kasil mboyong Dewi
Sinta. Lumaku menyang Negara Alengka liwat
gegana. Tembung kang kacithak miring tegese, yaiku
.
a. bumi
c. segara
b. langit
d. dharatan
7. Anoman diutus menyang Alengka kanggo .
a. ngobong negara Alengka
b. mboyong Dewi Sinta
c. mbuktekake dununge lan kahanane Sinta
d. ngajak perang Prabu Rahwana
8. Sawise tekan nagara Alengka, Anoman njujug ing
banjur nemoni
Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg
ukara ing dhuwur, yaiku .
a. Taman Alengka, Dewi Sinta
b. Taman Kaputren, Dewi Sinta lan Dewi Trijatha
c. Taman Alengka, Dewi Trijatha
d. Taman Kaputren, Raden Indrajit
9. Watake Dewi Sinta yaiku .
a. ngalem
c. purikan
b. apikan
d. setya ing garwa
10. Raden Lesmana duwe panemu becike ditakyinake
dhisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Alengka.
Ukara ing dhuwur ngemu pitutur luhur, yaiku .
a. becike yen ana kabar langsung dianggep bener

b. becike ora perlu percaya karo kabar kang dirungu


c. becike yen ana kabar digenahake dhisik bener/ora
d. becike yen entuk kabar iku langsung ditandangi
11. Anoman banjur ngaturake sesupe kagungane Prabu
Rama marang Dewi Sinta. Tembung kang kacithak
miring ing ukara iki tegese .
a. anting-anting
c. pusaka
b. ali-ali
d. keris
12. Dhuh yayi, aku ora bakal mbantah dhawuhe sang
Prabu Rama.
Pitutur luhur kang bisa dipethik ing ukara kasebut,
yaiku .
a. ora perlu wedi ngadhepi perang
b. tansah ngugemi lan nindakake dhawuh kanthi becik
c. gelem menehi pitulungan marang wong liya
d. ora oleh srakah
13. Prabu Rama arep mbedhag kidang kencana
panyuwune Dewi Sinta, mula dewi sinta dititipake
marang Raden Lesmana. Raden Lesmana prasetya
njaga Dewi Sinta kanthi tenanan. Tembung prasetya
tegese .
a. janji/sumpah
c. ngubengi
b. ngupaya
d. ngawat-awati
14. Tembung loro padha tegese dienggo bebarengan
supaya luwih katon bregas diarani .
a. tembung saroja
c. tembung garba
b. tembung dasanama
d. parikan
15. Tembung saroja ing ngisor iki kang tegese nyawa,
yaiku .
a. jiwa sraya
c. jiwa raga
b. jabang bayi
d. jala dara
16. Restu iku bocah kang jujur lan seneng tetulung
marang kancane.
Ukara kasebut klebu jinis ukara .
a. lamba
c. camboran raketan
b. camboran sajajar
d. camboran susun
17. Busuk ketekuk, pinter keblinger.
Saloka kasebut ateges .
a. kang bodho lan kang pinter padha nemu cilaka
b. wong duwe kekarepan kang mokal kelakone
c. wong sing sarwa kecukupan
d. ora diajak guneman nanging melu melu ngrembug
18. Panindak kang becik apadene ala, ing tembe mburi
mesthi bakal ketara. Ukara kasebut jumbuh karo
saloka .
a. cecak nguntal empyak
b. becik ketitik ala ketara
c. ati bengkong oleh ocong
d. gabah sinawur
19. Sawijining perangan kang kudu diempakake nalika
guneman karo wong tuwo, yaiku
a. solah bawa
c. unggah-ungguh basa
b. patrap
d. tindak tanduk
20. Kita kudu kendel nalika tumindak kita bener.
Tembung kosok balene kendel yaiku .
a. jirih
c. kumalungkung
b. wani
d. rewang
21. Siti lagi nulis karangan kang rowa saengga
mbutuhake wektu kang rada suwe.
Kosok balene tembung kang kacithak kandel ing
ukara dhuwur yaiku .
a. ringkes
c. padhet
b. cupet
d. cendhak
22. Menawi kita njagi karesikan lak nggih saged
ndadosaken lingkungan kita katingal edi peni.
Tembung kang kacithak kandel klebu sawijining
tembung .
a. garba
c. lingga
b. saroja
d. andhahan
23.
24. P

You might also like